27 Juni 2008

17. MIJIL


  1. Datan (n)dimpe musthikaning bumi, rawuh sakarongron, apuranen punika dasihe, abdi dalem pandhita ing Giri, ywa tumekeng lalis, sru panuwun ulun.

  2. Sastunipun putranta ing Giri, katarik wiraos, keni bujuk rum manis tembunge, anglimputi utamaning resi, temah (m)bebayani, tiwas ing tumuwuh.

  3. Endrasena eblis angejawi, reraton neng dhepok, teka badhe ngembari dheweke, ing sang ulun kang mengku rat Jawi, satemah ngmasi, (ng)gegawa sang wiku.

  4. Putra tuwan saestune sepi, balela ing katong, lah punapa kang den andelake, dhuh jeng gusti saestu tur mami, den pracayeng galih, Gusti atur ulun.

  5. Pangran Surawesthi ngandika ris, aywa walangatos, lamun mengko wus eling atine, gelem nungkul marang ing Mantawis, atur pati-urip, mring Jeng Sultan Agung.

  6. Yen miturut nora sun pateni, lamun meksa wangkot, kari aran sak bjojo anake, tumpes tapis ing Giri sun radin, papak lawan siti, aja na mandhukul.

  7. Nora nyana nora ngira mami, yen dadi prang popor, sadurunge kalakon mangkene, akeh-akeh manira nuturi, teka tan ginati, minggu datan muwus.

  8. Aturana lakimu den aglis, yen sandeyeng batos, isih kenceng kan dadi karepe, isin mundur nglabuhi si eblis, nora ngman pati, suka tumpes lebur.

  9. Baya namung sagebyaring thathit, ing Giri wus luloh, menek uwus rumangsa lupute, gelem nungkul marang ing Mantawis, nuli konen mijil, aja nganggo dhuwung.

  10. Nembah mundur sang dyah prameswari, jeng ratu angantos, aneng jawi kalawan garwane, yata wau prameswari Giri, nung kemi padaning, risang raja wiku.

  11. Aturira dahat mamalatsih, dhuh jawataningong, rama tuwan kalangan garwane, Gusti Kangjeng Ratu Pandhansari, rawuh wus neng jawi, (m)bekta prajurit gung.

  12. Dhawuhipun dhumateng pun patik, gusti wantos, ywa kadaut paduka kasupen, bilih karsa nungkul mring Mantawis, tangel Pangran Pekik, ing rahayunipun.

  13. Slira tuwan sarwa putrabdi, tulus angadahton, aneng Giri saturun-turune, bilih datan makaten wus pasthi, risak prajeng Giri, tumesan sadarung.

  14. Jeng paduka tinimbalan mijil, dangu wus ingantos, yen taledhor bok dados dukane, pan dinalih ngungkebi si eblis, mangga sowan gusti, sampun ngagem dhuwung.

  15. Sunan Giri wenteh angengeti, tyarsa sumedhot, gugup tanggap ngrasuk busanane, datan ngagem curiga wus mijil, atateken ecis, mangsah munduk-mundhuk.

  16. Dupi prapta ngarsanya sang Pangeran Pekik, sasalaman gupoh, wusing salam angraup padane, marikelu mepes aneng ngarsi, lir konjem mring siti, ajrihe kalangkung.

  17. Angandika Jeng Pangeran Pekik, pungkasaning lakon, kadiparan karepmu ing mangke, keketogan aywa mindho kardi, endi kok antepi, mati apa nungkul.

  18. Lamun nungkul dak gawa saiki, marang nagrningong, sabojomu myang anakmu kabeh, rajabrana saisining Giri, sawadyanireki, aja na kang kantun.

  19. Sabanjure angidhepa maring, jeng sultan kinaot, ingsun ingkang bakal nyebakake, sang pandhita aturira aris, tan lenggana gusti, andeherk sakayun.

  20. Sampun ingkang dhumateng ing sakit, nayan prapteng layon tan gumingsir sumarah abdine, muhun nyadhong parenging narpati, amba angengeti, waweca ing dangu.

  21. Karsaning Hyang buwana binalik, luhur dadya asor, nanging datan ngicalekn lajere, kang paran (ng)gen amba sumingkir, pangran duk miraysi, angres galihipun.

  22. Ngandika lan hya sumelang kapti, ingsun kang tumanggoh, den pracaya marang Sang Murbeng reh, lah ta mara padandana aglis, lengser Sunan Giri, padandosan sampun.

  23. Wus samekta tan ana kang cicir, jeng pangeran bodhol, ing kang rayi wahana joline, Sunan Giri tinandhu neng ngarsi, lan garwa myang siwi, jinagan wadya gung.

  24. Wadya Suraweshti abibisik, marang sang wiranom, prayogine Sunan Giri mangke, yen sambada ing karsa jeng gusti, reh kaya papati, anggambuh prang pupuh.

Tidak ada komentar: