23 Juni 2008

15. DURMA


  1. Lampahira ing ngenu datan winarna, wadya ing Surawesthi, wus ngancik jajahan, ing Giri kagegeran, prajurit kang aneng wuri, lampahnya nyimpang, singitan tan katawis.

  2. Kawarnaa Jeng Susunan ing Prawata, lagya eca tinangkil, lan sang Endrasena, ingadhep para wadya, tan liyan ingkang ginupit, jayaning aprang, jeng sunan ngandika ris.

  3. Endrasena kadiparan mangsuli, apa tan nedya bali, matur Endrasana, pukulun kinten amba, kalajeng dennya malencing, boten kuwagan, nadhahi yuda mami.

  4. Lamun purung wangsul netepi bebasan, lir sulung lebu geni, nadyan kangjeng sultan, Mantaram yen miyarsa, tandan ulun ing ngajurit, kasekten amba sayekti lajeng miris.

  5. Dereng dangu dennira imbal wacana, kasari gegar jawi, alok mungsuh prapta, anganggo mancawarna, tindhihipun nitih joli, munggeng ing wuntat, gugup Susunan Giri.

  6. Kulup payo padha nembange tengara, mungsuh (n)dadak nekani, kaki den prayitna, sun dongakken rahaja, Endrasena mundur aglis, nembang tengara, busekan wadya Giri.

  7. Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang, sangking kitha wus mijil, sangking rananggana, sampun ayun-ayunan, tengara paguting jurit, bedhug tinatab, surak manengker langit.

  8. Sareng tandang wadya Giri Surapringga, caruk asilih ungkih, tambuh mungsuh rowang, sanjata barongongan, wadya Giri ngiak wani, pangamukira, lir bantheng nandhan kanin.

  9. Wadya Surapringga kadya singa krura, manggalak (ng)gegirisi, samyambeg palastra, kang pejang ingidakan, riwut ruket ing ngajurit, tan ana nedya, ngucira ing ngajurit.

  10. Pan karasa paparinge gustinira, sedya amales becik, ngetohaken pejah, wus ruket ing ngayuda, larih-linarih ing keris, tumbak-tinumbak, penthung-pinenthung genti.

  11. ana ingkang prang tangan datanpa gaman, dadya bithi-binithi, japa jinapanan, sebul-sinebul gantya, umet-umet umik-umik, ngapalken japa, pating kareses sami.

  12. Endrasena pangamuke saya nengah, pedhange mobat-mabit, singa kang katrajang, ngisis datan kawawa, nanggulang pangamukneki, kathah kabranan, papati tanpa wilis.

  13. Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira, Jeng Ratu Pangran Pekik, anuding wadya, heh bocah Surabaya, sira ayun marang ngendi, aturing wadya, ngaso ing sawatawis.

  14. Wusnya ngaso sakedhap, nulya tumandang, mring pambaratan malih, risang Endrasena, sawadya sri gambira, satuhu ngebat-ebati, pangamukira, jeng ratu wlas ningali.

  15. Matur maring kang garwa Kangjeng Pangeran, dhuh kangmas adipati, senapati Cina, wus wuru ing ngayuda, sedhenge tiniban mimis, manthuk jeng pangran, jeng ratu ngasta aglis.

  16. Pistulira winawas mimis lumepas, mring Endrasena kanin, tanganira kanan, jumbul pedhange gigal, ngamuk dhuwung tangan kering, pinistul sigra, kabranan tangan kalih.

  17. Maksih pangah ngamuk (m)bijig (n)jejeg (n)dhupak, angemah-ngemah kuping, Ratu Pandhan sigra pistulira winawas, suku Endrasena keni, sakala rebah, prajurit Surawesthi.

  18. Samya mireng ungele pistul ping tiga, sigra angebyuk jurit, saking kering kanan, gugup ingkang tinrajang, wong Giri tan ana uning, yen mengsah wewah, prajurit Surawesthi.

  19. Kiranira kantung kang katon kewala, jroning tyas agun kibir, dadya tan weweku, bujuke wong Mantaram, wadya Cina anadhahi, karoban mengsah, linambung nganan ngering.

  20. Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda, mangkana wadya Giri, myang prajurit Cina, tyase wus samya growah, kemba tandange ngajurit, wong Surabaya, sadaya ambeg pati.

  21. Amangrurah mungsuhe pating salayah, angilr babatan pacing, risang Endrasena, kinrocok tinunbakan, ajur luluh awor siti, wadya tumpesan, sakantune kang lalis.

  22. Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gegaman, samya angungsi urip, (ng)galundhung ing jurang, singidan malbeng guwa, ana ingkang (ng)gebyur tasik, minggah ing arga, sinurak saya giris.

  23. Wadya Giri siji tan ana katingal, resik lir den saponi, wadya Surabaya, surak ambal-ambalan, pratanda ungguling jurit, Giri kinepang, tepung kinubeng baris.

  24. Kawarnaa nalika ramening yuda, putranya Sunan Giri, kang saking ampeyan, titiga estri juga, tunggil sayayah sabibi, sru angresing tyas, lir mas timbul ing warih.

Tidak ada komentar: