31 Mei 2008

Dumadosipun Serta Centhini

Dumadosipun Serta Centhini wau awit saking karsanipun Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amengkunegara III, putra Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV (jumeneng 1788-1820 M) ing Surakarta. Kangjeng Gusti wau ing tembenipun jumeneng Sinuhun Paku Buwana V (1820-1823 M) ingkang ugi sinebut Sunan Sugih.

Ingkang pinatah mandhegani aggubah Serat Centhini wau abidalem kliwon carik kadipaten wasta Sutrasna ingkang ugi sinebut Ki Ngabei Raggasutrasna, dipun kantheni:
  1. Raden ngabei Yasadipura II (Raden Tumenggung Sastranagara), abdidalem bupati pujangga kadipaten.
  2. Raden Ngaei Sastradipura, abdidalem kliwon carik kadipaten. Sasampunipun nindakaken ibadah haji, gantos nami Kyai Haji Mohammad Ilhar.
sarta kaparingan pembantu:
  1. Pangeran Jungut mandurareja, pradikan krajan Wangga, Klaten, Surakarta.
  2. Kyai Kasan Besari, ngulama agung in Gebangtinatar, Panaraga, matudalem Sinuhun Paku Buwana IV.
  3. Kyai Mohamad Minhad, ngulama agung ing Surakarta.
Wondene ingkang minangka lajering cariyos lalapahanipun Jayengresmi inggih Seh Amongraga, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom maringaken serat 'Suluk Jatiswara', kadhawuhan ambabar tuwin ambeber kanti moncer. Dene 'Suluk Jatiswara' wau miturut candrasangkala panyeratipun 'Jati Tunggal Swara Raja' (1711 Jw), punika jamanipun Ingkan Sinuhun Paku Buwana III, mila wonten pandugi serat wau yasadalem PB III. Kathah para ahli ingkang, kadhawuhan ambiyantu ing babagan kawruhipun piyambak-piyambak, kalebet Kangjeng Pangulu Tafsiranom ing bab agami Islam. para ahli sanes-sanesipun sami nyerat bab-bab: agami, kabatosan (mistik), ngelmu kasunyatan/kasampurnan, jayakawijayan, kanuragan, pangasiyan, kawruh sanggama, pepetangan primbon, iladuni, pawukon, pranatamangsa, kawruh sasaji, tatacara, jiyarahan, patilasan, tetilaran kina, kasusastran, dongeng, babad, dhuwung dalah ciri-cirinipun, bab kuda, peksi, wisma (undhagi), karawitan, gendhing, beksan, tanem tuwuh, tetanen, jampi-jampi lan taksih kathah sanes-sanesipun, kalebet lelucon ngantos bab caremedan (awon, resah). Sadaya kerembag muyeg, lebet lan nengsemaken Bab kawontentan ing redi-redi, guwa, pasisir lan sasaminipun wawaton palapuranipun para bupati pasisir. Utusan-utusan sami ngyektosaken papan-papan ingkan kramat tuwin wingit, kadhawuhan damel pengetan minangka dhasaring panggubah. Parandene sang Pangeran Adipati Anom ugi nyarirani tumut anggarap lan naliti sadaya isinipun.

Wiwiting Panggarap Serat wau ing dinten Sabu Paing, tanggal 26 Sura, sinengkalan 'Paksa Suci Sabda Ji' , taun Jawi 1742 utawi taun Masehi 1814. Sareng sampun dados, serat wau kaparingan nama 'Suluk Tambangraras' ingkang umumipun sinebut 'Serat Centhini. Denen nama 'Centhini' wau mendhet namaning cethi-abdinipun Niken Tambangraras ingkang dados garwanipun Seh Amongraga.

Saking pepak lan kathahin isinipun Serat Centhini wenang sinebut 'Ensiklopedi Kabudayan Jawi'

Tidak ada komentar: