14 Juni 2008

6. PANGKUR


  1. Yen uwis pamilihira, umantuka marang nagrinireki, ingsun sung raharjeng laku, marang ing sira padha, wus atiti kang serat nulya tinutub, Senapati angandika, lah yayi Surawesthi.

  2. Kadiparan karsanira, andikane panembahan ing Giri, mung yayi kalawan ingsun, kang tumraping nawala, kinen milih wadhah lawan isinipun, pundi to ingkang kinarsan, yayi miliya kariyin.

  3. Ulun narima tampikan, duk miyarsa Pangeran Surawesthi, ing tyas samana pakewuh, wusana angandika, kakang Senapati Ngalaga Mantarum, kencenge malah kawula, ulun milih kanang isi.

  4. Kakang kabageyan wadhah, Senapati Ngalaga ngandika ris, yayi kula wadhahipun, ingiih sampun narimah, duten Giri atas pamiyarsanipun, gya pamit mring panembahan, miwah mring para adipati.

  5. Panembahan Senapatya, sampun kundur maring nagri Mantawis, wong agung bang-wetan sampun, umantuk sowang-sowang, tan cinatur duteng Giri lampahipun, prapteng ngarsa atur sembah, matur solahnya tinuding.

  6. Dhuh gusti kawuninganan, putra tuwan Pangeran Surabanggi, kinen amilih rumuhun, mring Kangjeng Senapatya, Surawesthi kang pinilih isinipun, wadhahipun Panembahan, narimah atampi isi.

  7. Mesem Jeng Sunan ing Arga, wruhanira kodrat tan kena gingsir, basa wadhah nagri iku, isine apan janma, tembe nagri bang wetan kareng Mantarum,isi yen tan manut marang, ingkang adarbe nagari.

  8. Sayekti tan kena ngambah, yen ambadal sayekti tekeng pati, dadi kudu amiturut, marang kang duwe wadhah, enengena ing Giri ganya winuwus, nenggih praja-di Mantaram, Penembahan Senapati.

  9. Dennira jumeneng nata, laminira pan namun tigang warsi, lajeng puput yuswanipun, ginantyan ingkang putra, Pangran Adipati Anom ing Mantarum, jujuluk Jeng Susuhunan, Diningrat Anyakrawati.

  10. Amung kalih welas warsa, laminira jumeneng narapati, jeng susunan nulya surut, ginantyan narpatmaja, Pangran Adipati Anom ing Mantarum, jujuluk Kanjeng Susunan, Sultan Agung ing Mantawis.

  11. Prabu Anyakrakusuma, duk punika Pangeran Surawesthi, anyedahi pra tumenggun, mancanagri bang wetan, wusing pepak neng Surabaya sadarum, ngrembag arsa manut ing prang, ngrabaseng nagri Mantawis.

  12. Subiyantu abiprawa, pra bupati tan ana nhulani, enjing gya budhal gumuruh, sagunging balakuswa, kampir ngujung astana Giri Kedhatun, undure sangking astana, sowan ing Jeng Sunan Giri.

  13. Wus sepuh Jeng Sunan Arga, prapteng ngarsa jeng sunan ngendika ris, dhuh babo atmajaningsun, paran kang dadya karsa, dene padha tumeka ing ngarsaningsun, apa na karya kang gatya, Jeng Pangeran Surawesthi.

  14. Myang Dipati Singasekar, matur nembah mring Kangjeng Sunan Giri, apunten dalem sang wiku, amba myang para kadang wus sarembag arsa ngrabaseng Mantarum, nyuwun idi sang pandhita, miwah pangestu basuki.

  15. Jeng sunan aris ngandika, ing samengko pan durung mansa kaki, para bupati umatur, kang ambrih legaweng tyas ngidenana sang wiku paring pangestu, jeng sunan aris ngandika, mokal bedhaha Mentawis.

  16. Ing samengko wong bang wetan, malah padha ngnsia kang prayogi, tan wurung binoyong besuk, marang nagri Mantaram, Pangran Surawesthi tan kendhak tyasipun, myang sagunging para dipatya, wusing ngujung ing sang resi.

  17. Ngandika sang wiku raja, yen mangkono padha karsanireki den ngati-ati kulup, ingsun pasrah Hyang Suksma, legi pait ing tembe pasthi katemu, sanggyaning para dipatya, wusing ngujung sang aresi.

  18. Bidhal saha wadyakuswa, tan cinatur solahireng ngajurit, wasanira kaplayu, ungguling Ngesiganda, wong agunge Mantaram tan ana segu, para bupati bang wetan, palasaran undurneki.

  19. Ana kang tumekeng pejah, ana kanin ana kang nungkul aris, ing Mantaram saya mashur, kadibyane sang nata, kasektene para punggawa nung-anung, winongwong karatonira, kinasiyann ing Hyang Widdhi.

  20. Gemah ripah tur raharja, tata tentrem sagunge wadya alit, lumintu ganjaran prabu, sagunge pra dipatya, tyas raharja datan ana kang sakuthu, ajrih asih mring narendra, samya tuhu lair batin.

  21. Nahan raharjaning praja, yen ginunggung sawengi datan uwis, ing mangkya piruweng kidung, Narendra ing Mantaram, Sultan Agung Sri Anyakrakusumeku, lagya miyos siniwaka, pepak ingkang samya nangkil.

  22. Wadyabala myang santana, Panembahan Purbaya munggeng ngarsi, tan pegat tinantun-tantun, jeng sultan ris ngandika, inggih uwa Purbaya pawartosipun, Pengeran ing Surabaya, ing mangke pun sampun lalis.

  23. Kang kantun mung anakira, Ki Mas Pekik pambajenge kang siwi, uwa punika kersengsun, timbali mring Mantaram, ingsun arsa uninga ing warninipun, panembahan atutrira, punika langkung utami.

  24. Ulun umiring sakarsa, sri narendra pangandikannya aris, Alap-alap ingsun ututs, marang ing Surabaya, timbalan Pangran Pekik Surengkewuh, telas ingkang pangandika, jengkar anggambuh tinangkil.

Tidak ada komentar: