07 Agustus 2008

41. ASAMARADANA


  1. Raden kawruhana malih, prakara kang langit sapta, ana ing sira dununge, poma-poma dipunpirsa, langit kang ana sira, mara ngong jarwani kulup, den becik pidhangetira.

  2. Dhingin langit roh-jasmani, dene langit ping kalihnya, langit roh-nabadi ranne, roh-napsani kaping tiga, dene langit kaping pat, roh-rokani wastanipun, dene langit kaping lima.

  3. Ingaran roh-nurani, langit kaping nemme ika, roh-rabani ing wastane, langit kaping pitu ika, roh-kapi wastanira, anenggih ing tegesipun, langit roh satunggal-tunggal.

  4. Tegese langit jasmani, tinitahaken ing Allah, amepeki ing uripe, ana ing jasa sadaya, langit roh-nabati ka, amepeki uripipun, salire badan sadaya.

  5. Ingkang langit roh-napsani, amepeki ingkang karsa, karepe badanne kabeh, langit rho-rokani uga, mepeki ngelunira, sakehe badan sadarum, langit roh-nurani ika.

  6. Amepeki cahyaneki, sakehe badan sadaya, langit roh rabani raden, amepeki adhipira, ingkang badan sadaya, lang langir roh-kapi iku, pan pepak pasrahing badan.

06 Agustus 2008

40. PANGKUR


  1. Dhingin kang ingaran tapa, anarima shing Hyang Suksma jati, apa karsane Hyang Agung, apan anut kewala, anglir sarah aneng satengahing laut, apa karsaning parentah, kawula teka nglakoni.

  2. Ping pindho ingaran tapa, geniara iku dipun lakoni, anadene artinipun, malebu ing dahana, yen kabrangas ing ujar iku den teguh, yen denucap ing tetangga, mapan tan nedya gumingsir.

  3. Kaping tiga banyuara, tegesipun punika tapa ngeli, mapan anut ing pitutur, rembuge pawon sanak, lan nasabi ing wong kawiranganipun, iku laku kang utama, wong awas ing Suksma jati.

  4. Kalawan kaping patira, tapa ngluwat amendhem jroning siti, iya iku tegesipun, aja ngatokken uga, ing becike awake dhewe puniku, miwah lawan lakunira, pendhemen dipun aremi.

  5. Kalamun ta malihira, dipun andhapasor sareh ing budi, den kalah*) ing parapadu, utamakna ing lampah, iya iku wong bekti marang Hyang Agung, iku aranne wong lanang, iya wong menang prang sabil.

  6. Iku ganjarane benjang, cinacadhang manggon ing sawarga-di, ingkang dahat adiluhung, kang aran Darussalam, sarwa muwah adi-adi sakalangkung, pan sampun karsaning Allah, kang duwe wong aprang sabil.

  7. Wong aprang sabil punika nora lawan si kopar lan si kapir, sajroning jajamu iku ana prang Bratayuda, luwih rame ayuda pupuh pinupuh, iya lawan dhewekira iku jatine prang sabil.

  8. Sampune amenang aprang, nuji ngancik ing nagri Maespati, amboyong Kencanawungu, nuli jumeneng nata aparentah**) sakathahe para ratu, datan ana kang amalang supami jumeneng aji.

  9. Iku poma ala poma, aywa mamang manahira sayeksti, poma setyana iku, ujar kang dhingin uga, den prawira anganggit sajroning kalbu, iku laku kang utama, tan ana ingkang nyameni.

  10. Lawan malih atakona, sampurnane ing niyat lawan takbir, miwah sahadat punika, kalawan yen sakarat, poma raden punika tan dipun antuk, lawan sampurnaning pejah, takokna dipun patitis.

  11. Pan lilima kathahira, gurokena iku dipun mangerti, iku sampurnaning kawruh, poma ta dipun angsal, iya iku sira gurokena kulup, yen tan amuruk mangkana, dudu gurumu sayekti.

  12. Yen sira ayun unginga, bumi pitu lah reden sun jarwani, kang dhingi bumi rannipun, ingaran bumi retna, kaping pindho ingarang bumi kalmu, bumi jantung kaping tiga, pan kaping pat bumi budi.

  13. Lawan kaping limanira, ingaran bumi jinem sayekti, lawan kaping nenemipun, ingaran bumi suksma, ping pitune bumi rahsa arannipun, iku wajig kawruhana, tegese sawiji-wiji.

  14. Ingkang aran bumi retna, tegesipun dhadhanira pribadi, bumining manungsa luhung, iku gedhong kang mulaya, ingaran astaning Islam iku, lawan kaping kalihira, bumi kalbu denwastani.

  15. Bumi kabu tegesira, astane ing iman kang sajati, kaping telu bumi jantung, iku ta ingaranan, astane anenggih sakehing kawruh, lan malih kaping patira, ingaran bumi budi.

  16. Bumi budi tegese, astanane ing puji lawan dhikir, lawan kaping pimanipun, bumi jinem tegesnya, ingaran astanane sih satuhu,lawan kaping nemme ika, bumi suksma den arani.

  17. Utawi kang bumi suksma, iya iku astanane ing ngelmi, nenggih kaping pitunipun, ingaran bumi rahsa, bum rahsa apan iya tegesipun, astaning***) ing paningal, asmaradana gumanti.


*) Prayoginipun den ngalah
**) Prayoginipun amarentah
***) Prayoginipun astanane

05 Agustus 2008

39. DURMA


  1. Lawan malih raden sira kawruhana, pan ana kawruh malih, crita Wringin-sungsang, wajibe kawruhana, anggiten dipun sayekti, sajroning mana, lan angger ngong jarwani.

  2. Wringin-sungsang wayahira tumaruna, luhur tan ngawruhi, panjere satunggal, tambenipun sekawan, pupusipun mung sawiji, pange sakawan, wohe retno-di luwih

  3. Kulitira kang wringin kancana mulya, daging kumala adi, otote sosotya, babalunge kalpika, sungsume motyara luwih, uwiting wreksa, iman wujud kang pasthi.

  4. Lan malihe kaki tengah kawruhana, lalima kathahneki, ingkang aneng tengah, aran peksi-dewata, anadene kang angapit, peksi sakawan, iku wajib ngawruhi.

  5. Poma-poma angger sira kawruhana, apa asalmu dhingin, iku kawruhana, asal sangking punapa, miwah benjing lamun mati, endi (ng)gonnira, lawan marganing pati.

  6. Lamun malihe raden sira kawruhana, wastane kang waringin, lan pancere pisan, lawan tambining ngepang, pupuse lang wohe ugi, apa arannya, wajib sira kawruhi.

  7. Lamun mati kang nyawa ngendi marganya, apa ta metu kuping, apan suker ika, apa ta metu netra, iku pasthi moler kaki, yen metu sirah, pasthi pecah kang reksi.

  8. Lamun metu ing embun-embunan radyan, kang pasthi bolong kaki, lamun metu grana, yektine jember uga, lamun metu cangkem najis, lan ngendi baya, margane lamun mati.

  9. Lamun metu ing jubur langkung najis ya, yen metu puser ugi, pasti bojot ika, lah ngendi ingkang marga, lamun ing wulu kang margi, lah iku mokal, marga kalangkung rungsit.

  10. Lah ta raden angger sira tetakona, liyane marang mami, kabeh takokena, purwa madya wasana, takokna dipun patitis, asraha badan, ngaturna pati urip.

  11. Lamun mati apa ta ana ngakerat, prenahe kerat ngendi, takokna den angsal, aja angayawara, dipun weruh ing sajati, basa ngakerat, enggon wong agung sisip.

  12. Anadene enggone wong kang sampurna, tan doyan tan ing ngakir, aneng Darussalam, enggon wong agung mulya, iku gurokna sayekti, ing Darussalam, iku suwargi ening.

  13. Tegesipun kang Darussalam punika, wujud mukal kang pasthi, iku gurekena kang aran wujud mukal, yen tan weruha sayekti, angur si kopar, karuwan mati garing.

  14. Lat ta iku raden sira gurokena, lah poma dipun olih, kalamun oleha, ing guru kang wawarah, silema ironing jaladri, upama nira, ywa toleh anak rabi.

  15. Yen pepeka ing wejang guru kang pasal, temahan mati kapir nuli labuhana, sejange gurunira, labuhan kawan prakawis, aywa kawuntar, tapa kawan prakawis.

04 Agustus 2008

38. ASMARADANA (2)


  1. Pangeran Palembang angling, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, tegese Allah punika, Allah ingkang amurba, angurip Mahaluhur, amisesa purba dhawak.

  2. Prabu Satmata mangkya ngling, ambabar kang pangawikan, sami lan Allah purbane, kang ngawruhi iya Allah, kaping kalih nur badan, kaping tiga rasul iku, kaping pat Datollah ika.

  3. Seh Siti Jenar mangkya ngling, ababar kang pangawikan, asembah ing Allah ingong, sujud rukuk padha Allah, sembah sinembah Allah, ingsun kang amurba iku, kang misesa ingsun uga.

  4. Wali sadaya mangkya ngling, Siti Jenar Kadariyah, katerasan iku linge, Siti Jenar sigra ngucap, adoha yen benera, ingkang perak iku embuh, iku Allah supayaa.

  5. Prabu Satmata mangkya ngling, iku jisin Siti Jenar, Seh Lemah Bang mangkya linge, raga jiwa den micara, padesane dentilar, Allah kang anglela iku, sakarsanipun wisesa.

  6. Wali sadaya samya ngling, salah sira Siti Jenar, dene angaku badanne Allah badan Siti Jenar, tan langgeng aneng dunya, Siti Jenar iku luput, tembe mangke ngaku Suksma.

  7. Pan wonten lakone nguni, sami ambabar sosotya, sampun aling-aling kang wong, sami amiyak warana, aja na salah cipta, kene yen warahen dudu, anging panggah Siti Jenar.

  8. Prabu Satmata mangkya ngling, Seh Lemah Bang kamanungsan, sanak pakenira kabeh, tan beda lan pakenira, nanging sampun anglela, manawi dudi klurung, akeh wong kang anggegampang.

  9. Kathah wong kang tanpa yekti, tanpa yun angguguruwa, akeh kang (ng)gegampang kang wong, dene warta atimbalan, sajatinipun wikan, dadi tan arsa (ng)guguru, awirang yen ta takona.

  10. Seh Molana samya prapti, sakathahe Aji Cempa, pinereg ing masjid gedhe, mapan kantun wali sapta, samya (m)babar sosotya, tan prabeda kang rumuhun, Siti Jenar ingandikan.

  11. Seh Molana mangkya angling, Siti Jenar nama tuwan, Siti Jenar mangkya turre, ingih Allah jenengamba, nora na Allah ika, anging siti Jenar iku, sirna Jenar Allah ana.

  12. Molana Ngaribbi*) angling, kapkir dadi Siti Jenar, Aji Cempa angling alon, kapir dana Siti Jenar, Islamipun indalah, kapir danas wong puniku, punika kapir sampurna.

  13. Molana Mahribi angling, suhunan (n)daweg winejang, masjid dalem suwung kabeh, ana bekti ana ora, temah ngrusak agama, aggegampang temahipun, kang salah (n)daweg pinedhang.

  14. Seh Siti Jenar mangkya ngling, (n)daweg sampun kalayatan, lawan swarga menga kabeh, Siti Jenar sinerampat, dening kaum sakawan, Seh Lemah Bang sampun khukhum**), pinedhang tatas kang jangga.

  15. Titiga sabate sami, apan sedya pinejahan, samya prawira Khukhum**)e, titiga samya anedya, anebut Subkhanallah, wonten rare angon wedhus, sigra amiyarsa warta.

  16. Siti Jenar wani mati, kasusra angaku Allah, punang rare angon age, lumayu asumbar-sumbar, amareg mring ngayunan wonten Allah kari iku, katungkul ya angon menda.

  17. Prabu Satmata mangkya ngling, rare iku kudu pejah, khukhum**)ena aja suwe, sandhingena Siti Jenar, angling Ki Siti Jenar, sandhingena lawan ingsun, aywa adoh ingsun gawa.

  18. Ponan rare angling aris, sampun (n)dika kalayatan, rare cilik sru tangise, age tumuta pralaya, wus menga lawang swarga, pinedhang janggane sampun, mesem rare angen menda.

  19. Jeng Suhunan Ratu Giri, nora kira Siti Jenar, maksih wutuh reragane, tigang dina gilang-gilang, tumulya uluk salam, kantuna andika ratu, Siti Jenar nulya ilang.

  20. Tan kari sabatireki, sadaya wus samya ilang, miwah rare angon mangke, datan kantun melu ilang, sadaya sampun sirna, gawok sakeh kang andulu, dhumateng Seh Siti Jenar.

  21. Tuturku kang wus kawijil, Seh Lemah Bang wus anyata, katon kandel kumandele, nanging pilih kang abisa, kadi Seh Siti Jenar, akeh mandheg aneng catur, pinentog mundur plarasan.

*) Prayoginipun Mahribi
**) Prayoginipun khukum=kaukum

03 Agustus 2008

38. ASMARADANA (1)


  1. Rahadyan sanget gung kingkin, miyarsa andikanira, wasi kawiswara kaot, wus lami neng Panegaran, ngentek piwulangira, dhasar lantip sang abagus, sakep atampi piwulang

  2. Saya tebih dhabar guling, Gathak Gathuk eca ing tyas, Kawiswara ngandika lon, kulup ywa dadya tyasira, ingsun tan pisan-pisan, risi kanggenan sireku, amung supaya wuwuha.

  3. Kawruh utamining urip, tumekane ing delahan, angidulla bener angger, marang ing Salamet arga, kono ana satriya, atmaja sri Majalangu, nama Seh Sekardelima.

  4. Dhepok ing Salamet wukir, wus manjing agama Islam, Sunan Tembayat gurune, sinepuhan Jeng Suhunan, Adi ing Kalijaga, aran wong bisa ketemu, yen datan lawan nugraha.

  5. Mangkata sedheng kang wanci, rahadyan angaras pada, saha aturira alon, muhung pangestu paduka, kawula darma lumampah sangking pituduh, tuhu tan darbe kuwasa.

  6. Wau mesem sang maharsi, kulup ing pangestuningwang, Gathak Gathuk awotsinom, kawula anyuwun barkah, pinaringana kuwat, (n)dherekken wayah pukulun, angsala idin pandonga.

  7. Iya kenang sun ideni, muga kinuwatna ing Hyang, rahadyan sampun lumengser, linggar sangking Panegaran, lajeng ing lapahira, Gathak Gahtuk tanseng pungkur, wus ngancik sukuning arga.

  8. Sumawuring sari-sari, ganda arum amrik ngambar, gantya ingkang winiraos, ing dhepok Salamet arga, masjid munggul katingal, asri busananing gunung, taru-tarunya tinata.

  9. Sasekaran angubengi, toya wening tinalangan, pating sareweh iline, mangungkan talaga dibya, ngunguwung lirab-lirab, wau panembahan gunung, lenggah tepining talaga.

  10. Ingadhep abdi kakalih, Ki Maklum lawan Ki Sabar, eh Sekar ngandika alon, Sabar Maklum den agepah, ing langgar resikana, bakal ana tamu, utama calon olia.

  11. Sabar Maklum mundur aglis, ing langgar wus ginelaran, Seh Sekar gya kondur alon, ngalela lenggah ing langgar, rahadyan wus katingal, ingawe sang wiku gupuh, radyan anungkemi pada.

  12. Pinangkul keinempit-kempit, arum wijiling kang sabda, slamet satekamu raden, mrelokken mring dhepokingwang, banget sukaning driya, radyan nembah saha matur, pangestu dalem kang mulya.

  13. Seh Sekar ngandika malih, kulup kywa sadaya-daya, ing pangarah dipun sareh, mung ywa pegat ing paminta, lumintu ingkang lampah, yen pinareng wektunipun, bokmanawa katarima.

  14. uhunan ing Bayat nguni, sung carita marang ingwang, eyangmu buyut kalane, kumpulan lan wali sanga, samya (m)babar sesotya, trusing ngaji pan akumpul. aywa ana parebutan.

  15. Kinarya gita ing kawi, ing Giri Gajah enggone, tatkala aguguneman, para wali sasanga, ing Argapura (ng)gennipun kadhaton ratu agama.

  16. Wali sadaya tinari, dennira Prabu Sarmata*), Suhunan Benang tinaros, myang Suhunan Kalijaga, Suhunan Ngampeldenta, Suhunan Kudus tinantun, kalawan Seh Siti Jenar.

  17. Seh Benthong rumut tinari, sarta pangeran Palembang, Panembahan Madurane, aseba mring Giri Liman, angling Prabu Satmata, sukur pepeg anakingsun, sami limuta kaliman.

  18. Sadaya tunggala kapti, sampun wonten kang sulaya, arempega kang wiraos, sami ababar sosotya, sami miyak warana, sampun wongen masang semu, den anglela den tetela.

  19. Jeng Suhunan Benang angling, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, dat sipat apngaling Allah, nyata ing kalbu amba, Datollah kang amurbeku, mesesa ing dhewekira.

  20. Jeng Suhunan adiluwih, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, iya sadar jenengamba, iya jenging purab, iya Alah Sukma Subur, jeneng urip lawan jagad.

  21. Jeng suhunan Giri-westhi, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, imam urip lan nugraha, budi uriping Suksma, urip sara Allah iku, mangkana ing kawruhamba.

  22. Jeng Suhunan Kudus angling, ambabar kang pangawikan, Roh wajib ing imaningong, cahya mancur kadi surya, mijil sangking prabawa, amartani lapahipun, anguripi ing sajagad.

  23. Penembahan Madura ngling, ambabar kang pangawikan, aran kanugrahane, kundhi Allah ta punika, tegese kundhi ika, nabi Allah jatinipun, jinaten ing nama Allah

*) Ugi kasebut Prabu Setmata

02 Agustus 2008

37. KINANTHI (2)


  1. Kertya pakarti katutur, titir pamantara titi, tatas pandining walgita, tan pegat amagut kapti, kaptine ingkang kampita, pitaya den pitayani

  2. Yen ing tyas pan aywa tambuh, bubuhanne wong ngaurip, angarep-areppa karya, karyane sawiji-wiji, wijining puruitaa, ya asthaguna kinawi.

  3. Kawining Hyang Endra laku, ngudannaken wangi-wangi, angresepi sabuwana, kawaratan ing mamanis, menuhi manah madada, moneng manengku ngenani.

  4. Kawining Hyang Yama laku, madhendhakrama tan yukti, ya maluma lwir ya pejah, durjana gelahing bumi, nadyan braya wani ngambah, binubuh pinrih ing pati.

  5. Kawining Hyang Surya laku, ngingsep toya tan katawis, rereh ririh tan rekasa, rasanne tan ngeressi, resik lumintu atata, santyasa ngatiyati.

  6. Kawining Hyang Candra laku, ngasuk ngasepi sang bumi, komala mredu katingal, guya-gutunya mamanis, lir tetessing martotama, resep marang para resi.

  7. Kawining Hyang Bayu laku, anginte sagun pakarti, cuddining rat kinawruhan, sawicara denkawruhi,ya dibya guna kagunan, dinunni saari-ari

  8. Kawining Kuwera laku, anginte sagung pakarti, buddining rat kinawruhan, sawicara denkawruhi, ya dibya guna kagunan, ginunni saari-ari.

  9. Kawining Baruna laku, ngagem sanjata ngapussi, sagung kang olah durjana, jinajahan sinalisik, sinalasah cinepengan, amempeng dennya ninitik.

  10. Kawining Hyang Brama laku, anggesengi ripu tapis, galak ring ripu lwir singa, kang kinangsah sirna gusis, murub warata kataman, tamannira aneng geni.

  11. Nahan ta guna ginunggung, suraku rumekseng bumi, bumi ginora warana, lana gineneng pinusthi, sesthaning butaning ngolah, ulah sesran musran muni

  12. Aywa neher ing paniru, angalappa saraganing, Sruti titikanning kangap, kadhapping kilap ngulati, Islam mapan janma tama, kang kapir prandening sesthi.

  13. Asthabrata kang linaku, kelakon pangolahneki, pundi antuk kalah, lan lakune Buddha nguni, beda budining manungsa, akawih ingkang linewih.

  14. Maluya laya anuntur, linanturaken pakarte, Jayengrana pinandhita, ing palagyan palunggyaning, byuha tarien wekasningka, tapa kaluhuran dadi.

  15. Legaweng pati ring ripu, pratapanning kang prajurit, sor tapaning kang pandhita, tapa tapaking jayanti, antyastya pramukyeng tapa, tapa (ng)graning gunung wesi.

  16. Sinembah ing ngalapa gung, singgih yen sirarsa jurit, den prastawa ing sopana, ing bubuka purba titi, titika denkatalika, tutula tinali-tali.

  17. Agama pan sedya ayu, pagahen padhanging pati, aywa ta kaselan meda, dumadya amangguh westhi, nadyan ana hru sayuta, sedya yu pan denpayungi.

  18. Ing agama payungipun, rineksa tebih ing westhi, dyajan ta anut ancala, bubuka ywa ngaruhunii, ruhanana ywang wus pingsal, asapenet gan yen uwis.

  19. Ana (ng)gyanya tindak-tanduk, ing swara asywa dumeling, aywa liyan kang karengya, munga sang nata pribadi, dennira angadu laga, mawastreng papan makangsi.

  20. Bubuhan kang aneng ngayun, tempuking ayuda pan wis, panarcayan mring sang nata, mangsa kaguha ing jurit, sang nata nata ring wuntat, tan patya keh kang umiring.

  21. Mung kanan kering myang pungkur, sawega prayitneng westhi, manawa na katelayah, raganing turangga mregil, tutulunga teka wangwang, ginantya bala toh pati.

  22. Yeka palayarannipun, ring atapa gunungwesi, tan kacaryan tan kawuryan, ring dadi dadining bumi, sastakasa myang riringa, pan purbawisesa jati.

  23. Tan ana lara myang lampus, urippe sangking Hyang Jati, Karana tan takut ing prang, nistha madya utamaning, mantri lingling kina-kina, kinenan malah ing mangkin.

  24. Nisthaning mantri winuwus, yen kawawas lena dhingin, lena kari wadyanira, madyaning mantri yen mati, bareng lawan wadyanira, utamanireng kang mantri.

  25. Yen ing bala ngarsa gempur, tulung ngadegken jemparing, mangsa mangke dadya warta, yen amungun jareng jurit, nistha madya utamanta, mantri ngmasi rumiyin.

  26. Ing lelakonne keh kantun, kaputungan tyas kang nulis, sepi supene kang bawat, tumanduk lamun udani, telasana sanggamu, ywa, dening tanduk tan nindaki.

  27. Lwir tarbuka rupanipun, cundhining rat anjajagi, tan mangra mantreng sarira, purwaning amenggel kawi, kinayah kayuh bawamba, abuning rat ing saricik.

  28. Ing angga akarem liwung, ing pangiwa angenani, tulaten namung pinampar, tan wrin cacden ing sami, sanepaning pasang sewa, sinawwa tan suwawi.

  29. Wiyangga wuyungan kalbu, buhana tandha saben ri, rumaras ywan tan mangguha, uguhing kidung tinampi, nampingana mangka dadya, dadya dawaning murwani.

  30. Nimpeni dadi sinamun, namun dana tanpa mijil, pinunjal tinujel suka, suka ringa manggel kawi, kawisesa budyadarma malangun dadine bumi

01 Agustus 2008

37. KINANTHI (1)


  1. Minangka murda satuhu, tanpa angenaki ati, tama liriing panataran, rantara sesalwirning, sarehning ingkang dumadya, wlasa singa nuwa-nuwi

  2. Sreda purai ngasamun, samanning sila nagari, aminta sihing ngamarar, awlas asih ring pagimi, unggyannira ngamatirta, cipta mantep marang Widdhi.

  3. Durung dadi lamun durung, darana ring daruning, sakarsa karseng pamasa, satibane kang tinuding, beda pandumming budaya, dayaning (n)donning dumadi

  4. Kahenengena manengkung, amaladdi samadinning, anegessa karsanging Sang, Amurweng Paningal jati, tingalena maklamullah, malah maluya ywa lali.

  5. Lelakone kang kaluhun, alin-alin denkalilin, lelenga aywa kaalan, ywa lalu atmah lali, kalunta-lunta kalintang, tan wiyang mayanga westhi.

  6. Isthaning anga kagugu, gupita jeg agagappi, aywa gugup ing nalika, nalarrira den alirih, rereh ing pangarah-arah, arahen aywa ngurangi.

  7. Nguranggana ing pangrungu, ing reh aywa nguring-uring, yen miro tmah memirang, amerang amurang niti, titika denkatalika, ywa nunulak tutulan-cik.

  8. Becik rengkuhen pamengku, kumawa ing agal alit, den amulat ing leleta, ywan ingandel dendumeling, (n)dulu ulah karawitan, wittipun tan ana malih.

  9. Sangking kakawin myang kidung, kadi kadang anjarwani, ing sarekaning kalangyan, langening kang milangonni, nglonggana haywan tantara, tariken yen ana luwih.

  10. Miwah ungguhing raras-rum, rumarah murang ing kawi, sesandinig sang kendriya, rekaning kawi kawiddhi, kawiddhi ing widhayaka, ya karana sang siniwi.

  11. Wah tahet babah binarung, ring kasidaning dumadi, dana kariyin denarah, kasantikan wus kawuri, kasudarman tyas mardawa, den manuh manah mamanis.

  12. Manah prenessan ywa kunus, dennira amasang mesi, masalahing sumpet karsa, karsa sineser tan osik, mustika tinon aywa sak, sasat simpen karsa suji.

  13. Ring sojar aja anjujur, kolina kilat ngalingi, tan wring naya ringa mawas, wakitha awangsulanning, yen tan angling den amemma, den amemes ing pangungkih.

  14. Ywa taha berguguk lugu, kaya gopala kapilis, kapelang kapelak-pelak, palenggahe agaligir, wigar agalagar, nganggur tan egaring galih.

  15. Palaning wong ambasengut, ulatte anginggit-inggit, wacana butheking netya, netya ala tan kailir, kelu kalessan ng muka, mengku ala nir pokalih.

  16. Ing wacana yen anuju, pasamuwan srawunganning, dipun sambada ing tembang, manawa katambang balik, denkacakup ing pangucap, titika dipun katitik.

  17. Patitike ywan wus putus, pan wus cinariteng Sruti, sru trep tita ing purwaka, mangka kenging anganggepi, ing cipta ya dyan patutta, ing tembang sambang manawi.

  18. Ana wadi kang sinamun, sinuksa sari-sarining, buhana sabawaning tyas, lair ing tyas kang nampani, nyataning tyas aneng naya, naya netya kang nampani.

  19. Sawadining wardayeku, ing netya pahemanneki, ing wacana (ng)gonning wedhar, sidayaka dayeng wadi, widigda ing ciptamaya, mayana mayaning kapti.

  20. Ati akapti kumudu, asihana ing sesami, witting raga kanasiyan, pan sangking raga pribadi, pribadi asiyeng raga, kadulu dalan dinalit.

  21. Paesan ing sarireku, amberat ingkang kaeksi, nir tasitaning akathah, pangehna ing sarireki, sarira paran bedanya, ambawa ambawani.

  22. Ingkang kadi mangkoneku, endi ulun amurwani, ing paniwi wamangkana, ana pae nupa bumi, dera ngimpun prih sadaya, pan wus jenengin narpati.

  23. Kinasihan ing reh aru, saharja mangakumeki, amiluta ambek ing ngrat, rat karaktettan padha sih, linulut ing lokajana, jeneng kasarjana sami.

  24. Sarat rinaharjeng kayun, mawarah-warah reh aris, tanpa karsa pagehana, kengang murwa angarjani, klitir marang apapa, papa telutuh siningkir.

  25. Mikara kang sikara dur, nimitnya-mitya sajati, juti sajatining mita, siyasat lir sagaragni, genengan kathah isininya, sarira tanpa welang ngling.

  26. Sesumbanging ngrat kasumbung, sesining tapa ing bumi, bumi saja saha jarwa, sojar tekanang binukti, bremara ngusweng kusuma, sumarmaning ganda sari.

  27. Salwir bawaning kang sinung, ing wadi widagdeng kuwi, among jagad jaga-jaga, arjuning ngrat tan kaesthi, saesthining asthagina, ginulang-gulang ing pangling.

  28. Liniling-liling kalangkung, sinelan planu pinalin, sarasa-rasa rinangsang, kang saru-saru siningkir, sikara tan karawatan, kuwat awetta rangkawit.

  29. Wiwitting watara wolu, waluyane wali-wali, wulang lila lan wilalat, ywan linelet temah lali, lalu amilih turida, ruda ruah angrudatin.

  30. Rudating angayun-ayun, wahyu-wahyaning sakalir, kaliliran kalairran, lairing wahyu-winaris, waras ngeniraken maras, marassaken jiwaragi.

  31. Noraga tegeng anurut, anurut rat pinirit, mirit angipat kiparat, puret pepet tan pinipil, papalla sangking sikara, sukura suker singkinkir.