16 Juni 2008

8. KINANTHI


  1. Sangking ing pamanah ulun, pangeran ing Surawesthi, ing kang layak ngabektiya, ing pada dalem sang aji, kawon luhur kang darajat, panjenengan dalem aji.

  2. Mandhireng prajeng Mantarum, ing rat Jawi mung satunggil, kalihdene tinimbalan,d atan sawala ing kapti, sampun kalampahan sowan, ing ngabyantara narpati.

  3. Asrah jiwa raganipun, kangjeng sultan duk miyarsi, aturipun ingkang uwa, kalangung trusha ing galih, nahan Pangran Surabaya, sagarwa sampun sumiwi.

  4. Pepe kidul wringin-kurung, sasolahe amlasasih, duk uninga sri narendra, dhawuh kinen animbali, anggandhek tundhuk pangeran, ingirit minggah sitinggil.

  5. Andhadhap amundhuk-mundhuk, cingak kang samya ningali, miyat warnanya pangeran, mirit*) kangjeng sri bupati, kantun senenge kang cahya, kantun semu kantun sigit.

  6. (n)Dungkap prapteng ngarsa prabu, caket dennira sumiwi, tumungkul konjem pratala, ri wusira mangenjali, wangkinan sineleh kanan, gya mangraub pada aji.

  7. Saha matur arawat luh, pegat-pegat winor tis-tis. dhuh gusti kalengkaning rat. musthikaning tanah Jawi, patut pinundhi sinembah, jumeneng kalipah Widdhi.

  8. Ambeg pinandhita tuhu, santa budi mirah asih, mardikeng rat tyas kumala. ngecani manahing dasih, mrih arja ayu tan pegat, kasudarman winor manis.

  9. Santana wadya lit agung, tan ana kataman bengis, winor ing sakarsanira, kinajrihan lair batin, pra wadya ing Ngeksiganda winengku pramarta ji.

  10. Kasujanan ambeg sadu, linangkung kasusreng bumi, sumbageng rat pinasthika, waskitha ngreh ing patitis, kangos ing ganda angambaar, kinasihan ing Hyang Widdhi.

  11. Saudibya prawireng kewuh, kinajrihan kanan-kering, ngagem agama minulya, sasat jengandika Nabi Muhakammadin angajawa, ngrenggani nagri Mantawis.

  12. Dhuh jeng gusti sang aprabu, sowanipun ingkang abdi, angaturken pejah gesang, awit rumaos geng sisip, katungkul ing kawiryawan, labet mudha punggung yekti.

  13. Dama kalimput tan emut, ing kanugrahaning narpati tumerah jiwangga mulya, kaecan nadhah myang guling, saanak rayat myang warga, tan lyuan barkahing narpati.

  14. Lumintu salaminipun tangeh manawi kang abdi, saged ngaturi minangka, bebekti ingkang martasih o gusti satuhu mudha ceplik tangeh wruh ing becik.

  15. Manawi kangjeng pukulun, tan paring aksameng dasih, yekti temah anggung papa, druwaka samineki, ing mangke amba sumangga, sakarsa jeng sri bupati.

  16. Mangkana kangjeng sinuhun, ngandika sajroning galih, wong iki bugas prasaja, ing wicara tatas titis, teteg tyas sura legawa pantes tan sinungan lamis.

  17. Teka resep atiningsung, dadya condhonging tyasmami, pantes rewanga wibawa. (n)darahken sri tanah Jawi, madhahi kanang nurbuwat, wasana ngandika aris.

  18. Wis lungguha ariningsun, iya apa kang pinikir, dhuh yayimas Surabaya, marma sira sun timbali, sumiwi ing ngarsaningwang, wus pasthi karsaning Widdhi.

  19. Sosotyadi apan kudu, tumrap ingembanan rukmi, umpama ingsun pancuran, sira talaga nadhai, yayi kang minangka wadhah, ingsun kang minangka isi.

  20. Pasemon kang ingsun wuwus, tegese uwus ginaris, yen sira bakal tan pisah, melu nurunake benjing, para ratu tanah Jawa, yayi ingkang urun estri.

  21. Manira kang urun kakung, ing samengko karsa mami, sira wisma na Mantaram, ana saetaning puri, sisihan lan kadipatyan, mungguh nagri Surawesthi.

  22. Ingsun paringake wangsul, marang pakenira yayi, wenang anguwasanana, kadi ingkang uwis-uwis, si Sapanjang mung rumeksa, tata tentreming nagari.

  23. Sira ana ing Mantarum, aywa taha-taha yayi, ing pangangep dipun padha, ya Mataram Surawesthi, Pangran Pekik lejer ing tyas, trusaning supenaki.

  24. Gya sujud nembah umatur, dhuh pukulun sang dewaji, pun petik atur sandika, mundhi timbalan narpati, kadyan kabanjiran kelang, kagunturan madu gendhis.

*) prayoganipun mirib=memper

Tidak ada komentar: