19 Juni 2008

11. PUCUNG


  1. Endrasena myang sagunging para wadu, kang ana ing ngarsa, andheku dennira linggih, samya minggu tan ana wani micara.

  2. Sang pangeran mingser ngajengken sang wiku, tan ana katingal, pinendir Susunan Giri, nir wikara nir baya teteg ing nala.

  3. Datan an tinaha ing galihipun, pangran Surabaya, yen sinawang (ng)gigirisi, wingwrining tyas kadya anon singa krura.

  4. Solah gansa ulat manis tembungnya rum, heh heh Sunan Arga, pinarsakna*) wuwusmami, Sultan Agung iku ratuning rat Jawa.

  5. Murdaningrat ing jagat pramuditeku, ambeg parikrama, sadu sudibya sinekti, putus ing reh sampeka sura marata.

  6. Pambesmining kang samya tan arsa nungkul, babo praptaning wang, ing saestune tinuding, kangjeng sltan kang pinudya jayaningrat.

  7. Gustiningsung jeng Susunan Sultan Agung, heh Sunan wruhanta, apa karepmu kang pasthi, aprakara kang dadi karya manira.

  8. Lamun sira satuhu nedya rahayu, teteping karajan, tulus wibawa neng Giri, anembaha ing Jeng Sultan Ngeksiganda.

  9. Lan gawanen garwa putra sawadyamu, miwah ngaturena donyanira peni-peni, lan sagunge sosotya retna kumala.

  10. Bareng lawan sebaku marang Mantarum, yen sira ngestokna, ing pituduh ingsun pasti, tutug tetep mulat baskara sasangka.

  11. Yen tan anut marang ing pituduhingsun, apa kang kok arsa, tanpa sesa prapteng lalis, nagri Giri sirna dadi karang jingga.

  12. Gustiningsun Anjayengbumi satuhu, marta parikrama, ing jagad wiryawan iki, wicaksana santosa ngagem agama.

  13. Ing sakehe kasukanira puniku, wiryamu neng dunya, sami lan gebyaring thathit, lah emanen aja nganti kadrawasan.

  14. Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh, rikuh akakadang, welasasih ywa kapikir, kencenging tyas iku kang dadya panutan.

  15. Sunan Giri (n)dengengek wacana arum, ya wlahualam, Allah ingkang ngudaneni, amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran.

  16. Yata wau Jeng Pangeran Surengkewuh, rikala miyarsa, ngandikanya Sunan Giri, tandya medal pasilan ngarseng pandhita.

  17. Sakundure pengeran ing Surengkewuh, rembag dadining prang, samekta ing benjing-enjing, Endrasena jumeneng sumadilaga.

  18. Wus warata dhawuhe sang maha wiku, mring para sakabat, siswa katib kaum modim, para wadya sa-Giri wus amirantya.

  19. Enjingipun sang pangeran sampun rawuh, nagri Surabaya, pinanggih garwa myang dasih, winartanan tambu mangun yudabrata.

  20. Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul, wadya Surabaya, neng alun-alun miranti, baris kepang jeng ratu nitih jempana.

  21. Angideri baris mubeng ngantya kemput, maringken ganjaran mring kang ayun mangsah jurit, arta miwah busana awarna-warna.

  22. Wus warading kang bendhe munya angungkung, panengran bidhalan, kang dadya cucuking jurit, wus lumaku kadya ilining narmada.

  23. Nulya joli tityanira jeng ratu, jeng pangran neng wuntat, nitih kuda datan tebih, ginarubyuk sakehing kang wadya kuswa.

  24. Tan petungan datan kawarna ing ngenu, prapteng Giri pura, kepung kepang pacak baris, sesaking tyas lir pendah ayun asamara.

*) prayoginipun piyarsakna

Tidak ada komentar: