06 Agustus 2008

40. PANGKUR


  1. Dhingin kang ingaran tapa, anarima shing Hyang Suksma jati, apa karsane Hyang Agung, apan anut kewala, anglir sarah aneng satengahing laut, apa karsaning parentah, kawula teka nglakoni.

  2. Ping pindho ingaran tapa, geniara iku dipun lakoni, anadene artinipun, malebu ing dahana, yen kabrangas ing ujar iku den teguh, yen denucap ing tetangga, mapan tan nedya gumingsir.

  3. Kaping tiga banyuara, tegesipun punika tapa ngeli, mapan anut ing pitutur, rembuge pawon sanak, lan nasabi ing wong kawiranganipun, iku laku kang utama, wong awas ing Suksma jati.

  4. Kalawan kaping patira, tapa ngluwat amendhem jroning siti, iya iku tegesipun, aja ngatokken uga, ing becike awake dhewe puniku, miwah lawan lakunira, pendhemen dipun aremi.

  5. Kalamun ta malihira, dipun andhapasor sareh ing budi, den kalah*) ing parapadu, utamakna ing lampah, iya iku wong bekti marang Hyang Agung, iku aranne wong lanang, iya wong menang prang sabil.

  6. Iku ganjarane benjang, cinacadhang manggon ing sawarga-di, ingkang dahat adiluhung, kang aran Darussalam, sarwa muwah adi-adi sakalangkung, pan sampun karsaning Allah, kang duwe wong aprang sabil.

  7. Wong aprang sabil punika nora lawan si kopar lan si kapir, sajroning jajamu iku ana prang Bratayuda, luwih rame ayuda pupuh pinupuh, iya lawan dhewekira iku jatine prang sabil.

  8. Sampune amenang aprang, nuji ngancik ing nagri Maespati, amboyong Kencanawungu, nuli jumeneng nata aparentah**) sakathahe para ratu, datan ana kang amalang supami jumeneng aji.

  9. Iku poma ala poma, aywa mamang manahira sayeksti, poma setyana iku, ujar kang dhingin uga, den prawira anganggit sajroning kalbu, iku laku kang utama, tan ana ingkang nyameni.

  10. Lawan malih atakona, sampurnane ing niyat lawan takbir, miwah sahadat punika, kalawan yen sakarat, poma raden punika tan dipun antuk, lawan sampurnaning pejah, takokna dipun patitis.

  11. Pan lilima kathahira, gurokena iku dipun mangerti, iku sampurnaning kawruh, poma ta dipun angsal, iya iku sira gurokena kulup, yen tan amuruk mangkana, dudu gurumu sayekti.

  12. Yen sira ayun unginga, bumi pitu lah reden sun jarwani, kang dhingi bumi rannipun, ingaran bumi retna, kaping pindho ingarang bumi kalmu, bumi jantung kaping tiga, pan kaping pat bumi budi.

  13. Lawan kaping limanira, ingaran bumi jinem sayekti, lawan kaping nenemipun, ingaran bumi suksma, ping pitune bumi rahsa arannipun, iku wajig kawruhana, tegese sawiji-wiji.

  14. Ingkang aran bumi retna, tegesipun dhadhanira pribadi, bumining manungsa luhung, iku gedhong kang mulaya, ingaran astaning Islam iku, lawan kaping kalihira, bumi kalbu denwastani.

  15. Bumi kabu tegesira, astane ing iman kang sajati, kaping telu bumi jantung, iku ta ingaranan, astane anenggih sakehing kawruh, lan malih kaping patira, ingaran bumi budi.

  16. Bumi budi tegese, astanane ing puji lawan dhikir, lawan kaping pimanipun, bumi jinem tegesnya, ingaran astanane sih satuhu,lawan kaping nemme ika, bumi suksma den arani.

  17. Utawi kang bumi suksma, iya iku astanane ing ngelmi, nenggih kaping pitunipun, ingaran bumi rahsa, bum rahsa apan iya tegesipun, astaning***) ing paningal, asmaradana gumanti.


*) Prayoginipun den ngalah
**) Prayoginipun amarentah
***) Prayoginipun astanane

Tidak ada komentar: