17 Juli 2008

32. KINANTHI


  1. Kalangkung gungin panuwun, paduka sung tedah jati, penet awoning pakaryan wenang, mokaling sanggami, kang sayogya linampahan, patut linaluri-luri.

  2. Ing mangkya kawula nyuwun, lilahipun sang linuwih, pamit (n)dumugekken lampah, kyai kantuna basuki, muhung pangestu paduka, rahayune lampah mami.

  3. Dhatuk Bahni ngandika rum, dhuh mas-putu wing asigit, ampun kirang pangaksama, ulun puja basuki, ing lampah ywa kasangsaya, miwah ingkang den padosi.

  4. Sami manggiha rahayu, ramanta kang neng Mantawis, antuka nugraheng nata, wangsul (m)bawani ing Giri, sinuhung ing kulawarga, tetep kadi nguni-nguni.

  5. Radyan (n)dheku matur nuwun, ru wusira manganjali, atur sinungan salam sang tapa, Gathuk Gathak angabekti, sausing sinungan salam, katri mundur sangking ngarsi.

  6. Kyai Dhatuk ingkang kantun, kumembeng waspanya mijil, kaya-kaya nututana, labet sru trestaning galih, tan cinatur kang kabyatan, asruning sih mring tatami.

  7. Radyan lampahira laju, ngaler ngetan sawatawis, Hyang Surya wus nunggang arga, mungup arsa amadhangi, ing saisining kanan rat, maweh enggaring panggalih.

  8. Ing papagan wus kapungkur, tumameng ing wana werit, keh rawa kang kaliwatan, ngancik sukune kang wukir, talatah krajan Undhakan, dhukuh Prawata kaeksi.

  9. Raden ngandika mring Gathuk, payo pada den parane, padesan kang katon ika, lajeng lampahira katri, prapteng sajawining dhadhah, kendel satepining beji.

  10. Kayoman ing nagasantun, pinageran ing wratsari, winengku ing sela kresna, radyan ngambil toyastuti, wektu Ngasar wus paragat, salaku sepining beji.

  11. Gathak Gathuk manthuk-manthuk, meteki sampeyan kalih, rengeng-rengeng sasingiran, tan ana tinaheng galih, tentrem raosing sarira, wauta ingkang winarni.

  12. Lurah ing Prawata dhusun, kakasih Ki Darmajati, Darmawati nyainira, atmaje estri satugngil, paparap Wara Surendra, ing warna tuhu linuwih.

  13. Wingit ing pasemonipun, kuning wenes amrakati, enteng ruruh tur jatmika, lantip ing weweka titi, susila tyase ngumala, ujwala manther nelahi.

  14. Ngrerompyoh sesinomipun, rema ngendrawila wilis, jangga lumun asembada, welar pranajanireki, maya-maya sinatmata, lir pendah cengkir pinginit.

  15. Awijang bebaunipun, asta anggandhewa gadhing, wiraga nenangi brangta, yen lumampah ngati-yati, ririh alon membat madya, lambung memes kadyangganig.

  16. Tujung lumembang ini ranu, kasilir ing angin-angin, wasis saliring pakaryan, kang winajibken pawestri, sang dyah tumutur ing rama, mring tegal arasa ngundhuhi.

  17. Lombok terong pare timun, kacang ceme myang kacipir, lumampah aneng ing ngarsa, kasorot ing Sang Hyang Rawi, mangu-mangu Sang Hyang Surya, denyarsa tumameng wukir.

  18. Kasengsem miyat sang ayu, dumadya mandheg timolih, sang dyah rara kampir sendang, tekeng satepining warih, cangkelak wangsul trataban, enar-enar senig-senig.

  19. Kapanggih ing ramanipun, sarya awacana manis, rama aku tur uninga, ing kono tepining beji, ana wong anyar kawuryan, linggih slonjor dipeteki.

  20. Baneke kang metek ngidung, Kinanthi siji ngenngaki, Ki Darmajati tatanya, dhenok jalu apa estri, embuh rama ora tamat, ki lurah (ng)guguk lingnya ris.

  21. Heh bokne Nok den agupuh, maranga tegal pribadi, kalawan atmajanira, sawuse sirau ngundhuhi, apa saisining tegal, banjur olahen kang becik.

  22. Menuok angundhuha jambu, dersane kalawan manggil, kepel kokosan rambutan, dhuwet pulih aja kari, lan dalima ingkang tuwa, jeruk keprok salak medhi.

  23. Pelem santok sengir madu, pilihana kang mateng wit, alaha jangan beningan, sambel jagung jangan menir, pecel ayang kang kumanggang, lalaban cambah kemangi.

  24. Berutu ayam ywa kantun, lan gorengan ayam estri, gesek-kutug gegpukan, sambel brambang lalab sledi, kekecutan sungthi bawang, lawan ketimun sumerit.

  25. Wedang kahwa gula tebu, saringan tepas kang resik, nyanyamikan puthu-tegal, carabikang mendut koci, semar mendem buntel dadar, kinoplok ing santen kanil.

  26. Sambel goreng kring ywa kantun, urang campuraen lan ati, rambat kulita kang ayam, petis kang wus kok bumboni, sega lemes sega akas, jiwet pitik jago biri.

  27. Wedan ronning blimbing wuluh, sing anyep rendhemen warih, reremikan dhaharan, criping kaspe criping linjik, pisang goreng nganggo gula, creiping tela karag gurih.

  28. Wis mangsa bodho sireku, pikiren lan bokmu nyai, aywa na ingkang kuciwa, Ki Darma lajeng mring beji, wau rahadyan kang lagya, pinetekan abdi kalih.

  29. ngandika mring Gathak Gathuk, mira mau muni tobil, banjur mlongo kadhep tesmak, Gathuk mator wonten janmi wanodya warna yu endah, arsa tumameng ing beji.

  30. Tan dangu cangkeluk wangsul, kilap wau purugneki, amung tilase lumampah (ng)gantheng kadya lintang ngalih, kinten kula waranggana, apesipun putraning jim.

  31. Kendel dennira umatur, praptane Ki Darmajati, nyaketi lenggahnya radyan, saha aturura aris,dhus risang nembe kawuryan, kula anggger nilakrami.

  32. Pundi pinangka sang bagus, sinten sinambating wangi, rahadyan arum ngandika, kula aran Jayengresmi, satri nagri surapringga, saking umiyat Marapi.

  33. paman punapi pilingguh, lan sintan ingkang wawangi, Darmajati nama kula, lurahing Prawata ngriki, bilih kaparenging karsa, kawula aturi kampir.

  34. Dhumateng ing sudhung ulun, paman kalangkung prayogi, menggah dhepokipun paman, gapura ingkang keaksi, o raden dede punika, tilas karaton Jeng Gusti.

  35. Sultan ing Demak karuhun, paman ulun ayun uning, patilasani ngawirya, wawi kula kang umiring, linggar saking in patirtan, Ki Darma lumakyeng ngarsi.

  36. Minggah prapteng alun-alun, lir ara-ara waradin, kantun wringih kalih jajar, nulya minggah mring sitinggil, mangidul anon gapura, angongkang tepining wukir.

  37. Munggul sela gamping bagus, ingukir pinatrap remit, margi minggah dhauk-undhakan, gela gamping kang kinardi, prapteng lebeting gapura, Ki Darma atunya mijil.

Tidak ada komentar: