23 Juli 2008

35. DHANDHANGGULA (2)


  1. Raden Jayengresmi tanya malih, kadiparan sangat palintangan, punapi wonten sanese, ki Buyut manthuk-manthuk, manut dinten lampahireki, pipitu kehing lintang, sadinten sadalu, paedahe pyambak-pyambak, awon penet myang laire jabang bayi, tinitik saking lintang.

  2. Lintang Samsu sabarang prayogi, lawan marek ing sri naranata, myang wong agung sasamine, ningkah langkun panuju, ingkang awon tuwin myang sakit, nunugel kesah perang, jejampi nyanyambut, tuwin ngenggali pangganggya, undang-undang prasanakan atanapi, kumpulan tan prayoga

  3. Lare lair rainten marengi, jales estri umuripun panjang, sinung padhang ing driyane, kedhik rijekinipun, prihatinan ing tyasireki, jalu estri yen medal, dalu watekipun, pan ugi petengan manah, lawan sinung gelap tyase anawengi, gantya kang winursita.

  4. Lintang Juhrah angka dwi nameki, samukawis punika prayoga, dinen ngelmi utamane, rabi tumekeng sarju, anjampeni rare utami, anggalih samubarang, pandamelan atutde, kang awon andum karya, akengkenan dhumateng mengsahing jurit, myang kengkenan sadhengah.

  5. Lare lair jalu lawan estri, ing raina jembar kang polatan, jalu estri yen laire, anuju wanci dalu, langkung kumet wicaraneki, tur pengkok nora (ng)gragap, kaping tri winuwus, lintang Ngatarit pinajar, samubarang prayoga ingkang upami, mumuruk amamarah.

  6. Marek nata myang pados usadi, apan sami prayoga sadaya, dene ingkang boten sae, paes pasah cucukur, lair rinten bilih pawestri, sae keh daulatnya, nging wicara kaduk, ragi panasten ing manah, namun saged ing damel tan nguciwani, yen jaler lair siyang.

  7. Apan awon ing tyas gung prihatin, bilih estri dalu lairira, cupet kang budi wateke, yen jalu lari dalu, watekipun jembar kang budi, sabar lila ing donya, tur sudih begja gung, welasan marang sasama, mangkya catur lintang Kamar kang winarni, samukawis prayoga.

  8. Tuwin marek ing sri narapati, angandikan kang mawa paedah, sisimpen tulus arjane, adagang antuk untung, akengkenan sarju katampi, mamaris tulus trimah, kang awon winuwus, pradata padu myang nglamar, atanapi (n)dhaupaken laki-rabi, punika tan prayoga.

  9. Lare estri lair amarengi, nuju siyang boros watekira, yen jalu siyang laire, cuparira kalangkung, lamun estri lairnya ratri, sae saged ing karya, bekti marang kakung, nastiti mring samubarang, lamun jaler lairipun wektu ratri, barancah mring wanodya.

  10. Panca lintang Juhkal kang winarni, ingkang sae wiwit gentur tapa, pandamel mring Pangerane, awit ngantos pakantuk, lyan punika boten prayoga, yen rare lair siyang, atanapi dalu, jalu estri ugi samya, tansah kambah sakit encok tan kalirih, nanging keh rejekinya.

  11. Tur asabar lila ing donyaki, wadanane mung radi engetan, gumantya angka neneme, lintang Mustrai iku, ratuning kang lintang sapteki, langkung sae sabarang, satingkah rahayu, ingkang awong mung sajuga, amanggalih ngadoni lapahing jurit, yen rare lair siyang.

  12. Jalu estri pan sami prayoga, watekipun saestu sukuran, yen estri lair dalune, ajrih mring piyanipun, pandamelan agal myang remit, widada awidagda, lamun rare jalu, lair dalu langkung pradhah, tan kaconggah nedha ing kebon ananging, remen nyilib tyasira.

  13. Mangkya gantya kasapta mungkasi, lintang Mirah ingkan aprayoga, namping imba paras paes, sunat ugi pakantuk, atanapi ngadoni jurit, lawan iyasa gaman, kajawi puniku, pakaryan awon sadaya, lamun nuju rinten rare lair estri, watak jail kang manah.

  14. Bilih jalu rinten lairneki, tan saranta barang watekira, yen lair nuju ratrine, estri tanapi jalu, tan salamet manahnya gingsir, keket kapara ngarsa, jail amathangkul, sampun jangkep lintang sapta, awon penet ing mangke wiwit winilis, lampahing pilantangan.

  15. Malem akad ing wanci Mahribi, ingkang tampi Samsu taranggana, Ngisal Juhrah tampine, wanci sirep janmeku, lintang Tarit ingkang atampi, tengahe ratri Kamar, lingsir wenginipun, tinampenan lintang Juhkal, bangun enjing lintang Mustari kang tampi, Subuh Mirah gumantya.

  16. Akad enjing Samsu kang nampeni, rame pasar tinampen ing Juhrah, lebar pasar Tangarite, bedhug Kamar kang lungguh, luhur Juhkal ingkang nampeni, Ngasare tinampenan Mustari punika, sontene ingkang atampa, lintang Mirah jangkep saratri saari,lampahing lintang sapta.

  17. Malem Isnen ing waktu Mahribi, ingkang tampi taranggana Kamar, Ngisa-bah Juhkal tampine, ing wanci sirep manus, ingkang tampi lintang Mustari, tengah ratri Mirahnya, lingsir wenginipun, lintang Samsu kang alenggah, bangun enjing lintang Juhrah katan atampi, Subuh Natarit lintang.

  18. Isnen enjing lintan Kamar tampi, rame pasar tinampen ing Juhkal, lebar pasare tinampen, Mustari trengganaku, wanci bedhug Mirah kang tampi, wektu Luhur Samsunya prapteng Ngasar puput, tinampenan lintang Juhrah, wanci sonten Ngatarit ingkang atampi, jangkep lintang kasapta.

Tidak ada komentar: