28 Juni 2008

18. GAMBUH


  1. Kalkyan aprang pupuh, dados damel kapitunan agung, aminihi kangangsarane tyang alit, (ng)gorekken praja sewagung, abdidalem kathah layon.

  2. Tetele sampun kosus, sinangsaya tumekeng ing lampus, tinumpesa sampun boen milalati, imane sampun tekiyur, ical sumengkem ing Manon.

  3. Mumpuni kajengipun, jawi lebet sadyanya rinangkut, tan rumaos kungkulan, dhampar narpati, wikuning antegan estu, pathaknya jawi kemawon.

  4. Ing mangkya mumpung ngumpul, wonten ngajeng kadral sangking pungkur, Pangran Pekik gumujeng angandika aris, bener kabeh ing aturmu, wus kosus tinumpes mangko.

  5. Angangin saka dhawuh, dalem Gusti Kangjeng Sultan Agung, ingsun nora winenang lamun mateni, pan dudu bubuhan ingsun, luwih karsane sang katong.

  6. Wirayate pra luhung, yen sumengko durung waktunipun, besuk ana kang ngremeg kadhaton Giri, darahe Jeng Sultan Agung, campur lawan darahingong.

  7. Sadaya para wadu, samya (d)dheku langkung cuweng kalbu, mareming tyas tembe kalakon sadyeki, yata lajeng lampahipun, wus prapta ing Surengkewoh.

  8. Pinernah pondhokipun, Sunan Giri sawadya kinumpul. myang jiagang ing prajurit Surengwesthi, kangjeng ratu karsanipun, benjang enjang dennya bodhol.

  9. Cinachahaken sampun, baboyongan jarahan brana gung, sunan Giri matur mring Jeng Pangran Pekik, kauningana pukulun, kirang tiga anak ingong.

  10. Jayengresmi kang sepuh, miwah Jayengsari arinipun, wuragile wasta Niken Rancangkapti, remaning prang sami mirut, lolos sangking ing kadhaton.

  11. Tan wonten sanjang ulun, duka dalem menggah purugipun, tunggil biyan tiga pisan sangkin wingking, jeng pangran nulya dhadhawuh, marang wadya Surengkewoh.

  12. Heh bocah den agupuh, upayanen atmaja sang wiku, Jayengresmi Jayengsari Rancangkapti, kalamun uwus kangguh, rihrihen deng nganti klakon.

  13. Sabekna mring Mantarum, yen ambandakalani tan purun, aywa wangwang (ng)gonira anyantosani, yen abota sangganipun, matura ing jengingong.

  14. Ki Sapanjang wus ngutus, wadya Surengkewuh ingkang ngruruh, pan sinebar ing paran datan anunggil, sigegen dennya angruruh, enjinge denya yun bodhol.

  15. Sowan maring Mantarum, wus amekta punggawa nunganung, myang boyongan jarahan sampun mirangti, tinengeran bendhe ngungkung, gumuruh kanang kendhang gong.

  16. Enjang budhal gumuruh, giyak-giyak tandha jayeng pupuh, kangjeng ratu neng ngarsa anitih joli, jeng pangeran tanseng pungkur, nitih turangga binarong.

  17. Ingayap wadnyanipun jinajaran myang den urung-urung, kang sumambung ing wuri jeng Sunan Giri, sagarwa putra tinandhu, brana jarahan tan adoh.

  18. Jinagan pra mantri nung, jinajaran myang den urung-urung, ginarubyug prajurit ing Surabanggi, samya prayitna ing kewuh, samarga-marga tinonton.

  19. Ing ngenu tan winuwus, sus angancik nagari Mantarum, oreg ingkang samya ayun aningali, kondurira kangjeng ratu, ungguling prang ambaboyong.

  20. Sunan Giri pinikut, sagarwa putra santananipun, jajarahan gusis rajabrana Giri, wong nongon jejel supenuh, samya ngucap ting calemong.

  21. Sing endi warnanipun Sunan Giri kang mbaleleng ratu, rowangira nauri atuding-tuding, kae lo lo aneng tandhu, kang wus pikun kempong perot.

  22. Lo dene uwus thuyuk, apa ingkan den andelken iku, ah wong wiku manawa dongane mandi, lan duwe saraya jadhug, Cina mualap sabagor.

  23. Ing mengko wis kinrucuk, ing jeng ratu kagem sambel wandu*), pinakakken maring sakehe wong Giri, satemahe padha mupus, rajane kena binoyong.

  24. Wau ta lampahipun, kangjeng ratu prapta ngalun-alun, Pangeran Pekik sawadya myang Sunan Giri, kendel nang taratag agung, jeng ratu (n)dhandang kadhaton.


Prayaginipun sambel windhu = sambel wayu

Tidak ada komentar: