15 Juli 2008

30. SINOM


  1. Mangkana tyasira radyan, dupi myarsa andikaning, Kyai Ageng Pariwara, dadya supe dhahar guling, ing nala kang kalingling, amung shira Hyang Agung, rum manis aturira, kiyageng lamun mareng, dasihipun arsa dumugekken lampah.

  2. Paduka kantuna arja, kawula anyuwun pamit, iya kulup kywa pepeka, ingsun nyangoni basuki, sausnya mangenjali, sasalaman nulya mundur, Gathuk Gathak pamitan, wus linilan kalihneki, ruruntungan tan pisah lan bendaranya.

  3. Nagel ngilen lampahira, wanci ngajengaken Mahrib, prapteng Gubug padhekahan, anon urube kang api, neng satengahin sabin, kinubeng ing mandera gung, ana panti kang celak, dhapur masjit caket api, Dhatuk Bahni ing Marapi kang atengga.

  4. Wikan lamun kadhatengan, gya mijil sangking ing panti, wus pinanggih lan rahadyan, samya sasalaman katri, Ki Dhatuk ngandika ris katabetan ingkang rawuh, sru begja kemayangan, de ana kan sudi kampir, mring asonya mas putu pundi pinangka.

  5. Lawan sinten kang sinambat, paran kang sinedyeng kapti, rahadyan matur prasaja, kula nama Jayengresmi, de rencang kula kalih, pun Gathak lawan pun Gathuk, ing Giri kalairan, tan ana sinedya ngati, ambalayang ngupadosi dwi kakadang.

  6. Mankya pados pasipengan, pramila bilih marengi, nyukeri jogan paduka, ki Dhatuk latah dennya ngling, dhuh babo wong asigit, sampun kang sipen sadalu, sanadyan salaminya, kepareng dhdhekan ngriki, iba-iba pun kaki bingah ing nala.

  7. Wawi ngambil toya kadas, sedheng wancinira Mahrib, wusing kadas Gathak adan, paragat wektu Mahribi, pujiyanira ngenting, sampet wektu Ngisanipun, wusing bakda salaman, lajeng lalenggan sami, wus ambanjeng sugatanira ki wisma.

  8. Liwet ketan panggang ayam, cinocoh ing santen kanil, winadhahan panjang ilang, sambel windu saking miri, linemeng bumbung peting, gula siwalan neng ngempluk, wedang sekar sridenta, Ki Dhatuk wacana manis, wawi bagus pun kaki atur sugata.

  9. Supala amung kinarya, lumayan aywa kalantih, pikantuk denira dhahar, linorotken marang abdi, rahadyan matur aris, ing waku kula andalu, siti resik arata, gumrebeg umedal agni, urubing ingkang acelak bantala.

  10. Warni ijen biru jenar, kadya sekaran tinepi, inggiling urub saasta, wiyarira sawatawis, caket lawan Marapi, wonten sela alus bagus, kadnya umpaking wisma, Ki Dhatuk ngandika manis, ing marapi kang murub mangalat-alat.

  11. Wawi bagus pinurugan, wus medal sangking ing masjit, kerit ki Dhatuk lampahnya, prapta celaking Marapi, Ki Dhatuk malbeng geni, inguseg suku wus lampus, peteng dhedhet limentan, tan dangu gya murub malih, Dhatuk Bahni wacana lah Gathuk Gathak.

  12. Usegken suku lir ingwang, lamun mengko uwus mati, suleten sadhengah-dhengah,pasthi banjur murub maning, Gathak Gathuk turneki, dede pabenan (m)bah Dhatuk, latu kangge mainan, jabakneya yen kiyai, bilih kula yekti kobar dadi wangwa.

  13. E ta mara lakonana, Gathuk jinorogken aglis, mring Gathak dhawah kalumah, cakekalan dennya tangi, tan ana raosneki, wus inguseg suku lampus, sinulet nulya gesang, nahan toyanira sabin, gya ngelebi sadhengkul lebeting toya.

  14. Latu maksih kantar-kantar, aneng sanginggiling warih, rahadyan asru kagagas, kaelokaning Hyang Widhi, kadiparan kiyai, mila bukani rumuhun, ki Dhatuk Bahni lingnya, wikana ulun tan ungin, watu umpak punika duk jaman Demak.

  15. Adegen mesjid ing Demak, para wali kang ngadani, Jeng Susunan Kalijaga, kabageyan umpak siji, pambekta prapteng ngriki, sampun wanci bagda Subuh, ing kangka datan kena kebyaran adeging mesjid, gya tinilar mangkya dadya panengeran.

  16. Sinten wonge kang kuwawa, anjunjung sabari linggih, kalakyan sasedyanira, suwasi yen badhe nyobi, rayadyan turireki, amung ngalap berkahipun, linuhung waliyolah, kaecan dennya ningali, ing Marapi dadya tan wangsul mring wisma.

  17. Rahadyan matur tatanya, kula mireng caritaning, ing nagari Ngeksiganda, telenging karaton Jawi, yen arsa mangun kardi, amikramaken sunu, deging tarub ingetan, myang wulannya kedah milih, ing karesmen pados dinten kang prayoga.

  18. Inggih bagus dhasar nyata sanadyan ing dhusun ngriki, saben ayun darbe karya, sami tatanya mring mami, wulan ingkang prayoga, kangge andhaupken sunu, priridan sangking Arab, miwah etangipung Jawi, pan kinumpul supadi manggih widada.

  19. Adeging tarub punika, pepitu etanganeki, awite tanggal sapisan, tarub-tarub den wastani, tanggal kapindho nenggih, selumang-lanang, rannipun, ping tiga saluman-dyah, ping pat rahayu basuki, kaping lima rahayu salamet tama.

  20. Kaping nemme pati-lanang, kaping pitu pati-estri, ping wolu sami sapisan, tekeng sapiturutneki, mangkya ingetan sami, kaping sapisan ping wolu, limalas rolikur lan, sangalikuripun nenggih, pan ingaran tarube sri naranata.

  21. Pindho sanga ping nembelas, telulikur tridaseki, salumah-lanang ingaran, ping tiga sadasa tuwin, seluman-wadon puniku, kaping pat ping sawelas, wolulas salawe nenggih, apan sami rahayu kawilujengan.

  22. Kaping lima kaping rolas, sangalas nemlikur sami, rahayu tur karaharjan, ping nem ping telulas, tuwin, dwidasa saptakuring, ngaran pati-lanang iku, ping pitu ping patbelas, slikur wolulikur sami, ingaran pati wadon tan prayoga.

  23. Samonoku nyingkirana, sangar naas gung myang tali, wangke sampar-wangke miwah, dhendhan-kukudan lan mawi, sangat adegireki, ingkang saka awitipun, sarat nganggeya saka, dhadhap srep teka satunggil, kang prayoga prayogine den anggeya.

  24. Satunggal tarubing-nata, ageme jeng sri bupati, kalihe seluman-lanang, tri seluman wadon nenggih, sami datan prayoga, kaping sakawan rahayu, kaping gangsal raharja, punika sami prayogi, kaping nenem pati-jaler tan prayoga.

  25. kaping sapta patining-dyah, ugi tan sai pinanggih, petang sapta yen sri nata, kang kagem petang stunggil, snese narapati, petang sakawan puniku, kalawan etang gangsal, punika salah satunggil, kang kinarsa dene wulane kawinan.

  26. Wonten sabdaning Utusan, adhawuh ing para mukmin, den padha angawruhana, ing wong salaka-rabi, amanggih papa nengggih, lamun awon wulanipun, raharja manggih suka, lamun sasinipun becik, prayogine den sami nyumerepana.

  27. Lamun Mukaran dohane, tyang akawin laki-rabi, utangan nglamatira, wulan Sapar tan prayogi, wikana kang pinanggih, Rabingulawal kang tensu, pejah salah satunggal, yen wulan Rubingulakir, manggung runtik tansah arebat suwala.

  28. Ing wulan Jumadilawal, antuk druhakeng Hyang Widdhi, tur akerep kapandungan, jinahan pakartineki, yen kawentara yekti, anandhang wiwirang gung, jumadilakir wulan, sugih emas lawan picis, wulan Rejeb kadaden anak lan dunya.

  29. Ing wulan Sakban raharja, sakgawene nemu becik, wulan Ramelan duraka, kathah pandameling eblis, wulan Sawal tan becik, geringan pakantuking, ing wulang Dulkangidah, asring susah ngliliwati, wulan Besar raharja sasolahira.

  30. Ing karesmen winarna, kang pangandika Jeng Nabi, salalah ngalehi salam, rikala amituturi, dhateng kang putra estri, Siti Patimah kang luhung. lawan dhadhawuh marang, putra mantu Sayit Ngali, rayiyalahu ngnhu babing masalah.

  31. Ing wong karesmen lang garwa, eh Ngali pitururmami, aja sira asanggama, tanggal pisan lawan malih, ing wekasaning sasi, nora becik karonipun, iku kalamun dadya, anake metoni cilik, lawan aja asanggama tanpa damar.

  32. Lamun dadi sutanira, balilu kurang kang budi, lawan aja asanggama, dina Akat lang wengining, iku kalamun dadi, pan durjana larenipun, lawan aja sanggama, ing dina Rebo tan becik, lan wengine yen dadi bocah cilaka.

  33. Lawan aja asanggama, wektu pajar nora becik, lamun dadi larenira, tuna-liwat lareneki, lan aja karon resmi, nalika tangangeiku, kalamun dadi bocah, dadi juru teluh ugi, lawan aja sanggama malem riyaya.

  34. Wit ri lamun dadi bocah, duraka mring bapa bibi, lawan aja asanggama, maleme riyaya iki, Besar kalamun dadi, bocah siwil adatipun, lan aja asanggama, ingkang katlorong Hyang Rawi, lamun dadi bocah adoh begjanira.

  35. Lan malih ada sanggama, sambi ngadeg datan becik, mangka lamun dadi anak, duwe lara beser benjing, lan aja karon resmi nalikane dina saptu, miwah ing wengenira, iku lamun dadi bayi, balaine adate kalebeng toya.

  36. Lan aja sanggama sira, sambi ngusapi pareji, miwah dakar iku aja, ngusapan lawan jejarik, mangka kalamun dadi, bocah kurang budinipun, lan aja asanggama, sambil rarasan tan becik, mapan bisa adate yen dadi bocah.

  37. lawan aja asanggama, kalawan nginali parji, lamun dade larenira, wuta adate punika, lawan aja karesmin ning ngisor wit-witan iku, kang piangan wohira, yaiku kalamun dadi, larenira panggaweyani niaya.

  38. Lawan aja asanggama, malem Barahat tan becik, lamun dadi larenira, anandhang lara tan mari, iya kalawan malih, aja sira karon lulut, ana ing panginepan, puniku kalamun dadi, larenira abanget cilakanira.

  39. Lan aja sanggama sira, anuju kelling pawestri, lamun dadi larenira, budhug adate kang sakit, poma Ngali den eling, imanena tuduhingsun, eh Ngali sanggamaa, malem Senen iku becik, myang rinane apan iya becik uga.

  40. Lamun dadi larenira, wateke saregep ngaji, lawan sira sanggama, ing malem Salasa becik, lawan raina becik, lamun dadi bocah iku, akeh wong ingkang tresna, lawan sanggama Ngali, malem kemis miwah arainanira.

  41. Lamun dadi sutanira, pan akeh begjanireki, lawan sira sanggama, ing malam jumungah becik, nadyan raina becik, lamun dadi sutanipun, apan sugih kabisan, lan sanggamaa sireki, sadurunge lingsire dina Jumungah.

  42. Utawa ing Kemis dina, karone iku ta becik, yen dadi atmajanira, dadi pangulu lan malih, sinunataken ugi, ing wong asanggama iku, yen amaca bismilah, hirahman ya nirakimin, lan amaca tangawut pan sunat uga.

  43. Yen tan amaca bismilah, nalika arep sahwati, lamun dadi sutanira, balilu tuna kang budi, mila yen arsahwati, derenge (ng)genne tangawut, menek ana panjanmaning, satru kang den kawruhi, dipun sami ngestokken Kadis asmara.

Tidak ada komentar: