03 Agustus 2008

38. ASMARADANA (1)


  1. Rahadyan sanget gung kingkin, miyarsa andikanira, wasi kawiswara kaot, wus lami neng Panegaran, ngentek piwulangira, dhasar lantip sang abagus, sakep atampi piwulang

  2. Saya tebih dhabar guling, Gathak Gathuk eca ing tyas, Kawiswara ngandika lon, kulup ywa dadya tyasira, ingsun tan pisan-pisan, risi kanggenan sireku, amung supaya wuwuha.

  3. Kawruh utamining urip, tumekane ing delahan, angidulla bener angger, marang ing Salamet arga, kono ana satriya, atmaja sri Majalangu, nama Seh Sekardelima.

  4. Dhepok ing Salamet wukir, wus manjing agama Islam, Sunan Tembayat gurune, sinepuhan Jeng Suhunan, Adi ing Kalijaga, aran wong bisa ketemu, yen datan lawan nugraha.

  5. Mangkata sedheng kang wanci, rahadyan angaras pada, saha aturira alon, muhung pangestu paduka, kawula darma lumampah sangking pituduh, tuhu tan darbe kuwasa.

  6. Wau mesem sang maharsi, kulup ing pangestuningwang, Gathak Gathuk awotsinom, kawula anyuwun barkah, pinaringana kuwat, (n)dherekken wayah pukulun, angsala idin pandonga.

  7. Iya kenang sun ideni, muga kinuwatna ing Hyang, rahadyan sampun lumengser, linggar sangking Panegaran, lajeng ing lapahira, Gathak Gahtuk tanseng pungkur, wus ngancik sukuning arga.

  8. Sumawuring sari-sari, ganda arum amrik ngambar, gantya ingkang winiraos, ing dhepok Salamet arga, masjid munggul katingal, asri busananing gunung, taru-tarunya tinata.

  9. Sasekaran angubengi, toya wening tinalangan, pating sareweh iline, mangungkan talaga dibya, ngunguwung lirab-lirab, wau panembahan gunung, lenggah tepining talaga.

  10. Ingadhep abdi kakalih, Ki Maklum lawan Ki Sabar, eh Sekar ngandika alon, Sabar Maklum den agepah, ing langgar resikana, bakal ana tamu, utama calon olia.

  11. Sabar Maklum mundur aglis, ing langgar wus ginelaran, Seh Sekar gya kondur alon, ngalela lenggah ing langgar, rahadyan wus katingal, ingawe sang wiku gupuh, radyan anungkemi pada.

  12. Pinangkul keinempit-kempit, arum wijiling kang sabda, slamet satekamu raden, mrelokken mring dhepokingwang, banget sukaning driya, radyan nembah saha matur, pangestu dalem kang mulya.

  13. Seh Sekar ngandika malih, kulup kywa sadaya-daya, ing pangarah dipun sareh, mung ywa pegat ing paminta, lumintu ingkang lampah, yen pinareng wektunipun, bokmanawa katarima.

  14. uhunan ing Bayat nguni, sung carita marang ingwang, eyangmu buyut kalane, kumpulan lan wali sanga, samya (m)babar sesotya, trusing ngaji pan akumpul. aywa ana parebutan.

  15. Kinarya gita ing kawi, ing Giri Gajah enggone, tatkala aguguneman, para wali sasanga, ing Argapura (ng)gennipun kadhaton ratu agama.

  16. Wali sadaya tinari, dennira Prabu Sarmata*), Suhunan Benang tinaros, myang Suhunan Kalijaga, Suhunan Ngampeldenta, Suhunan Kudus tinantun, kalawan Seh Siti Jenar.

  17. Seh Benthong rumut tinari, sarta pangeran Palembang, Panembahan Madurane, aseba mring Giri Liman, angling Prabu Satmata, sukur pepeg anakingsun, sami limuta kaliman.

  18. Sadaya tunggala kapti, sampun wonten kang sulaya, arempega kang wiraos, sami ababar sosotya, sami miyak warana, sampun wongen masang semu, den anglela den tetela.

  19. Jeng Suhunan Benang angling, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, dat sipat apngaling Allah, nyata ing kalbu amba, Datollah kang amurbeku, mesesa ing dhewekira.

  20. Jeng Suhunan adiluwih, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, iya sadar jenengamba, iya jenging purab, iya Alah Sukma Subur, jeneng urip lawan jagad.

  21. Jeng suhunan Giri-westhi, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, imam urip lan nugraha, budi uriping Suksma, urip sara Allah iku, mangkana ing kawruhamba.

  22. Jeng Suhunan Kudus angling, ambabar kang pangawikan, Roh wajib ing imaningong, cahya mancur kadi surya, mijil sangking prabawa, amartani lapahipun, anguripi ing sajagad.

  23. Penembahan Madura ngling, ambabar kang pangawikan, aran kanugrahane, kundhi Allah ta punika, tegese kundhi ika, nabi Allah jatinipun, jinaten ing nama Allah

*) Ugi kasebut Prabu Setmata

Tidak ada komentar: