17 Juni 2008

9. DHANDHANGGULA


  1. Nulya jengkar kangjeng sri bupati, abibarang kang samya sumewa, pangran sagarwa-putrane, santana wadyanipun, wus pinarnah pakuwonireki, karan ing Surabayan, jeng pangran lestantun, mukti wibaweng Mataram, datan ana sinangsaya ing panggalih, wus lami antaranya.

  2. Sang aprabu lestantun gunging sih, Pangran Pekik nulya tinariman, rayi dalem sang pamase, tunggil sayayah ibu, Ratu Pandhansari wawangi, ageng ingkang bawahan, nahan tacinatur, dennira apalakrama, atut runtut sih siniyan siyang ratri, lir mimi lan mintuna.

  3. Wusing antuk kawan dasa ari, Kangjeng Sultan Agung Ngesiganda, lenggah aneng dalem gedhe, ngandika sang aprabu, heh ta lara menyanga aglis, marang ing Surabayan, ketemu riningsum, kalamung sambadeng karsa, rabinira dhiajeng ingsun timbali, waraheng ingsun gerah.

  4. Nulya mentar utusan narpati, sampun prapteng ing Kusrabayan, jeng pangeran sagarwane, mijil sing dalem gupuh, samya lengah panginrat jawi, parekan matur nembah, amba pan ingutus, raka dalem sri narendra, ingkang garwa kangjeng ratu dentimbali, sarenga lapahamba.

  5. Kangjeng sunan lagya gerah mangkin, ingkang weling raka dalem nata, manawa aweh lakine, malebu ing kedhatun, atinjoa ing gerah mami, yen lakine tan kuka, poma ywa lumaku, adipati Surapringga, tebah-jaja sumangga ing asta kalih, tan kenging lengganaa.

  6. Dhuh jiwaku umareka aglis, sampun kerit prapteng ngarsa sultan manembah ngraub padane Ratu Pandhan umatur, kakang prabu dene wigati, nimbali aripara, kalangkung kumepyur manahulun tarataban, sru gumeter enar-enir senik-senik, kagmas gerah punapa.

  7. Kangjeng sultan angandika aris, dhuh riningsun luwih sangking lara, ana ing ati enggone, sakeh usada wangsul, yen sun rasa saya ngranuhi, dene ana pandhita, ing Giri dumunung, durung gelem nungkul mring wang, iya iku kang dadi laraning ati, tambane durung ana.

  8. Liya Giri wong satanah jawi, nora ana barenjul merengkeng, padha ngidhep mring sun kabeh, amung ing Giri iku, ingkang durung ingsun putusi, amungkul kalawang prang, wit wecaning dangu, kang bisa ambengkas karya, mung lakimu jalarane menang asli, luhur trah Ngampeldenta.

  9. Lah wis yayi dak lilani mulih, den abisa matrapaken karya, marang lakinira mangke, selak den ayun-ayun, Ratu Pandhan mesem trunya ris, dhawuh dalem kakangmas, sandika tur ulun, nulya lengser sangkin ngarsa, dhenirekken sagunging parekan cethi, lampahnya wirandhungan.

  10. Pangran Pekik nganti neng pandhapi, sarawuhe sang ratu pinapak, bhinekta mring dalem age, jeng ratu ngraub suku, snag pangeran (ng)gerjiteng galing, lah yayai ana paran, teka rada suntrut, paran gerahing sang nata, ratu Pandhan tumungkul minggu tan angling, jeng pangran anggarjita.

  11. Baya nora gerah sri bupati, bokmanawa ana panggaliyan, dadya sekele pamase, jeng ratu gya sinambut, bhinekta mring ing jinem wangi, langening karasikan, apan tan winuwus, ing sawungunira nandra, Ratu Pandhan matur ing raka bibisik kang dadya karsa nata.

  12. Amedharken dhawuhe sang aji, Pangran Pekik madeg suraning tyas, ngelus-elus gumbalane, alon ngandikanipun lamun ingsun weruha dhingin karsane kangjeng sultan, mundhut rusakipun, ing Giri sunanne seba, baya uwus dak cangking ing nguni-uni, sebaku mring Mantaram.

  13. Pan ing Giri wus neng asta mami, yayi ingsun ingkang maluyakna, rakanta nahan rentenge, sewu wirang satuhu, yen tan bisa ngrabaseng Giri, isin anom baskara, neng donya tan arus, apa kang dak walesena, ing sih nata kajaba murdaku yayi kunjuk dadya timbangan.

  14. Payo yayi sowan marang puri, nyuwun pamit ing rakanta maluyakna, rakanta sultan, mangkat ing sadina kiye, sarimbit nulya laju, sowan maring sajroning, sang nata duk tumingal, pangran sowanipun, sarimbit lawan kang garwa, gya ingawe lenggah caket lan sang aji, makidhupun pangran.

  15. Kangjeng sultan angandika aris, yayi Surabaya kadiparan, kang dadya karepmu mangke, ing Giri durung nungkul. nora sarju nembah mring mami, ingsun borong adhimas, ing prakara iku, Pangeran Pekik matur nembah, dhuh pukulun amba sandika nglampahi, amundhi dhawuh nata.

  16. Nadyan minta sraya Sunan Giri, andhatengken para raja sastra, kebut sawadya balane, tan ajrih manahulun, datan nedya nguciren jurit, kalamun tan kalakyan, Giri bedhaipun, suka matiya palagan, nuwun gusti ingkang abdi nuwun pamit, bidhal ing sapunika.

  17. Boten langkung ingkang amba pundhi, pangestu sang nata binathara, kalampahana karsane, namung rayinta prabu, ambatilar aneng Mantawis, reh ayun mangun aprang, ing tyas langkung gidhuh, keron-keron ing satemah, tempuh ing prang enget rayi dalem gusti, milalu wande aprang.

  18. Sri narendra mesem ngandika ris, karsaningsun yayi garwanira, para gawaa ing mangke, apan ta sedyaningsun, rabinira sadulur mami, pejah gesang hya pisah, lawan lakunipun, wus wiyahe wong andong prang, rebut pati manawa kasoran jurit, wadone binoyongan.

  19. Pangran Pekik gumujeng turnya ris, rayi dalem gegerongan amba, tembe sarenga pecate, dhawuh dalem pukulun, tan langgana darmi nglampahi, sarimbit wus pamitan amangraub suku, kangjeng sultan anggandika, lah yayi poma sira hya gumingsir, sungkemu marang priya.

  20. Kangjeng sultan (n)dedonga ing Widhi, salamete myang ungguling yuda, sarimbit anulya lengser, sangking ing ngarsa prabu, pinaringan sangu mawarni, dunya arta busana, sampet sadayeku, wus prapta ing Surabayan, lajeng ngrakit brokoh tundhan tandhu joli, myang gagamaning ngaprang.

  21. Sawusira rampunging pangrakit, nulya budhal sangking ing Mantaram, brokoh neng ngajeng lampahe, datan kawarneng ngemu, lampahira sampun dumugi, ing nagri Surabaya. Ki Sapanjung methuk, wusing lerem sawatara, kangjeng pangran pinarak aneng pandhapi, andher para punggawa.

  22. Pangran Pekik ngandika mring dasih, heh sakehe bocah Surabaya, padha piyarsakna kabeh, dhawuh dalem sang prabu. mula ingsun linilan mulih, marang ing Surabaya, lawan garwaningsun, ingutus kinen magut prang, angadoni bandawala rebut pati, mangrurah satru tama.

  23. Panunkule Susuhunan Giri, pinasrahken marang jenengingwang, nanging karsaningsun mangke, anakmas Giri iku, lamun kene nungkula aris, sumewa sri Mantaram, tan rekaseng laku, slamet tan ana pepejah, lamun wangkot sayekti rarempon jurit, akeh pegaitn atma.

Tidak ada komentar: