22 Juni 2008

14. PANGKUR


  1. Lah sagung pra wadyaningwang, dadi luwih becik lalakon iki, tur tan sumelang yen lampus, kataman ing gagaman, nadyan kkucem nanging isih mamah-mumuh, nora keguh ing rarasan, waton (n)derbala lestari.

  2. Payo lah padha bubaran, ingkang agung apuranira sami, marma mengko dadayeku, padha nuli muliya, mring wismamu dene ta ganjaranipun, gawenen sangu neng marga, ingokna mring anak-rabi.

  3. Ingsun mulih mring Mantaram, manjuk marang kakang prabu Mantawis, ngaturken pati-uripku, lan kangmas adipatya, tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun, biniyanton wong mualap, Cina neneka ngajawi.

  4. Gagamane mung salumrah, santri meri tarebange tinitir, teka weh uwasing kalbu, angedirken kauran, temah ura datan tumama tumangguh, akeh wutahing ludira, nandhan brana tekeng lalis.

  5. Kang kari tyase garowah, lir kinebat kawanenira enting, kehkehe ingsung kang luput, anandang kawirangan, lara-pati ingsung lan kangmas tumangguh, aywa melu-melu padha, lah andung basuki.

  6. Kunen jeng ratu lingira, para mantri umatur sadayeki, pansarya dres wetuning luh, dhuh gusti pundheningwang, sampun age paduka nemahi kondur, tontonen wadya paduka, bektine wong Surawesthi.

  7. Lawan pamriye para wadya, angantose yen mengko tuhu sekti, didimen telas pukulun, sagung wong Surabaya, tekeng pejah wadyanta ing Surengkewuh, datan ngrempelu sadaya, yen ngeman-emana pati.

  8. Kalakyaning karsa tuwan, yen kacuwan luwung tumpesing jurit, urip apa karyanipun, tan pecus karya rena, ing karsane jeng gusti teka tan dhaup, yen uripa kena ngucap, dhasar manungsa tan yukti.

  9. Ewa kabeh kang tumingal, jer wong Surawesthi kang (n)jejemberi, apan nisthane kalangkung, kawruhe nora nana, mung mangkono bobote aduwe ratu, wali kalipahing allah, prandene nora nglabuhi.

  10. Ya endah apa wong kompra, ceplik tangeh weruha marang becik, sadaya pating salenggruk, punggaweng Surabaya, ki tumenggung Sapanjang matur dhuh-adhuh, anjanmaa kaping sapta, kawulakna sadayeki.

  11. Pejah gesang aywa pisah, ing jeng pangran kang mengku Surawesthi, wadya tumpesa karuhun, sampun age paduka, kundur nganjukaken yuswanta pukulun, pra wadya ing Surapringga, yen tiwa ngayahan jurit.

  12. Aywa na kantung satunggal, einumpese mring Sunan Giri aglis, yen paduka prapta kantung, sampun age paduka, kundur ngunjukaken yuswanta pukulun, pra wadya ing Surapringga, yen tiwas ngayahan jurit.

  13. Yaksiya satru kawula, saturune (n)janmaa dhateng pundi, tetepa dumados satru, yen dereng kalampahan, pulih awon dhateng paduka gustiku, Jeng Ratu Pandhan myang garwa, suka ing tyas duk miyarsi.

  14. Ature para punggawa, samya madeg kasuranireng galih, prasetyanira trus kalbu, datan lamis ing ujar, sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh, mangrurah kraton Prawata, rampung ing sadina mangkin.

  15. Sunanne daya tawanan, amboyongi dunyarta garwa siwi, Ratu Pandhan ngandika rum, yen sira magut ing prang, ingsun arsa uning tingkahing apupuh, yen tetep asoring yuda, padha bareng angemasi.

  16. Para wadya matur nembah, den pitados risaking kraton Giri, prayogi jeng gusti kantun, wonten ing pasanggrahan, nyakecakken sarira dalem pukulun, jeng ratu aris ngandika, palimarmanta mring mami.

  17. Abanget tarimaningwang, sun tatedha winalesa ing Widdhi, nangging kencenge tyasingsun, tan kena sinayutan, para wadya sadaya samwa andheku, jeng ratu malih ngandika, mengko yen wis prapteng Giri.

  18. Mungguh gelaring ngayuda, bocahingsun sikep ing Surawesthi, nganggoa gagaman pupuh, ana ing ngarsaningwang, kang minangka titindhih kangmas lang ingsun, kabeh padha singitana, lamun wus tempuh ing jurit.

  19. Ingsun aparing tengara, yen pistulku wus muni kaping katri, sedheng kuwuring ngapupuh, aglis sira trajanga, poma padha estona pituturingsung, pra wadya matur sandika, mundur anata kang baris.

  20. Pra wadyu asuka-suka, giyak-giyak marlesunira enir, pulih kapurunanipun, sareng surak gumerah, nora nana kang alit ing manahipun, sadaya samyambeg pejah, gambira wong Surawesthi.

  21. Sampun anembang tengara, bidhalira wadya ing Surawesthi, kuli minangka panganjur, binusanan mawarna, abang kuning ireng putih iju wungu, mandhi watang nganggar criga, tinon lir panjrahing sari.

  22. Jeng Ratu Pandhan neng wuntat, nitih joli jeng pangran datan tebih. wahana turangganipun, ingurung-urung wadya, magersari prajurit wuri sinambung, solahe lir singa krura, tan nedya mundur ing jurit.

Tidak ada komentar: