15 Juni 2008

7. GAMBUH


  1. Wus lepas lampahipun, alap-alap prapteng Surengkewuh, laju maring Ngrarempah dhukuhireki, Pangran Pekik gupuh-gupuh, amethuk carakeng katong.

  2. Wus ingancaran lungguh, Pangran Pekik awacana arum, paman ulun atur pambagya basuki, Alap-alap matur nuwun, (n)dhawuhken timbalan katong.

  3. Jeng Pangran sowan ulun, pan ingutus rakanta sang prabu. Gusti Kangjeng Sultan Agung ing Mantawis, maringaken kang pangestu, mring andika sakaloron.

  4. Jeng pangran matur nuwun, sasampng maringken pangestu, dhawuh nata paduka dipun timbali, sagarwa putra myang wadu, ulun ingkang kinen (m)boyong.

  5. Jeng Pangran aturipun, adhuh paman kamayangan tuhu, dejeng sultan karsa nyaruwe wong pekir, ina papa aneng dhukuh, datan supena sajingklong.

  6. Tan suwala regengsung, kadyangganing sarah aneng laut, ing sakarsa jeng sultan ulun umiring, tan nedya sawaleng kayun, lumuntur dhawuhin katong.

  7. Ki Tumenggung duk ngrungu, ing ature manis amlas ayun, agresing tyas gya umatur ing sang Pekik, bilih marenken sang bagus, benjing-enjing lajeng bodhol.

  8. Jeng pangran wacana rum, sakalangkung prayogi man menggung, ulun lajeng tata-tata sapuniki, paman sakanca sadarum, prayogi rereh neng pondhok.

  9. Jeng pangran gya dhadawuh, marang garwa sakulawargeku, kinen samya pradadosan sadayeki, yun sumiweng mring Mantarum, ribut samya dandos-dandos.

  10. Ki Alap-alap gupun, nuding wadu nimbali tumenggung, Surabaya Ki Sapanjang kang wawangi, tan dangu anulya rawuh, Ki Sapanjang dhawuh katong.

  11. Jeng pangran sowanipun. mring mantaram bidhal sesuk-esuk, jengandika sawadya kinen umiring, sarta rumekso ing pungkur, kacekape kulo borong.

  12. Ki Sapanjang agupuh, paparentah mring sakehe wadu, abusekan sakeh wadya Surawesthi, wus mirantos sadayeku, enjinge anulya bodhol.

  13. Lon-lonan lampahipun, ing lamine lampah tan winuwuh, prapteng dhusun Butuh arereh saratri, kangjeng pangran dalu ngujung, marang ing astana Butoh.

  14. (n)Dedagan amanengkung, palaling Hyang wanci lingsir dalu, Pangran Pekik miyarsa swara dumeling, uraing swara sung tuduh, lah Ki Pekik karseng Manon.

  15. Wruhanta sira besuk, darbe putu jalu tur binagus, amandhireng nata gung ing tanah Jawi, ngreh wadya bacingah agung, nangin angalih kadhaton.

  16. Mring tanah Pajang iku, sakulone kutha prenahipun, aran dhukuh Wanakarta tembe dadi, praja Kartasura mashur, dene jujuluking katon.

  17. Jeng Susuhunan Mangku,-rat Senapati ing Ngalageku, Ngabdurahman Sayiding Panatgami, sepping swara kagyat wungu, ing wanci awaling Suboh.

  18. Miyose wus pingguh, lawan juru kunci tengga pintu. Pangran Pekik wawartos mring jurukunci, denyantuk wansit ing dalu, ki jurukunci anjongblong.

  19. Sinembah*) saha matur. sakalangkung bingahe tyas ulun, sukur-sukur alahamdulillahi rabil, Hyang Surya wus mungub-mungub, jeng pangeran lajeng bodhol.

  20. Datan kawarneng ngenu, wus angancik ing kitha Mantarum, ki tumenggung Alap-alap ngrumiyini, atur uninga sang prabu, sigeg gantya winiraos.

  21. Sang prabu ing Mantarum, ri tiningkil munggeng siti luhur, Panembahan Purubaya wus sumiwi, myang wadya bala supenuh, munggeng ngabyantara katon.

  22. Datan antara dangu, ki tumenggung Lap-alap mangayun, nembah matur ulun kinen animbali, Pangran Pekik Surengkewuh, mangkya wus sumiweng katong.

  23. Sagarwa putranipun, Ki Sapanjang sawadya tut pungkur, suka ing tyas sang prabu ngandika aris, lah uwa Purubayeku, kadipundi kang linakon.

  24. Mangke sadhatengipun, dhimas Pekik napa bekti ingsun, utawine piyangbake ingkang bekti, Purubaya nembah matur, kinanthet lawan suraos.

*) Prayoganipun anyembah.

Tidak ada komentar: