20 Juni 2008

12. ASMARADANA


  1. Sigeg kan wus pacak baris, para wadya Surabaya, angepung Giri Kadhaton, sanega kapraboning prang, gantya kang kawuwusa, wau ta Giri sang wiku, sampun ingaturan wikan.

  2. lamun Kangjeng Pangran Pekik, saha garwa ngepung kitha, anglir samodra balane, (m)blabar ngabeki papan, tiyang ing Ngargopura, jalu estri samya bingung, kadya gabah ingiteran.

  3. Jeng Sunan Giri tinangkil, siniweng kang wadyabala, (m)balabar aneng ngarsandher, samya sanega ing yuda, anganti kang timbalan, wonten putranya sang wiku, mijil sangking kang ampeyan.

  4. Sinung ran Dyang Jayengresmi, wotsekar matur ing rama, dhuh rama pupundheningong, paran temahaning karsa, langkung sandeyaning tyas, arsa ngayoni prang pupuh, mengsah sultan Ngeksiganda.

  5. Atur kawula rama ji, lepato ing ila-ila, kamipurunipun lare, mudha punggung tan wrin ganty, yen kapareng ing karsa, prayogi sami sumuyut, mring Sultan Agung Mantaram.

  6. Sampun ta asalah kardi, kula amiyarso warta, Ngesksiganda sang akatong, susileng tyas ambeg santa, tyas purna angumala, sayeksti kewala luhur, prabawa weninging driya.

  7. Rahayu parikrama di, boten eca yen mingengsah, mupung ing samangke dereng, kalajeng campuh ing yuda, prayogi tinututan, panginten amba pukulun, wande ngayuni ngayuda.

  8. Dene manawi tinampik, karsane caraka kedah, ngatingalken sudirane, pan dede sangking paduka, ingkang miwiti aprang, yekti sangking pyambakipun, datan awrat tinanggulang.

  9. Ambekuh Jeng Sunan Giri, tan keguh aturing putra, nulya mundur sang wira nom, samarga arawat waspa, pinupus ing wardaya, papasthenira Hyang Agung, takdir datan kena selak.

  10. Saundurira kang siwi, ngandika raja pandhita, Endrasena kaya priye, wong Surabaya wus prapat, ngepung ing Giri pura, Endrasena aturipun, wadya Giri wus siyaga.

  11. Ngantos timbalan rama ji, dhuh sutengsun Endrasena, apa kang pinikir maneh, balik nembanga tengara, budhalna wadyanira, nglebur baris Surengkewuh, sira mangka senapatya

  12. Tur sandika kang sinung ngling, manembah mangaras pada, dhuh guru panutaningong, nyuwun pangestu putranta, paduka denpracaya, undure wong Surengkewuh, wus ana ing astaningwang.

  13. Pineteg bunbunanneki, sinebul mawantya-wantya, jaya jaya andikane, mundur anembang tengara, busekan para wadya, gya budhal ingkan rumuhun, wadyane sang Endrasena.

  14. Kalih atus winatawis, samya asikep sanjata, nyothe seking (ng)gendhong towok, panganggene sarwa pethak, wus samya masuk Islam, sabilollah uninipun, ing wuri sang Endrasena.

  15. Sanjatanira pinundhi, pistul kalih sinangkelang, nganggar sabet Karaloke, neng kiwa tengen curiga, adire aneng wuntat, tinrapan bandera pinggul, tinulis asma Pangeran.

  16. Pujinira andremimil, nyebut asmaning Pangeran, sabilollah senggakane, nulya pra kaum ngulama, katib modin santana, myang wadya Giri sadarum, pangenggene sarwa pethak.

  17. Sayuk samya ambeg pati, wus samya ayun-ayunan, wadya Giri Surengkewuh, natap tengaraning yuda, bedhug bendhe myang trebang, suraking wadya gumuruh, kadya belahing prawata.

  18. Rame campuh ing ngajurit, tambuh mungsuh tambuh rowang, wong Giri ampuh yudane, mawantu-wantu nyanjata, wadya ing Surabaya, ing prang tan pati pakantuk, satemah barise rusak.

  19. Endrasena mobat-mabit, ngiwut kadya Raden Seta, mlantrah pisah lan wadyane, singa kang katranjang bubar, lumayu asasaran, kang celak-celak linampus, tan ana mangga puliya.

  20. Prajurit ing Surewesthi, tan bisa namakken gaman, pating bilulung solahe, rumangsa kawratan mengsah, wong Giri pamukira, lir andaka nandhang tatu, ambek pejah sadayanya.

  21. Dumadya kang mengsah giris, tan ana kawawa nyangga, wadya Giri pangamuke, prajurit ing Surabaya, kathah ingkang kabranan, tanapi tumekeng lampus, wadya Giri sru gambira.

  22. Kang pejah mung sawatawis, yata wadya Surabya, sadaya wus kraos cape, undurira alon-lonan, ywa nganti kawistara, wadya Giri sru mangesuk, lir ngrabaseng sinoming dyah.

1 komentar:

Ricky Pratama mengatakan...

assalamualaikum,

saya baca postingan anda mengenai tembang jawa serat centhini,tapimaaf saya tidak mengerti...bisa di terjemahkan ke Bahasa Indonesia?