01 Juli 2008

20. ASMARADANA


  1. Nengena nagri Mantawis, tamat ing Giri bedhahnya, gantya ingkan winiraos, Dyan Jayengesmi wnarna, prapteng madya ning wana, santrinya kakasih nusul, Gathak Gahtuk namanira.

  2. Cirebon wutahrahneki, nembah matur rawat waspa, tan saged pisah dasihe, ulun-tumuntur saparan, rahadyan lon ngandika, ingsun mangayu-bagyestu, (ng)gonira mantep sih tresna.

  3. Nahan lampahira prapti, patilasaning kadhatyan, Majapait duk kinane, anon rengganing gapura, banon abrit kinarya, rapet ing pamasangipun, atose wus kadya sela.

  4. Pamasang datanpa gamping, tigas ginosok kewala, lawan banon sami banon,s angking mathasing pamasang, suluhan tan katingal, lir sarimbag banon wutuh, ingukir pinatra sekar.

  5. Ing sanginggilira kori, sinungsun tinumpang-tumpang, mancut remit pangukire, ing sapucaking gapura, kathukulan mandira, rompyoh-rompyoh angrambuyung, kiwa tengening gapura.

  6. Binanon nglajur ngubengi, campurinira kadhatyan, radyan miyang kalih santrine, kemput dennira umiyat, nulya manjing jro pura, (n)ujug ing balumbang agung, toya wening gilar-gilar.

  7. Binotrawi sela abrit, kemput tepining balumbang, tinepi sasekarane, andong anggrek argolubang, noja lan sekar nala, nagari cepaka rum, claket myang sekar rejasa.

  8. Rukem ragaina tuwin, klurak kalak kanigara, kemuning kananga kaot, dlima wantah dilem ngambar, taluki sruni wungyan, wratsari landep sumusup, pacarcina pudhak ngambar.

  9. Kathah winarna ing tulis kumenyut tyasira radyan, enget mring ari sang sinom, Rancangkapti kadangingwang, nguni karemenanta, wanci bangun ngundhuh santun, kakaring ing patamanan.

  10. Marang ngendi sira yayi, rahadyan sabil ing nala, tyas pinupus nulya ngaler, umiyat kanang kuburan, rahadyan uluk salam, karengeng wansulanipun, ya raden ngalekumsalam.

  11. Jengresmi lan abdi kalih, guyub samya rarantiban, bakdanya ratib gya lengser, tan patya tebih gya miyat, reca amuka sona, Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul bilih ingong sengguh janma.

  12. Tibane watu si anging , radyan (n)jajah jroning pura, sunya tan ana tabete, gya wangsul maring balumbang, angambil toya kadas, Gathak adan kamat Gahuk, samya prelu waktu Ngasar.

  13. Wus bada anulya mijil, rarywan ngajenging gapura, nulya ana janma rawoh, nyaketi lenggahnya radyan, alon ing aturira, angger ingkang nembe rawuh, sami katuran raharja.

  14. Sinten sinambating wangi, paran kang sinedyeng karsa, radyan angandika alon, paman asung kang pambagya, sanget panrimaningwang, tanpa wisma raganingsun, moyang ngupadosi kadang.

  15. Nama karan Bagus Santri, paman ulun atetanya, andika sinten kasihe, nun kula nama Ki Purwa, ingkang kajibah tengga, patilasan kadhaton gung, Majapait ranning praja.

  16. Yen kapareng bagus kampir, dhumateng sudhunge paman, radyan manis andika, banget ing panrimaningwang, aneng ngriki kewala, ngiras netepi katengsun, ngalap barkahing minulya.

  17. Nunginggih langkung prayogi, dhasar panepen punika, lamun malem (ng)Garakaseh, kathah para manca prapta, mawarna kang sinedya, angunjung astanipun, jenengdalem Putri Cempa.

  18. Panupi sampun ningali, dhaten lebeting kadhatyan, paman wus salesih ingong, kakaring aneng jro pura, umiyati pakuburan, reca miwah blumbang agung, paran gotekipun kuna.

  19. Ki Purwa turira aris, punika ingkang gapura, Waringin-lawang wastane, balumbang kang kalangenan, Sang Prabu Brawijaya, putri Cempa kang kinubur, wus maning agama Islam.

  20. Reca pindha narpati, Balambangan Minakjingga, dadya tirakatan gedhe, punika goteking kuna, dene sanggar pamujan, winastanan Candhi Brau, tan tebih sangking kadhatyan.

  21. Punapa dereng ningali, ing mangke dalu kewala, ulun ingkang (n)dherekake, wektu Mahrib wus andungkap, Gathak Gathuk gya adan, paragat dennira wektu, Mahrib atanapi Ngisa.

  22. Sedhenge prunama-siddhi, padhang bulan kakencaran, rahadyan alon lampahe, Ki Prwa lumakyeng ngarsa, Gathak Gathuk tan tebah, prapta Candhi Brau sampun, pamujan Sri Brawijaya.

  23. Wanguning candi lir masjit, payon banon tatumpangan, dadya lincip pungkasane, ngandhap sinungan wiwara, Ki Purwa aturira, sumangga bagus umangsuk, maring plenggahan pamujan.

  24. RAdyan myang santri kakalih, wus manjing jruning pamujan, langkung kacaryan driyane, miyat rarenggan srawendah, myang awuning kang dupa, ngandhukur lir pendah gumuk, wus tamat anulya medal.

  25. Ki Purwa umatur malih, wonten malih candhi endah, Bajang ratu (ng)gih namane, anaging klebet sirikan, yen wonten kang umiyat, tan kadugen kajengipun, miwah apes kang pinanggya.

  26. Prayogi boten ningali, radyan angling paman nedha, kendel ing ngriki kemawon, ulun apamitan pisan, ing ari benjang-enjang, ayun (n)dumugekken laku, ngupaya kesahing kadang.

  27. Ki Purwa umatur inggih, sumangga sakarsa tuwan, dalu datan winiraos, wanci pajar gidib nulya, angambil toya kadas, para gading waktu Subuh, rahadyan aris ngandika.

  28. paman kantuna basuki, Ki Purwa aris turira, rahadyan lajeng lampahe, wamarga arawat waspa, nanedha ing pangeran rahayuning aranipun, rama miwah kaluwarga.

  29. Lepas lampahnya dumugi candi Panataran Blitar, nengardi Kelut sukune, sela cemeng kang kinarya, ageng ingkang sajuga, wit ngandap tumekeng pucuk, ingukir ginambar wayang.

  30. Radyan gya minggah ing candhi, tundha pitu prapteng pucak, udhunira along-alon, Gathak Gathuk barangkangan, tyas agung tarataban, tekeng ngandhap Gathuk muwus, Gathak mau gambar apa.

  31. Kang ingukir pinggir candhi, lunglungan ceplok kembangan, memper wayang buta kehtek, Gathuk ing pangiraningwang, gambare Ramba tambak, katara ketheke brengkut, candi alit tininggalan.

  32. Lir cungkup wanguaneki, ing sanginggiling wiwara, sinerat sastra Budane, Gathak matur inggih radyan, punika kadiparan, kajenge sastra puniku, pating penthalit tan cetha.

  33. Rahadyan ngandika aris, sastra Buda papengetan, sewu rongatus etung, sangang uluh siji warsa, nalikane akarya, ing sanggar pamujan iku, manthuk-manthuk Gathuk Gathak.

  34. Tapis dennira mirsani, mentar sangking Panataran, awirandhungan lampahe, ngancik pandhekahan Gaprang, miyat kang reca sela, kakalih estri myang jalu, aneng sapinggiring marga.

  35. Sekar konyong amenuhi, dupanira datan kendhat, tinengga palawangane, Gathak Gathuk lon tatanya, kiyai niku napa, jurukunci lon sumaur, bagus niki panyandranan.

  36. kang jaler nama Kiyai, estri nama Nyai Gaprang, pan dadya pakaulane, kang samya aminta barkah, nyunyuwun ge susuta, sarat lenggah kalihipun, ngungkrake kyai reca.

Tidak ada komentar: