21 Juni 2008

13. SINOM


  1. Dennira aprang sadina, kasoran wong Surewesthi, mundur tansah tinututan, apan ta saputing ratri, wong Giri kang nututi wus samya wangsul sadarum, wong Giri giyak-giyak, angklung ngenthir angeleter samya emprak.

  2. Endrasena saha wadya, miwah para wadya Giri, wus sowan ngarsanira sang, pandhitaraja ing Giri, manembah tur udani, lamun wadya Surengkewuh, wus mundur palasaran, tan ana kang mangga pulih, kathah pejah gustine datan karuwan.

  3. wau sang rajapandhita, langkung sukanireng galih, kalimput ing tyas angreda, ngraos karilan ing Widdhi, dennya ayun mengkoni, ing tanah Jawa sadarum sumengah ujubriya, kibir ing tyas uwus kengis, kapandhitan sirna gunging kamelikan.

  4. Wasana aris ngandika, sukur alkamdulillahi, heh ta kulup Endrasena, iki ngalamate dadi, angel wong mijet ranti, rekasa wong (n)jara timun, kuciwa tan kacandhak, Jeng Pangeran Surabanggi, kacekela miris tyase wong Mantaram.

  5. Enrasena matur latah, reh wau kasaput ratri, wadya dalem sampun sayah, saha rebat wektu Mahrib, ing dinten benjing-enjing, tamtu kabanda deningsun, mlajenga mring Mantaram, ulun datan nedya ajrih, sukur bage ing aprang tan mindho karya.

  6. Babarpisan ulun bekta, dadya datan wira-wiri, Pangran Pekik kangjeng Sultan, sumewa ngarsa sang yogi, sang wiku ngandika ris, iya sun dongakken kulup, yen isih jenengingwang, sira kaki yawa kuwatir, ing samengko ing Giri sun wehi aran.

  7. Iya nagri Sokaraja, pra wadu matur nekseni, ratri mengko kasukana, maulud dhikiran singir, (m)bungana wadya alit, ganjaren sapatesipun, kang padha mentas yuda, dimene tambah kuwaning, nanging kulup aywa atinggal waweka.

  8. Manawa ing benjang-enjang, mungsuhmu kawawa bali, Endrasena saha wadya, sareng matur ing sang resi, sadaya wus malencing, miris datan nedya wangsul, gustine tan kantenan, rowange kathah ngemasi, benjang katon sareng nungkule jeng sultan.

  9. Ing ratri samya bujana, wadya Giri suka ngenting, gantya wau kang winarna, ingkang kaplajeng ing jurit, Jeng pangran Surengwesthi, lawan garwanya jeng ratu, wus kumpul wadyanira, jeng pangran angles ing galih, sungkawengtyas miyat rusaking kang wadya.

  10. Ki Sapanjang lajering prang, umatur marang sang Pekik, gusti atur pejah gesang, abdi dalem Surengwesthi, satuhu (ng)gigirisi. Endrasena yudanipun, miwah prajurit Ngarga, naracak kandel ing jurit, ambeg pati ngamuk lir bantheng katawan.

  11. Abdidalem Surabaya, sadaya turipun sami, ngraos sampun boten bangkat, tan anedya pulih getih, ing tyas wus samya wingwrin, kanthi miris sakalangkung, jeng pangran duk miyarsa, ature panggawaneki, saya angles ing galih datan ngandika.

  12. Mangkana jeng Ratu Pandhan, miyat garwanya prihatin, sumpek ing tyas tan kawengan, minggu datan kena angling, jeng taru matur aris, ngrarepa mring garwanipun, dhuh guru lakiningwang, lamun makaten ngajurit, rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan.

  13. Bilih kengin dinandosan, kula ingkang andandosi, kagyat Pangran Surabaya, mireng ature kang rayi, patanyanira aris, dhuh babo pupujaningsun, ratuning amrakatya, ratuning manis sabumi, kadiparan kang dadya ing karsanira.

  14. Wadyanira wus keh pejah, kang kari wus padha wingwrin, jeng ratu manis turira, sok ugi kangmas nglinani. manawi ta manawi, saged mulihaken purun, mangkana duk miyarsa, jeng ratu rinangkul aglis, tuhu yayi jajimating Surabaya.

  15. Lah apa sakarsanira, ingsun tan sawaleng kapti, ing samengko muhun darma, magondhal ing sira yayi, sakarsa-karsa dadi, wus pasrah jiwa ragengsun, ing dalu tan winarna, kunen kawuwusa enjing, Ratu Pandhan pinarak lawan kang garwa.

  16. Aneng tarub sasangunan, andher wadya Surengwesthi, jeng ratu arum ngandika, heh sakehe wadya mami, (ng)geningsun mangun jurit, ingutus jeng ratu prabu, singangon busanarta, reyal wolung ewu lewih, busana keh endah-endah warna-warna.

  17. Iku sun ganjarken sira, pandumen ingkan waradin, pra wadya ing Surabaya, sadaya wus samya tampi, arta busana adi, sumaringah netyanipun, bombong tyasnya sadaya, jeng ratu ngandika malih, wadyaningsun kabeh kang tampa ganjaran.

  18. Wus katongton antepira, tuhu ring gusti kaesthi, melu lalana andong prang, sedya sadu ing reh ririh, saparan datan keri, papa rekasa ing laku, tan ana maweh marta, lantarane ing kamuktin, dak walesa satus mene durung mandra.

  19. Yayah mamriha wiryawan, pamalesku mung papeki, paran minangka mulyakna, tan ngupakara mring abdi, gung aweh kawlasasih, asor timen jiwaningsun, bocah ing Surabaya, kulina wibawa nagri, gung ginawa ing papa kasangsara.

  20. (m)Barekngkut kadya baberah, nglabuhi Gusti kaswasih, kasurang pan kasangsaya, ragengsun paran pinanggih, (ng)gagawa mring tan becik, durmala bae ragengsun, bagya wirya ing praja, seneng mulat anak rabi, teka (n)dadak dakajak panggawa papa.

  21. Satemah amangih susah, angadoni jaeng jurit, pira papati tan ketang, sangking dreng kadereng ing sih, yun males maring gusti, tan tiwas sangking sireku, ingsun lan kakangemas, iku dununge kang sisip, pira bara muwuhi ing kawiryawan.

  22. Mungguh ing panyaurira, wus kalakon tur ngelebi, ingsun ingkang kapotangan, kacihna nalika jurit, campuh lan santri brai, akanthi prajurit punjul, cina samya mualap, parabawane angungkuli, parabaku*) prajurit ing Surabaya.

  23. Kena prabawa arebah, rumaras tipis kang ati, tan luput saka ing sira, manawa wus karseng Widdhi, ing mengko Surengwesthi, ginawa beda lan dangu, nguni ing sa-bangwetan, pangaubaning prajurit, manggaleng prang prajurit ing Surabaya.

  24. Tyas ambeg satya-susatya, tan angeman lara pati, wanter tatag ing ngayuda, teguh datan pilih tandhing, babantheng tanah Jawi, mundur aran sukanipun, iku dhek jaman kuna, sarehning waktu saiki, akeh mungkur lalabuhan kuna-kuna.

*) Prayoginipun prabaweku

Tidak ada komentar: