04 Juli 2008

23. KINANTHI


  1. Lah pirengna radyan ulun, amama sarahing peksi, saking Jeng Nabi Suleman, nenggih ingkang anjarwani, kang peksi pelatukbawan, keh manpangatnya winilis.

  2. Yen kang rumiyin dinunung, susukipun ingkan nginggil, karya sepuhing gagaman, gagaman sakalir-kalir, sawabipun datan ana, wong teguh tan pasah titis.

  3. Yen tan pasah kang tinanduk, dadya sakti geng (n)dhatengi, tan waras prapta ing pejah, ilating peksi winarni, dhinahar ingkang paedah, ing pamicara patitis.

  4. Netranira kang ginantung, munggeng saluhuring kori, tebih saking duratmaka, wuluning murda kinardi, sumping rarywa lit sawabnya atebih saking panyakit.

  5. Polo pan kinarya pupuh, ing netra pan datan keni, ing lalamur sawabira, jajantungipun binukti, sawabira sarwa gampang, sabarang ingkan kinapti.

  6. Lan kabuka ngelmunipun, aperuninpun upami, winor lan minum-minuman, miwah winor lawan jampi, sawabe rikat lumajar, pringsilanipun binukti.

  7. Kinasiyan sawabipun, mring wanodya lawan malih, kinasiyan mring pandhita, miwah maring para wali, dhandhaning peksi dhinahar sawabipun lamun sakit.

  8. Enggal ing waluyanipun, brotol binukti pawestri, sawabipun kinasiyan, dyah ika maring ing laki, buntut winor lan gulunya, binasmi nulya binukti.

  9. Ing pawestri sawabipun, linuwih samining estri, laripun kenarya gelang, elingan sabarang kardi, lawan malih ingkang elar, winor ing sabuk prayogi.

  10. Kinasiyan sawabipun, lamun suwiteng narpati, yen sineleh sorring bantal, patileman sawabneki, titingalan sarwa endah, tur rineksa ing Hyang Widdhi.

  11. Sawabe ingkang babalung, akuwat yen densimpeni, myang balung suwiwinira, sinelehaken ngisoring, pasareyan datan liyang, sawabe akuwat malih.

  12. Atinipun pan ginantung, luhure dennira guling, sawabipun betah sahwat, yen winor lisah kalentik, myang waedhak ingkang sahwat, sirna sagunging sasakit.

  13. Suku kalih sawabipun, lamun pinendhem ing sabin, myang sakehing tataneman, tulus wohipun andadi, lamun malih ingkan manah, ginelangaken ngasteki.

  14. Wisa tawa sawabipun, isining wisma sakalir, tebih sangking ing lalara, nenggih atinipun malih, ingusapaken ing dakar, betah sahwat sawabneki.

  15. Ingkang ilat kinaryeku, jimat sawabe tan kengin, ing luwe betah alapa, lawan kulitipun malih, tinalekaken padharan, yeku betah luwe malih.

  16. Kapalanira kang manuk, kinarya jimat ngajurit, kinajriyan marang mengsah, yen wonten wisma upami, panas tan kena kanggonan, pinendhemen elarneki.

  17. Panjawat kang tengenipun, wolung lembar aja luwih, pepadonipun lor wetan, dadya tawa panasneki, getih denakingken ika, winor lawan bawang abrit.

  18. Lawan adas nulya kinum, ing toya neng pinggan putih, karya jampi lare netra, pinupuhaken tumuli, insa Allah dadya waras, yen wonten sasakit kuping.

  19. Pinupukaken pan mantun, lamun arsa denkasihi, lan wong akeh myang yen arsa, sugih lan yen arsa dadi, barang ingkang tinaneman, puwasaa tigang ari.

  20. Den Kadya puwasa agung, winateka donganeki, punika melekang donga, Allahuma barkat saking, Gusti Bagendha Suleman, mung iku tan ana malih.

  21. Kang pingan atinipun, ingolah sakalir-kalir, yen wus dennira puwasa, matek donga sarwi bukti, yen adagang myang ngawula, den tetep hya walanggalih.

  22. Kalamun arsa sireku, siniyan wong katha malih, tyas lan ilat winor barang, olah-olahan binukti, lamun arsa matenana, ing wong durjana mamaling.

  23. Ingkang kiwa tapakipun, dinundep ing cucuk nenggih, insa Allah pesthi pejah, lamun arsa sugih ngelmi, tyas binukti lawan uyah, goreng wus titi kang paksi.

  24. Rahadyan ngandika arum, Ratu Mas Trengganasasi, banget ing panrimaningwang, sira sun pitutur jati, ngalamateng paksi dhandhang, miwah peksi prenjak muni.

  25. Sarahing tukang linuhung, myang palatubawang paksi, apa kang dak walesena, Ratu Mas turira aris, luwih karsaning Hyang Suksma, ingsun iku mung sadarmi.

  26. Kabeh kang wus ingsunwuwus, iku darbekmu pribadi, amung kang medharken ingwang, sarehne wus lingsir akir, sun pamitan tan lilanana, mantuk mring kahyangan mami.

  27. Wus tan katon kangjeng ratu, Gathak Gathuk nuli tangi, sarya matur mring rahadyan, kawula satengah ngimpi, mireng swara tanpa rupa, amung ganda mamrik minging.

  28. Lir tindhien raosipun, sruwing-sruwing kapiyarsi, tukang platuk lunjak-lunjak, sarah-sarah denadhangi, punika ginem punapa, sinten rencang paduka ngling.

  29. Rahadyan ngandika arum, kawruhanamu kang prapti, anemoni jengingwang, iku ratuning dhedhemit, ngadaton ing Bagor wana, ing nguni putri narpati.

  30. Sang Aprabu Majalangu, Brawijaya kang sisiwi, anggentur amatiraga, tan sarju salin agami, katrima panedhanira, bisa jumeneng narpati.

  31. ngratoni sagung lelembut, sajroning Bagor wanadri, saben bengi mariyeman, Gathak Gathuk duk miyarsi, marinding githok mangkarag, wus awanci pajar sidik.

  32. Samya wulu wektu Subuh, paragat dennya ngabekti, linggar sangking Sugihwaras, ngancik suku Pandhan wukir, manjar manginggil wus prapta, ing dhusun Kadhaton nami.

  33. Nyabrang lepen mili ngidul, toyanya nyarong awening, miyat balung langkung kathah, ageng-agenge nglangkungi, lajeng lapahira radyan, wus prapteng sukuning ardi.

  34. Ing Gambiralaya gunung, nulya umanjat manginggil, prapteng pucak non prapatan, tanggul siti angubengi, tinaneman sasekaran, argulo gandanya amrik.

  35. Pinecakan kubengipun, tigang dasa langkung kalih, (n)jawi tanggul kidul witan, wonten reca sela langking, patrape lir janma priya, mangku palanaganneki.

  36. Wus pisah lan badanipun, mung sapucan agengneki, Gathak Gathuk latah-latah, ana maneh angungkuli, duwke reca ki Gaprang, kalah dawa gedhe iki.

  37. Rahadyan nulya tumurun, ngaler ngerem-erem wukir, anon balung ageng panjang, tikel pat lan kang rumiyin, prapteng ngare angandika, lir mas tumimbul ing warih.

Tidak ada komentar: