29 Juni 2008

19. DHANDHANGGULA


  1. Kawarnaa jeng Sultan Mantawis, apan sampun ingaturan wikan, Jeng Ratu Pandhan rawuhe,s aha ungguling pupuh, Sunan Giri sampun jiodhi, binekta mring Mantaram, mangkana sang prabu, miyos madyaning pandhapa, ginarebeg sagunging pawongan cethi, sampet pacareng nata.

  2. Tan pantara kang rayi kaeksi, kangjeng sultan gupuh dennya mapak, tundhuk pinengkul janggane, kinanthi lapahipun, wusing lenggah caket sang aji, arum wijiling sabda, adhuh ariningsun, lakumu myang garwanira, ingsun utus ngendhakken pandhita Giri, apa padha raharja.

  3. Lakinira mengko ana ngendi, kangjeng ratu matur saha nembah, kakang prabu pangestune, mundhi dhawuh pukulun, amba miwah kangmas dipati, myang wadya Surabaya, sadaya rahayu, ingutus wus antuk karya, Sunan Giri ing aprang sampun kapilis, ing mangkya kula bekta.

  4. Laki ulun ngentosi neng jawi, cumadhong ing dhawuh sri narendra, jeng sultan utusan age, nimbali ipe prabu, Pangran Pekik sampun akerit, prapta ing palataran, (n)dhadhab mundhuk-mundhuk, lenggah konjen ing pratala, gya ingawe jeng pangran majeng wotsari, mangraup pada nata.

  5. Paha becik satekamu yayi, dene lagi sawatara dina, apa baya antuk gawe, jeng pangran nembah matur, dhuh gustiku kalipah Widdhi, musthikaning bawana, kinasih Hyang Agung, pangestu dalem narendra, kawula miyang abdi dalem Surewesthi, sadaya karaharjan.

  6. Nuwun ampun kawula tinuding, (n)dhawuhaken timbalan narendra, dhateng Sunan Giri Prapen, supadi ywa kadaut, kajengipun ingkang nalisip, tan ayun sumuyuta, ing pada pukulun, skawit patik piyambak, tanpa kanthi pinanggih Sunan Giri, pinuju pakempalan.

  7. Para kaum andher ngarseng resi, lawan wonten tyan china mualap, kalih atus prajurite, sampun Islam sadarum, lurahipun pinendhet siwi, ingaran Enrasena, saestu pinunjul punika ingkan amawa, kadauting tyasira sang maha resi, sinantosan tyang Cina.

  8. Ulun paripih sanganing aris, meh sadalu meksa boten membat, gebes tan wonten ature, pegeling tyas kalangkun, ulun mantuk datanpa pamit, enjinge mapak yuda, meh sadinten muput, wadya dalem Surabaya, pan kaseser giris pangamukireki, Endrasena prawira.

  9. Ing sasaged amba abolehi, meksa mopo miris ananggulang, wadya Giri pangamuke, tyas amba ngres kalangkung, sumpeg pepet kewan ing pikir, rayi dalem duk priksa, bilih amba minggu, tan wonten wenganing manah, ngandika rum dhateng amba ngasih-asih, mundhut lilah ngrarepa.

  10. Karsa mulihaken tyasing abdi, sareng rayi dalem angandika, inggaring tyas amba mangke, nyumanggakken sakayun, mung sdarmi (n)dherek kang abdi, anulya mundhut reyal, cacah wolungatus, busana maneka warna, pinaringken dhateng ing punggawa mantri, pipikul Surabaya.

  11. Samya enggar manahipun sami, prembik-prembik thukul kasuranya, jeng sultan asru gujenge, bacutna ariningsun, nuwun rayi dalem jeng gusti, kathah kang pangandika, nyenyes manis arum, kados majeng ngelmi nyata, agendhagan abdi dalem boten apil, panjang angandhar-andhar.

  12. Abdi dalem tyang sa-Surawesthi, sareng mireng ingkan pangandika, samya madeg kasurane, matur asenggruk-senggruk, aprasetya mawanti-wanti, sadaya ambeg pejah, nadyan lebur-luluh, tan gumingsir ing ngayahan, saya suka sang aji ngandika aris, mara yayi banjurna.

  13. Enjing lajeng tengara tinitir, rayidalem madeg senapatya, neng joli mangku pistule, kawula aneng pungkur, numpak kapal datan cumuwit, gelaripun ngayuda, garudha maniyup, kuli binusanan abra, dadya cucuk rayidalem dadya telih, prajurit Surapringga.

  14. Kang miangka gelar nganan-ngering, alimuan datan katingalan, amuk cucuk medheng-medhen, surak mawantu-wantu, wadya Giri lajeng miyosi, nir baya nir wikara, gupuh amanempuh, senapati Endrasena, sawadyanya tyang Cina wira ing jurit, rame campihing yuda.

  15. Pan kapilis wadya Surawesthi, ngungsi (ng)gyaning risang senapatya, rayidalem timbalane, lho kathik padha mlayu, aturipun boten lumaris, angencengi dandosan, Endrasena anglut, tandangnya lir. Radyan Seta, rayidalem mistul tangan tengen keni, pedangipun wus gagal.*)

  16. Maksih ngamuk dhuwung tangan kering, gya pinistul tanganipun kiwa, kabranan tangan kalihe, kantun suku myang gundhul, (n)jejeg (m)bijig lir menda baring, ger ginuyu wong kathah, ping tri ing pamistul, sukunipun kang kataman, lajeng dhawah sareng kerbeting**) suwiwi, wadya ing Surabaya.

  17. Angebyuki sangking kanan kering, waringuten wadya Surabaya, kadugen ing punagine, angidak ambeg purun, datan odhil wadya ing Giri, pepejah tan petungan, leseh sungsun timbun, kanthun kedhik ingkang gesang, mawut-mawut samya ngungsi jurang trebis, weneh minggah prawata.

  18. Endrasena luluh awor siti, wadya Cina tumesan sadaya, rayidalem minggah age, dhumateng ing kadhatun, prapteng jawi garwa sang yogi, umareg ngraup pada, asru tangisipun, nyuwunaken pangkasama, gesangipun lakinya pandhita Giri, sampun pasrah bongkokan.

  19. Tan suwala sakarsa sang aji, rajabrana saisining pura, sadaya deaturake, myang anak rabinipun, amung anak kang sangking selir, titiga estri juga, Jengresmi kang sepuh, ambeg mawiku sudibya, nuli Jayengsari taruna apekik, Rancangkapti wanudya.

  20. Tiga pisan ramening ngajurit, samya lolos amba wus kengkenan, ngupadosi katigane, ing samangke pukulun, Sunan Giri saha nak-rabi, myang sagung jajarahan, wus neng alun-alun, kawula nuwun sumangga, kangjeng sultan suka amarwatasiwi, aris wijiling sabda.

  21. Iya banget ing panrima mami, wiku Giri patut ingapura, ing samengko pangwasane, ing Giri sadaeku, sun paringken maring sireki, sagunge jajarahan, dadia darbekmu, jeng panran matur manembah, sakalangkun kapundhi sih paduka ji, kang dhumateng patikbra.

  22. Kangjeng sunan angandika malih, seje waktu ingsun yun apanggya, lan wiku Giri Parapen, ing mengko jekken manthuk, kang miruda si Jayengresmi, karepe ayun nandha, marang jenenghingsun, amung salamet tekadnya, tembe asung patilasan ing nagari, mumpuni ing kasidan.

  23. Jeng pangeran (n)dheku atur pamit, saha garwa mring Kasurabayan, wus linilan nulya lengser,s ang prabu angadhatun, kangjeng ratu kundur kinanthi, wus prapteng Surabayan, tan pisah sang wiku, sagarwa-putra pinarnah, pondhokira nglempak dadya wawiji, pan datan kawoworan.

  24. Paringdalem sungata lumintir, pinisalin sakehe boyongan, samya sukarena tyase, lir jagong amamantu, dadya bawan datan pinikir, ngluhurken asma sultan, satuhu pinunjul, jeng ratu amage brana, jajarahan dhumateng wadya gung alit, kasmaran tampi kucah.

*)Prayoginipun gigal=dhawah
**) Prayoginipun kebeting suwiwi

Tidak ada komentar: