25 Juni 2008

16. MASKUMAMBANG


  1. Ingkang sepuh kakasih Dyan Jayengresmi, ramening ngayuda ngupadosi rayi kalih, Jayengsari Rancangpatya.

  2. Karsanira ri kalih binekta ngunsi, nangin jro kadhatyan, ingubres wus tan kapanggih, rahadyan sanget sungkawa.

  3. Lolos saking Giri madosi kang rayi, tambuh kang sinedya, tan ana kang ngudaneni, lepas lambahe rahadyan.

  4. Kawarnaa wau Raden Jayengsari, tan pisah kalawan rinta Niken Rancangkapti, ngupadosi ingkang raka.

  5. Tan kapanggya santri Buras atur uning, dhuh lae bendara, ing Giri apes ing jurit, tan wande daya tatawan.

  6. Pan binoyong maring nagari Mantawis, rakanta Rahdyan Jayengresmi sampun anis, nir dasih kang atut wuntat.

  7. Duh miyarsa aturi ki Buras santri, Raden Jayengsekar, ngandika waspa dres mijil, yayi paran karsanira.

  8. Niken Rancangkapti matur esmu tangis, kakang nora betah, yen pisah lawan sireki, saparan aku tut wuntat.

  9. Saya ribet tyasira Dyan Jayengsari, yayi karsaningwang, anglut kangmas Jayengresmi, mati urip aywa pisah.

  10. Buras matut kalilana ingkang abdi, tumutur saparan, sumangga nunten lumaris, selak tebah rakapara.

  11. Payo yayi nuli pangkat ing saiki, kang rayi turira, kakang aku dandan dhisik, karo nglumpukke dolanan.

  12. Mengko Buras gawanen dolalan mami, besek temantenan amben cilik rana cilik, bagor isi dhuwit wingka.

  13. Cowek wajan anglo keren kendhil kwali, irus rok-erokan, solet wilah susuk cilik, bagor cilik isi beras.

  14. Tenong cilik isi bumbu aja cicir lan cuwilan bata, kembang jambu ambas krambil, kunir enjet angus wajan.

  15. Buras matur lehe (m)bekto kadi pundi, iya kanthongana, meh bae dhakone lali, kecik klungsu aneng keba.

  16. Mantenaku becik dak gendhong pribadi, aja sira gawa, mengko mundak kok colongi, kateku gawanen pisan.

  17. Ko nek kesel aku (n)juk gendhong sireki, buras tobat-tobat, dhuh bendara napa malih, kari peturon bebetan.

  18. Payo Buras ewangana anjupuki, Raden Jayangsekar, myarsa surak (ng)gegeteri, kang rayi nulya cinandhak.

  19. Gya ginendhong santri Buras aneng wuri, kakang udhunena, pasaranku isih keri, nek dak tinggal mundhak ilang.

  20. Buras matur sedaya tan ana keri, wus pinikul berah, endi mantenaku kecik, karo cukike nek ilang.

  21. Sampun lepas lambahe Dyan Jayengsari, umanjing mring wana, tumurun ing jurang trebis, gantya ingkan winursita.

  22. Kangjeng ratu lawan garwa sang dipati, minggah marang Arga, jinajaran pra prajurit, ingurung-urung sentana.

  23. Kawarnaa garwanya sang maha resi, miyos saking pura, lumajeng atawan tangis, miyat baris kang neng ngarsa.

  24. Prapteng ngarsa mendhak-mendhak mangenjali, anungkemi pada, matur mlasasih wor tangis, lae gusti pundhen amba.

  25. Karsa rawuh aneng padhekahan Giri, sewu kanugrahan, pindha kadhawahan sari, wijile nata minulya

Tidak ada komentar: