13 Juni 2008

5. PUCUNG


  1. Lah ta kulup para bupati sadarum, ingsun iyasakna, talaga kang luwih adi, tur sandika pra wadya nulya tumandang.

  2. Dhudhuk-dhudhuk tan pantara nuli rampung, dados kang talaga, luwih adi towa wening, gilar-gilar lir pendah kaca brenggala.

  3. Wusing katur sinung ran Talagapatut, jeng sultan kalawan sagunging para bupati, wus linilan mring prajane sowang-sowang.

  4. Tan cinatur nagri Pajang risakipun, pindhah ing Mantaram, ingkang jumeneng narpati, putranira nenggih Ki Ageng Mantaram.

  5. Risam Sutawijaya jujulukipun, kanjeng Panembahan, Senapati ing Mantawis, lulus wirya gemah arja prajanira.

  6. Panembahan Senapati ing Mantarum, ngyektekken wirayat, dhawuhe Susunan Giri, ing nalika sowannya jeng sultan pajang.

  7. Panembahan Senapati nulya ngutus, abdi kinen sowan, maring Giri kanthi tulis, prapteng Giri sang wiku lagya sineba.

  8. Serat katur tamating pamaosipun, mesem angandika, heh caraka ing Mantawis, pakenira matura Ki Senapatya.

  9. Lamun ayun nyatakken wirayatingsung, gustimu turana, nglurung maring bang-wetan nuli, wus pinasthi karsane Allah Tangala.

  10. Lamun ratu Mantaram ing tembenipun, ngrata tanah Jawa, sanadyan ing Giri iki, uga teluk marang in nagri Mantaram.

  11. lokilmakpun tan kena owah sarambut, jamane walikan, kawula dumadya gusti, ingkang gusti sayekti dadi kawula.

  12. Pratandhane wus katon Pajang Mantarum, iku dadya cihna utusan wus nyuwun pamit, mantuk marang Mantaram agegancangan.

  13. Wus sumiwi ing ngabyantara sang prabu, wus katur sadaya, welnga Jeng Sunan Giri, tan pantara lami sri nata Mantaram.

  14. Bidhal nglurug mring bang-wetan kang jinujug, ing nagari Japan, sagunging para bupati, ing bang-wetan wus kumpul aneng ing Japan.

  15. Kacariyos ing Giri sang maha wiku, wus miyarsa warta, lamun sang prabu Mantawis, ngepung Japan para bupati bang-wetan.

  16. Pacak baris tutulung paguting pupuh, Jeng Sunan ing Arga utusan akanthi tulis, tyang sadasa gegancangan marang Japan.

  17. Praptanipun ing Japan nulya kinampul, wong agung Mantaram, myang bang-wetan pra bupati, wusing pepak duta Giri aturira.

  18. Dhuh wong agung Mantaram saha wong agun, bang-wetan sadaya, lambah kawula tinuding, ing Jeng Sunan Giri akanthi nawala.

  19. Ulun waos pribadi mring terangipun, sami kapyarsakna, suraose kanang tulis, dateng Giri manengah maos nawala.

  20. Layangingsun Jeng Sunan Giri dhumawuh, marang putraningwang, Senapati ing Mantawis, lan mring putraningsun Pangran Surabaya.

  21. Liring layang (ng)gonira ayung prang pupuh. rebut panjenengan, ingsung pan ora nglilani, krana bakal keh pepati tan prayoga.

  22. Tembe lamun ana karsane Hyang Agung, pamiyaking Sukma. andhap luhur wus pinasthi, pan tinemu ing samengko durung mangsa.

  23. Balik padha nganggoa budi rahayu, lestari kekadang, sun asung babasan kaki, wadhah lawan isi endi piniliya.

  24. Sung ideni salah siji pamilihmu, isi apa wadhah, sawusira samya milih, prajanjya setnya susetyaning driya.

  25. Dun asukur takdiring Hyang Kang Maha Gung, singa piniliya, iku wus tan kena gingsir, pan tinemu ing wuri kaananira.

Tidak ada komentar: