11 Juni 2008

3. MEGATRUH


  1. Ya ta wau sang parbu ing Majalangu, sampun amiyarsa warti, lamun Sunan Giri prabu, Setmana wus angemasi, mangkya wayahe gumantos.

  2. Ajujuluk Sunan Prapen Giri luhung, lalajone kadya nguni, sang wiku tan arsa nungkul, marang nagri Majapahit, dadya sru bendu sang katong.

  3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung, miwah kinanthem pra wiwi, angirid wadyabala gung, kinen ngrabaseng ing Giri, wus samapta nulya bodhol.

  4. Sunan Prapen wus mireng badhe ginempur, mring sang prabu Majapait, wus budhal caraken prabu, kya patih myang rajasiwi, balane lir samodra rob.

  5. Sunan Prapen sampun sanega ing pupuh, karsanira nanggulangi, mring carakeng Majalagu, tan dangu mengsah kaeksi, nulya pinapak prang popor.

  6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun, kathah ingkang nandang kanin, tanapi tumekang lampus, Sunan Prapen angoncati, sagarwa putra wus lolos.

  7. Lajeng ngungsi maring sapinggirin laut, binasmenan kitha giri, sadaya wus dadya awu, rajabana denjarahi, rajaputra tindak alon.

  8. Dhumateng ing astanira sang wiku, Sunan Giri kang wus swargi, ingkang rumeksa ing kubur, tyan kakalih samya dhengking, rawuhe sang priwira nom.

  9. Para wadya dhinawuhan kinen (n)dhudhuk, gya tumandang sagung dasih, halate sang maha wiku, cihnaning wali linuwih, singa celak anggaloso.

  10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus, kang kantun kalangkung giris, bramantya sang rajasunu, tumandang pribadi ajrih, merang lamun tan kalakon.

  11. Dadnya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu, kinin angdhudhuk den aglis, binilaen yen tan purun, pasthi tumekeng in lalis, kinarya coban kris waos.

  12. Tyang kakalih tan suwala nulnya (n)dhudhuk, dupi prapta blabak jati, tutuping tabelanipun, binuka saking sakedhik, nulya ana ingkang miyos.

  13. Warni kombang tan petungan kathahipun, mabur ngebeki wiyati, maniyub lir langit rubuh, nembuh wadya Majapait, dennya naggulang pakewoh.

  14. Pinarjaya tan keguh ngentub pikantuk, bingung wadya Majapait, ting bilulung rebut dhucung, dennira angungsi urip, seleh gagamaning pupoh.

  15. Samya kuchung gedabikan kenen entub, sirah rapet ngroyok sikil, ngaruara sambat bingung, prapat nagri Majapait, kombang anglut datan kegoh.

  16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup, tan kawawa nanggulangi, dadya tilar prajanipun, sawadya balanireki, gusis praja tan ana wong.

  17. Nungsi tebih dupi kombang wrus wus suwung, wangsul mring nagrinya malih, siji tan ana kang kantun, sang aprabu Majapait, sawadya wangsul ngadhaton.

  18. Aprasetya sang aprabu Majalangu, datan nedya malih-malih, nyiraka dhateng sang wiku, ngamungena ingkang uwis, ing tyas datan walangatos.

  19. Kacariyos tyang kaling kang ngreksa kubur, kanugrahan mantu dhengkling, gagancangan lampahipun, anusul Jeng Sunan Giri, ingkang lagya amakuwon.

  20. Kawlasarsa aneng satepining laut, tyang kalih marek tur uning, ing mangkya mengsah wus larut, jalaran tinempuh dening kombang ingkang mapak pupoh.

  21. Mandhul-madhul palayune numbuk bentus, tilar gagamaning jurit, samya ngungsi gesang (n)jruntul, tan ana ingkang tinolih, swarane pating galembor.

  22. Sampun katur ing purwa wasananipun, dalah waluyaning dhengkling, sang wiku kalangkung sukur, (d)dedonga marang Hyang Widdhi, rahayu ywa na pakewoh.

  23. Nulya kundur tan cinatur laminipun, wus papirurna ing nguni, eca tyase para wadu, satengah ana kang kibir, sajeg tan na mungsuh rawoh.

  24. Sunan Giri datan sama jangkanipun, lamun kraton Majapait, wus andungkap sirnanipun, jalarane sangking siwi, dyah Patah mijil karaos.

Tidak ada komentar: