31 Mei 2008

Dumadosipun Serta Centhini

Dumadosipun Serta Centhini wau awit saking karsanipun Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amengkunegara III, putra Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV (jumeneng 1788-1820 M) ing Surakarta. Kangjeng Gusti wau ing tembenipun jumeneng Sinuhun Paku Buwana V (1820-1823 M) ingkang ugi sinebut Sunan Sugih.

Ingkang pinatah mandhegani aggubah Serat Centhini wau abidalem kliwon carik kadipaten wasta Sutrasna ingkang ugi sinebut Ki Ngabei Raggasutrasna, dipun kantheni:
  1. Raden ngabei Yasadipura II (Raden Tumenggung Sastranagara), abdidalem bupati pujangga kadipaten.
  2. Raden Ngaei Sastradipura, abdidalem kliwon carik kadipaten. Sasampunipun nindakaken ibadah haji, gantos nami Kyai Haji Mohammad Ilhar.
sarta kaparingan pembantu:
  1. Pangeran Jungut mandurareja, pradikan krajan Wangga, Klaten, Surakarta.
  2. Kyai Kasan Besari, ngulama agung in Gebangtinatar, Panaraga, matudalem Sinuhun Paku Buwana IV.
  3. Kyai Mohamad Minhad, ngulama agung ing Surakarta.
Wondene ingkang minangka lajering cariyos lalapahanipun Jayengresmi inggih Seh Amongraga, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom maringaken serat 'Suluk Jatiswara', kadhawuhan ambabar tuwin ambeber kanti moncer. Dene 'Suluk Jatiswara' wau miturut candrasangkala panyeratipun 'Jati Tunggal Swara Raja' (1711 Jw), punika jamanipun Ingkan Sinuhun Paku Buwana III, mila wonten pandugi serat wau yasadalem PB III. Kathah para ahli ingkang, kadhawuhan ambiyantu ing babagan kawruhipun piyambak-piyambak, kalebet Kangjeng Pangulu Tafsiranom ing bab agami Islam. para ahli sanes-sanesipun sami nyerat bab-bab: agami, kabatosan (mistik), ngelmu kasunyatan/kasampurnan, jayakawijayan, kanuragan, pangasiyan, kawruh sanggama, pepetangan primbon, iladuni, pawukon, pranatamangsa, kawruh sasaji, tatacara, jiyarahan, patilasan, tetilaran kina, kasusastran, dongeng, babad, dhuwung dalah ciri-cirinipun, bab kuda, peksi, wisma (undhagi), karawitan, gendhing, beksan, tanem tuwuh, tetanen, jampi-jampi lan taksih kathah sanes-sanesipun, kalebet lelucon ngantos bab caremedan (awon, resah). Sadaya kerembag muyeg, lebet lan nengsemaken Bab kawontentan ing redi-redi, guwa, pasisir lan sasaminipun wawaton palapuranipun para bupati pasisir. Utusan-utusan sami ngyektosaken papan-papan ingkan kramat tuwin wingit, kadhawuhan damel pengetan minangka dhasaring panggubah. Parandene sang Pangeran Adipati Anom ugi nyarirani tumut anggarap lan naliti sadaya isinipun.

Wiwiting Panggarap Serat wau ing dinten Sabu Paing, tanggal 26 Sura, sinengkalan 'Paksa Suci Sabda Ji' , taun Jawi 1742 utawi taun Masehi 1814. Sareng sampun dados, serat wau kaparingan nama 'Suluk Tambangraras' ingkang umumipun sinebut 'Serat Centhini. Denen nama 'Centhini' wau mendhet namaning cethi-abdinipun Niken Tambangraras ingkang dados garwanipun Seh Amongraga.

Saking pepak lan kathahin isinipun Serat Centhini wenang sinebut 'Ensiklopedi Kabudayan Jawi'

30 Mei 2008

BABAGAN (Saking Wikipedia)



Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Serat Centhini, utawa uga disebut Suluk Tambanglaras utawa Suluk Tambangraras-Amongraga, minangka salah siji karya sastra paling misuwur jroning kesusastraan Jawa Anyar. Serat Centhini nyakup werna-werna kawruh lan kabudayan Jawa, supaya ora ilang lan tetep lestari salawasé. Serat Centhini diripta arupa tembang, lan penulisané diklompokaké miturut jinis laguné.

Miturut genre, Serat Centhini iku kalebu bauwarna lan carita "Santri lelana".

Panggubahan

Miturut katrangan R.M.A. Sumahatmaka, sawijining kerabat istana Mangkunegaran, Serat Centhini digubah saka kersaning Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom ing Surakarta, sawijining putra Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, yaiku kang sabanjuré dadi Sunan Pakubuwana V.

Sangkala Serat Centhini, kang jeneng pepaké yakuwi Suluk Tambangraras, uniné paksa suci sabda ji, utawa taun 1742 taun Jawa utawa taun 1814 Masehi. Tegesé isih ana ing sajroning mangsa tahtané Sunan Pakubuwana IV, utawa enem taun sadurungé panobatan Sunan Pakubuwana V. Miturut cathetan bab munggah tahtané para raja, Pakubuwana IV wiwit munggah tahta taun 1741 (Jawa), déné Pakubuwana V wiwit munggah tahta pada taun 1748 (Jawa).

Kang dadi sumber saka Serat Centhini yakuwi kitab Jatiswara, kanthi sangkala jati tunggal swara raja, kang nuduhaké angka 1711 (taun Jawa, tegesé isih ing jamané Sunan Pakubuwana III). Ora dikawruhi sapa kang ngarang kitab Jatiswara. Yèn dianggep pengarangé R.Ng. Yasadipura I, banjur bakal katon ora cetha (meragukan) awit ana akèh gèsèhé karo kitab Rama utawa Cemporèt.

Tujuan lan pelaku panggubahan

Saka kersané Sunan Pakubuwana V, gubahan Suluk Tambangraras utawa Centhini iki dimanfaatké kanggo ngumpulaké sadhéngah kawruh lair lan batin masarakat Jawa ing jaman semana, kang kalebu ing njeroné kayakinan lan penghayatan bab agama. Pakaryan iki dipimpin langsung déning Pangeran Adipati Anom, lan kang éntuk tugas mbantu ana telung pujangga istana, yaiku:

1. Raden Ngabehi Ranggasutrasna
2. Raden Ngabehi Yasadipura II (sadurungé anama Raden Ngabehi Ranggawarsita I)
3. Raden Ngabehi Sastradipura

Sadurungé diayahi panggubahan, katelu pujangga istana éntuk tugas-tugas kang khusus kanggo ngumpulaké bahan-bahan kanggo gawé kitab kasebut. Ranggasutrasna duwé tugas njelajah pulo Jawa bagean wétan, Yasadipura II duwé tugas njelajah Jawa bagian kulon, sarta Sastradipura duwé tugas nunèkaké ibadah kaji lan nyempurnakaké kawruh agama Islam.

Prosès panulisan

R. Ng. Ranggasutrasna kang njelajah pulo Jawa bagéan wétan wis mulih luwih dhisik, mula panjenengané diutus miwiti ngarang. Jroning pambuka diwedharaké bab karsa sang putra mahkota, kanthi sengkalan Paksa suci sabda ji.

Sawisé Ranggasutrasna ngrampungaké jilid siji, Yasadipura II rawuh saka Jawa bagéan kulon lan Sastradipura (saiki uga sesilih Kyai Haji Muhammad Ilhar) saka Mekkah. Jilid loro nganti papat ditulis bebarengan déning katelu pujangga istana. Saben perkara kang magepokan karo wilayah kulon Jawa, wétan Jawa, utawa agama Islam, ditulis déning ahliné dhéwé-dhéwé. Pangeran Adipati Anom banjur nulis dhéwé jilid lima nganti sepuluh. Panyebabé amarga Pangeran Adipati Anom kira-kira kuciwa sabab kawruh bab saresmi kurang jelas ungkapané, saéngga kawruh bab kasebut dianggep ora sampurna.

Sawisé dianggep cukup, Pangeran Adipati Anom nyerahaké manèh panulisan rong jilid pungkasan (jilid sewelas lan rolas) marang katelu pujangga istana mau. Wusananè, kitab Suluk Tambangraras utawa Centhini kasebut bisa rampung lan cacahé lagu sakabèhé dadi 725 lagu.

Ringkesan isi

Serat Centhini disusun adhedhasar crita lelakuné putra-putri Sunan Giri sawisé dikalahaké déning Pangeran Pekik saka Surabaya, ipé Sultan Agung saka Karajan Mataram. Crita diwiwiti sawisé telu putra Sunan Giri mencar ninggalaké tanah asal kanggo ngulandara, awit kakuwasan Giri wis diajuraké déning Mataram. Putra putri Sunan Giri mau yakuwi Jayengresmi, Jayengraga/Jayengsari, lan sawijining putri, Ken Rancangkapti.

Jayengresmi, dikanthi déning loro santri kang jenengé Gathak lan Gathuk, nglakoni "perjalanan spiritual" menyang saubengé kraton Majapahit, Blitar, Gamprang, alas Lodaya, Tuban, Bojonegoro, alas Bagor, Gambirlaya, Gunung Padham, désa Dhandher, Kasanga, Sela, Gubug Merapi, Gunung Prawata, Demak, Gunung Muria, Pekalongan, Gunung Panegaran, Gunung Mandhalawangi, Tanah Pasundan, Bogor, bekas kraton Pajajaran, Gunung Salak, lan sabanjuré tekan ing Karang.
Buku bab Serat Centhini
Buku bab Serat Centhini

Jroning lelaku iki, Jayengresmi ngalami "pendewasaan spiritual", amarga ketemu karo sawetara guru, tokoh-tokoh gaib jroning mitos Jawa kuna, lan sawetara juru kunci makam-makam kramat ing tanah Jawa. Jroning patemon karo tokoh-tokoh kuwi, panjenengané sinau bab werna-werna kawruh jroning khazanah kabudayan Jawa, wiwit saka candhi, makna swra manuk gagak lan prenjak, khasiat manuk pelatuk, pituduh panggawéné kain lurik, pilihan waetu hubungan sèksual, itungan tanggal, nganti tekan kisah Syekh Siti Jenar. Pangalaman lan paningkatan kawicaksanan iki anggawé panjenengané ing tembé mburi misuwur kanthi sebutan Seh (Syekh) Amongraga. Jroning lelaku kasebut, Syekh Amongraga ketemu karo Ni Ken Tambangraras kang dadi garwané, sarta pembantuné Ni Centhini, kang uga mèlu ngrungokaké wejangan-wejangané.

Jayengsari lan Rancangkapti diiringi santri kang jenengé Buras, lelana menyang Sidacerma, Pasuruan, Ranu Grati, Banyubiru, sikilé Gunung Tengger, Malang, Baung, Singhasari, Sanggariti, Tumpang, Kidhal, Pasrepan, Tasari, Gunung Bromo, Ngadisari, Klakah, Kandhangan, Argopuro, Gunung Raung, Banyuwangi, Pekalongan, Gunung Perau, Dieng, nganti tekan Sokayasa ing sikilé Gunung Bisma Banyumas.

Jroning lelaku mau panjenengané olèh kawruh ngenani adat-istiadat tanah Jawa, sariat para nabi, kisah Sri Sadana, kawruh wudhu, shalat, kawruh dzat Allah, sifat lan asma-Nya (sifat rong puluh), Hadist Markum, pètungan slametan wong mati, sarta watak Pandawa lan Kurawa.

Sawisé ngliwati lelana kang mataun-taun, pungkasané katelu katurunan Sunan Giri kasebut bisa ketemu manèh lan kumpul bebarengan para kulawarga lan kawulané, senadyan bab kuwi ora lumaku suwé awit Syekh Amongraga (Jayengresmi) banjur nerusaké laku spiritual tumuju tingkat kang luwih dhuwur manèh, yaiku ninggalaké bumi.

Referensi

* Sumahatmaka, R.M.A, Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), PN Balai Pustaka, Cetakan pertama, 1981.
* Yatim, Dr. Badri, MA, Sejarah Peradaban Islam, PT Raja Grafindo Persada, Ed. 1, Cet. 12, 2001.
* Marsono, etal., Centhini, Tembangraras Amongraga Jilid V', Gajahmada University Press, Cit. 1, 2005.

29 Mei 2008

Nyuwun Sewu


Bila hari ini mencari dari Google kata centhini akan ditemukan lebih dari 24.000 link.

Tapi saya belum menjumpai akan adanya link yang memuat Serat Centhini tersebut dalam bentuk tembang seperti naskah aslinya. Yang ada berupa karya terjemahan dan ringkasan atau devinisi dari kata centhini tersebut.

Link yang paling mendekati adalah berupa penggalan-penggalan seperti Centhini Jatiswara, Centhini Mangunprawiran, Centhini Danuningratan, Centhini Pesantren dan Centhini Suryanegaran.

Berangkat dari itu saya mencoba menyalin ulang dan mempublikasikan sepupuh demi sepupuh Suluk Tambangraras tersebut. Namun karena ini bisa dianggap ilegal, saya juga menunggu respon dari pembaca. Bila ada yang keberatan saya dengan senang hati akan menutup blog ini.

Tidak ada alasan buat saya menerbitkan salah satu adi karya sastra jawa ini selain mencoba membantu para pecinta naskah-naskah kuno yang kesulitan mendapatkan naskah aslinya dalam bentuk hardcopy. Semoga ini bukan dianggap satu dosa melanggar hak cipta, sebab ini berangkat dari rasa bangga sebagai bangsa yang punya kekayaan budaya yang tak ternilai harganya.

Isi dari blog ini saya ambil dari buku Serat Centhini terbitan Yayasan Centhini Yogyakarta, atau sering disebut juga Centhini Kamajaya karena yang melatinkan dari naskah aslinya oleh Kamajaya. Buku tersebut saya dapat di Shopping Yogyakarta pada tanggal 19 Februari 2008.

Perencanaan

Hitungan waktu dengan menyunting dari ki-demang.com adalah sebagai berikut:
a. Hari - Tanggal : Selasa Pahing - 19 Pebruari 2008
b. Tanggal Jawa : 12 Sapar 1941
c. Tanggal Hijriah : 13 Shafar - 1429 H

Tanggal 40 hari
a. Hari - Tanggal : Minggu Pahing - 30 Maret 2008
b. Tanggal Jawa : 23 Mulud 1941
c. Tanggal Hijriah : 23 Rabiul Awal - 1429 H

Tanggal 100 hari
a. Hari - Tanggal : Kemis Pahing - 29 Mei 2008
b. Tanggal Jawa : 24 Jumadil Awal 1941
c. Tanggal Hijriah : 24 Jumadil Ula - 1429 H

Tanggal 1.000 hari
a. Hari - Tanggal : Minggu Legi - 14 Nopember 2010
b. Tanggal Jawa : 07 Besar 1944
c. Tanggal Hijriah : 07 Dzul Hijjah - 1432 H

Bila diasumsikan 1 hari satu pupuh, dan memberikan peluang untuk tidak menyunting, maka diharapkan pada tanggal 14 Nopember 2010 selesai mengerjakan 722 pupuh. Sebenarnya ada keinginan untuk memisahkan satu penggalan kisah dalam hitungan bulan, tapi itu menjadi pembatas waktu dan ada kemungkinan bisa molor dari 1000 hari tersebut.
Semoga waktu ini bisa tercapai