12 Juni 2008

4. MIJIL

1. Santun sarengatira Jeng Nabi, Muhkammad kinaot, mila Kangjeng Sunan Giri Prapen, lajeng tedhak mring Demak nagari, kumpul lan pra wali, mukmin miwah jamhur.

2. Wusing bedhah nagri Majapait, mekrad sang akatong, jro kadhaton tan ana isine, Sunan Giri nyelani dadya ji, mung pat puluh ari, nenggih laminipun.

3. anyarati supadi icaling, labeting karaton, ratu Budha gya jumeneng rajeng, musing antuk kawan dasa ari, Jeng Susunan Giri, masrahken kaprabun.

4. Maring Radyan Patah anampeni, wus jumeneng katong, aneng nagri Demak angrehake, ing rat Jawi Jeng susunan Giri, sarampungeng kardi, wus linilan kundur.

5. Sawusira risak Demak nagri, pindhah Pajang kraton, adipati Pajang kang mandhireng, mantu sultan Bintara mungkasi, ing Demak nagari, ngreh wadya sewagung.

6. Kangjeng sultan Pajang kang winarni, wusing madeg katong, karsa nyuwun idi mring Prapen, Kyai Ageng Mantaraman umiring, sagunging bupati, kebat tan na kantun.

7. Sultan Pajang sarawuhin Giri, kagyat ing tyas anon, pasanggrahan (m)banjeng aneng ngare, pra bupati kang samya sumiwi, ing Jeng Sunan Giri, pondhoke pinatut.

8. Sunan Prapen duk miyos tinangkil. Sulatan Pajang gupoh, asumewa sareng bupatya keh, lenggah jejer ngarsane sang resi, ingayap pra dasih, neng pungkuranipun.

9. Wusing pepak kang samya anangkil, sunan ngandika lon, jebeng Pajang di kapareng kene, sus alenggah caket lan sang resi, angandika aris, winor manis arum.

10. Putraningsun kang padha anangkil, ywa na walangatos, den narima marang ing papasthen, ing samengko ki Pajang dipati, ingsun wus ngideni, ing jumenengipun.

11. Sultan mengku ing Pajang nagari, sudibya kinaot, binanthara tan ana samine, babundhele ing satanah Jawi, kalipahing Widdhi, saru ajuluk.

12. Sultan Prawu Awijaya lewih, karsane Hyang Manon, neksenana pra sutengsun kabeh, atus paksi sakehing bupati, mangayubayani, dhawuhing sang wiku.

13. Nulya mundhut dhahar wus umijil, saking jro kedhaton, tinata ing pandhapa madyane, Sunan Prapen sultan Pajang tuwin, kang para bupati, wus bujanan kembul.

14. Sang pandhita angandika malih, dhuh pra siswaningong, sultan Pajang myang bupati kabeh, enggonira akekadang kaki, ywa salayeng budi, diatur arukun.

15. Raharjeng tyas sukur ing Hyang Widdhi, karsane Hyang Manon, ana kang tinitah dadi gedhe, ana kang tinitah dadi cilik, papasthening Widdhi, basane asnapun.

16. Datan luwih sun tetedheng Widdhi, anak putuningong, donya akir salameta kabih, kang sinabdan samya saur paksi, tutug dennya bukti, linorot mring wadu.

17. Sunan Giri tinarbukan Widdhi, waspadeng pangawroh, datan samar lalakon in tembe, ingkang tansah pinancer ing liring, Ki Ageng Mantawis, cahyannya umancur.

18. Angandika Jeng Susunan Giri, mring jeng sultan alon, jebeng Pajang lah ta sapa kae, baturmu kang mangan angereni, sapa araneki, kangjeng sultan matur.

19. Rencang amba patinggi Mantawis, nami karan enggon, angreh siti sadhomaskaryane, sang pandhita angandika malih, dhawuhana kaki, linggih jajar patut.

20. Lawan para siswengsun bupati, sandika kang kinon, Kyai Ageng Mantaram wus Jejer, heh sanggyaning siswengsun bupati, wruhanamu kaki, tutunne si kulup.

21. Kin Mantaram besuk wus pinasthi, angreh sakehe wong, ing satanah Jawa iki kabeh, nadyan Giri kene tempe ugi, ngidhep ing Mantawis, kyageng lajeng ngujung.

22. Konjen siti nenedha Hyang Widdhi, widadaning dhawoh, saha matur mring Sunan Parapen, sakalngkung sru nuwun kapundhi, lulusing sabda ji, tetepe kang wahyu.

23. Duh pukulun patikbra ngaturi, dhuwung wus mirantos, amung dadya pratandha yektine, sungkem amaba timbalan sang yogi, sunan ngandika ris, sun tarima kulup.

24. Nangin ingsun paringaken bali, apan kacariyos, samya resep pra dipati kabeh, aningali Ki Ageng Mantawis, raja pandhita di, gya mucung dhadawuh.

Tidak ada komentar: