10 Juni 2008

2. KINANTHI


  1. Ing Giri apan wus tundhuk, kang ibu grahe ngranuhi, rinubung sakeh juragan, rawuhe Jeng Sunan Giri, karamating waliyolah, kan ibu dipunperiki

  2. Kagyat wungu nulya ngrangkul, kinuswa-kuswa kang siwi, waspa adres marawayan, sasambatnya melas-asih, dhuh lae atmajaningwang, kang dadya telenging ati.

  3. Kurang sathitik katrucut, kulup tan menangi mami, nyawa dene teka lawas, (ng)goniro pruhita ngaji, lae-lae ora nyana, yen bisa katemu maning.

  4. Mangkya guwayamu mancur, wenes mancorong nelahi, baya oleh kanugrahan, jeng sunan turira aris, ibu pangestu paduka wus katur sasolahneki.

  5. Kang ibu suka kalangkung, kulup sampurnakna mami, umanjing agama islam, nulya sinadatken aglis, kalimah loro winejang, kang ibu padhang mampani.

  6. Kulup wus padhang tyasingsun, datan sumelang ing ati, sira kariya raharja, tetepa (ng)gonmu mengkoni, batihmu para sudagar, isining asrameng Giri.

  7. Tembe ing sapungkuringsun, sakehe dunyarta mami, sidhekahna kang warata, pekir miskin anak yatim, lawan tukokna amanat, kaji mring Mekah nagari.

  8. Poma kulup wekasingsung, Ni Samboja nulya lalis, sawusira binersiyan, layon kinubur tinunggil, lan raka Kyai Samboja, ing mangkya titiyang Giri.

  9. Lastantun pamundhinipun, ing gusti Jeng Sunan Giri, samya kapanjingan iman, nglampahi sarengat Nabi, ngibadah andarus Kur’an, kathah kang iyasa masjid.

  10. Gemah arjane kalangkung, tan ana kang laku jati, samya cekap nyandhang mangan, adoh ingkang dadya miskin, tentrem ciptane raharja, wong ngamanca kathah prapti.

  11. Kabanjur tan arsa mantuk, kalajeng wisma ing Giri, raja pandhita Setmana, jujuluk Sunan Giri, Gajah Kadhaton minulya, kawentar ing liya nagri.

  12. Miwah wus pinundhut mantu, ing Suhunan Ngampelgadhing, dhinaupken lan putrinya, Nyai Ageng Ratu nami, atut dennya palakrama, lestantun ngantya sisiwi.

  13. Wowolu estri myang jalu, Nyai Ageng angrumiyini, kondur maring rahmatolah, layon sumare anunggil, marasepuh estri priya, garwa putra gung prihatin.

  14. Sigeg ganty kang winuwus, Brawijay Narapati, miring pawartos sanyata, ing mangkya Susunan Giri, linulutan sakeh janma, nungkul tan kalawan jurit.

  15. Sang prabu utusan gupuh. Gajahmada kyana patih, kinen lumampah priyangga, mukul prang Giri Garesik, tan cinatur lampahira, wus prapta jajahan Giri.

  16. Gegere kadya pinusus, kang katrajang samya ngili, minggah kadhaton Prawata, Jeng Sunan Giri marengi, anyerat manendhak Kur’an, kagyat miring suwaraning.

  17. Tiyang alok mungsuh rawuh, sumedya ngrisak in Giri, kalam ingkang kagem nyerat, anulya binucal aglis, andodonga ing Pangeran, sinembah ing sakapti.

  18. Kalam lajing dadya dhuwung, cumlorot ngamuk pribadi, pramadya ing Majalengka, kathah ingkang angemasi, sakantune kang palastra, pra samya lumayu (ng)gendring.

  19. Mantuk marang Majalagnu, sawusira mengsah gusis, dhuwung wus wangsul privadya, sumeleh ing ngarsaneki, panyeratan sang pandhita, sarta akukathah getih.

  20. Kagyat risan amanengkung, miyat dhuwung kuthah getih, dahat panalangsanira, dyan dodonga mring Hyang Widdhi, mugi Allah ngapuntena, solah amba ingkang sisip.

  21. Sang pandhita ngandika rum, marang ing wadyanireki, kabeh padha piyarsakna, myang aneksenana sami, katgeki sun wehi aran, si Kalammunyeng prayogi.

  22. Sakeh wadya saur manuk, wus samnya kalilan mulih, mring wismane sowang-sowang, lestantun asrameng Giri, jumenengnya Jeng Susunan, Pramu Setmana linuwih.

  23. Gemah arjane kalangkung, saya wewah wadyaneki, tan ana kang kasangsaya, nahan wus antara lami, Sunan Giri nandhang gerah, kpareng praptaning takdir.

  24. Kundur mring rahmatolahu, gumer tangis ing jro puri, wandu sandawa sungkawa, layon suwasing baresih, sinarekken nora tebah, sangking padalemaneki.

  25. Sedanira tilar sunu, sadasa kakung lan putri, kang kalih sangking ampeyan, Pangran Pasirbata nengih, kalawan Siti Rohbayat, wowolu sangking pademi.

  26. Kasebut Nyai Geng Ratu, putra sepuh sinung nami, Ratu Gedhe ing Kukusan, nulya Sunan Dalem nenggih, katrinira apanengran, Susuhunan Tegalwangi.

  27. Catur Nyi Geng saluluhur, panca Sunan Kidul nenggih, Ratu Gedhe Saworasa, Sunan Kulon kang sumendhi, Sunan Waruju ragilnya, wau ta ingkang winardi.

  28. Sasampunira pangubur, kumpul para wadya Giri, angrembag ingkang gumantya, mandhireng Susunan Giri, pra wadya wus golong rembag, Sunan Dalem kang gumanti.

  29. Gya ingangkat ajujuluk, Sunan Giri kping kalih, Susunan Giri Kadhatyan, garwa kakalih pademi, tan mashur ing panjenengan, Jus Sunan wus prapteng jangji.

  30. Kundur mring rahmatulahu, ugi sumare ing Giri, atilar putra sadasa, (m)bajeng Sunan Sedamargi, panenggaknya apeparab, Sunan Giri Prapen Adi.

  31. Tri Nyi Geng Kuruganngurun, Nyi Geng Ngulakan kang Sukci, Pangran Lor Pangran Dheket sad. Pangran Bongkok nulya Nyai, Ageng Waru arinira, pangeran Bulu sumendhi.

  32. Wragil Pangran Sedalaut, paripurna kang wus swargi, rembag kang yoga gumantya, kempal sakehe kan dasih, Sunan Parapen ingangkat, linuwih lir eyang swargi.

  33. Mandhireng Giri Kandhatun, jujuluk maksih lestari, Sunan Giri Prapen dibya, suut kang wadya gung alit. kawentar ing liyan prja, tan pegat kadya ing nguni.

Tidak ada komentar: