18 Juni 2008

10. MEGATRUH


  1. Para wadya manembah saha umatur, dhawuh paduka sang Pekik, mangayubagya sadarum, muji nungkulira aris, ywa nganti aprang rerempon.

  2. Bilih Susuhunan Giri tan sareju, nungkul karananing aris, tan kena kinarya ayu, sumiweng aji, kekah denya karsa mirong.

  3. Ingkang abdi kewala pan sampun rampung, ngrabaseng karaton Giri, amboyong susunannipun, bilih tan saget mungkasi, suka lebur aprang pupoh.

  4. Nangin ulun mireng pawartos satuhu, ing mangkya Jeng Sunan Giri, kendho kawalenanipun, saprapat yun animbangi kalipah Mantaram Katong.

  5. Darbe murid nagri Cini aslenipun, kabar maksih trah narpati, ing mangkya pinundhut sunu, sampun sinunggah kakasih, Endrasena tuhu katong.

  6. Teguh timbul wanter wegig ing prang pupuh, kalih atus wadyaneki, kang ginala aprang pupuh, punika ingkang ngencengi pinrih (m)balela ing katong.

  7. Inggih ta lah kang binujuk teka purun, istijrate eblis kapir, ngalimputi tyas rahayu, ngandel kumandel mring eblis, setan ngajak arerempon.

  8. Nadyan (n)dhatengena malih rajeng kluwung, pra abdi datan gumingsir, Pangran Pekik ngandika rum, kabeh aturira sami, banget ing panrimaningong.

  9. Karuhane lamun ingsun wus pinangguh, pribadi lan anak Giri, wurung sidaning prang pupuh, sawuse ingsun pinanggih, apa anane ing kono.

  10. Balik padha sadhiyaa ing prang pupuh, kerigen sawadya mami, manawa dadi prang pupuh, gustimu sedya (n)jenengi, jurite wong Surengkewoh.

  11. Pangran Pekik wus kundur mring dalem agung, bibar kang samya anangkil, bakda Ngisa wancinipun, jeng pangeran arsa nyilip, para wadya tan ana wroh.

  12. Laju maring Giri lumebeng kadhatun, wau ta Susunan Giri, lenggah ingadep pra wadu, Endrasena tansa ngarsi, jeng sunan ngandika alon.

  13. Heh ta kulup kabare sultan Mantarum, utusan mring jeneng mami, pinrih nungkul Sultan Agung, yen bangga ginepuh jurit, ngrusak ing Giri Kadhaton.

  14. Kang denutus rama Pangran Surengkewuh, nanging tikel tuwa mami, amung bapak-bapak awu, garwa ratu Pandhansari, melu nangulang pakewoh.

  15. Kaya priye kulup kang dadi kencengmu, ing menko ingsun mung darmi, miturut kakencenganmu, nungkul apik nora apik, sira kang nyangga bot-repot.

  16. Endrasena duk tampi timbalan wiku, karma ro kadya sinebit. netra ro andik kumukus, kamejot padoning lathi, matur mring sang wiku gupoh.

  17. Dhuh jeng rama ingkang minangka satuhu, pupundhen ing tanah Jawi, Waliyoloh cucu Rasul, kang wus linilan Hyang Widdhi, sadhengah kinarsan klakon.

  18. Sultan Agung baya ingkan dereng ngrungu, kalamun karaton Giri, kanggonan prajurit punjul, wudhu reng Cina nagari, ngajawa andong prang pupoh.

  19. Teka (n)dadak kongkon bocah isih kuncung, bojone ginawa jurit, mejanani Sultan Agung, bok iya teka pribadi, ing kono tandhing lan ingong.

  20. Sampun sampun kangjeng rama karsa nungkul, pantes sultan ing Mantawis, tur bulu bekti panungkul, sowan pribadi mring Giri, kendel dennira miraos.

  21. Pangran Pekik uluk salam praptanipun, sang resi kagyat mangsuli, ngalaikum wasalam, gupuh methuk gya khinanthi, wus lenggah satata karo.

  22. Sunan Giri nambrama sarawuhipun, jeng rama Pangeran Peki, punapa sami rahayu, jeng pangran wacana manis, salamet sapraptaningong.

  23. Sakalangkung dennira asuhun-suhun, sugata lumadyen ngarsi, sumangga sawontenipun, sumapala atur bekti, gampil anak tan pakewoh.

  24. Dhuh jeng rama dene rawuh dalu-dalu, sawiji tan na umiring, kagyat ing tyas sakalangkung, punapi de awatgati, mocung mring Giri Kadhaton.

Tidak ada komentar: