25 Juli 2008

36. PANGKUR


  1. Punika yen karya griya, ukuripun pecakira pribadi, pinecakan panjangipun, gansal petanganira, esri adi naga emas perak lamun, griya kadhawahna emas, pandhapa perak prayogi.

  2. Bilih pawon dhawah naga, payon lesung prayogi dhawah adi, manawi iyasa lumbung, dhawah esri pecaknya, sampun jangkep menggah saka kang denukur, kajawi tangkping ngandhap, lan kajawi purusneki.

  3. Ngukur wiyare kang saka,lajeng kangge ngukur panjangireki, ugi gansal petanipun, bumi banyu prawata myang sangkala geni jangkep gasalipun, dhawah bumi kang prayoga, teteg watekipun bumi.

  4. Dhawah banyu watekira, apan srepan punika (ng)gih prayogi manawi dhumawah gunung, watek kerep aliyan, lamun dhwah sengkala awon kalangkung, kang darbe wisma geringan, dhawah geni tan prayogi.

  5. Kabasmaran watakira, mangkya usuk denetang cajah iji, inggih gansal petangipun, esri kakitri gana, kliyu pokan bilih wisma etang usuk, prayoga esri dhawahnya, pandhapi dhawaha kitri.

  6. Kalih punika prayoga, bilih masjid gana ingkang prayogi, sanese masjid puniku, manawi dhawah gana, tamu angker utawi singit kalangkung, kaliyu datan prayoga, geringan kang gadhah panti.

  7. Yen denetang dhawah pokah, tan prayoga kerep nandhang prihatin, kapejaan jumarunuh, sampun jangkep etangnya, dene pager punika ukuranipun, dedege kang darbe wisma, tuwin dhepane pribadi.

  8. Menggah wiyaring pemahan, sakukanya pan boten denwanceni, gangsal wewilanganipun, bebuka esri etang, tapa lungguh sedana pugeranipun, dhawah sri watak serepan, tapa luwe watekneki.

  9. Lungguh teteg watekira, pan sedana sugiyan watekneki, depugeran watekipun, pitados saha kekah, sampun jangkep ing pundi kaparengipun, tebihing (dn)dhapi lan griya, ugi wonten ukurneki.

  10. Pecaking kang gadhah griya, pan sakawan etanganipun nenggih, awit bale etangipun, omah latar pawuhan, dhawah bale punika ingkang pakantuk, dene yen yasa gedhogan, tuwin kandhang kebo sapi.

  11. Palangipun pinecakan, kajawine pepurus ingkan manjing, kiwa miwah tengenipun, sakawan etangannya, candhi karta rogoh sampoyong puniku, ingkang sae dhawah karta, kalayan dhumawah candhi.

  12. Saka kandhang myang gedhogan, kajawine purus myang pendhemneki, ingukur lan palang wau, dhawah candhi prayoga, ing tebihe saking treping pantinipun, ingukur kalawan pecak, gansal petananireki.

  13. Awit etanipun karta, baya tura samaya angemasi, utami ingkang dhumawuh, ing wewilangan karta, nengna wau titi etangnya ki Buyut, wus anggagat bangun enjang, suwawi waktu Subekti*)

  14. Utami kang radi awal, samya wulu paragating Subekti*), pepujinira nutug, bakdaning pepujian, Gathuk matur alim dalem Kyai Byur, kawula nyuwun wasiat, basanipun tiyang abti**).

  15. Nunutut sadhengah kewan, bokmanawi ing tembe ngingah kambing, amrih cumbu dhaten ulun, ki Buyut angandika, iya kacung pancen ana emelipun, datanpa laku tur cendhak, mangkene basanireki.

  16. Seka leka seka leka, singa buntuk idhepa idhep ing idhepku tut sing saujarku, mung iku ora liya, lamun sira kapareng angelus-elus, marang sadhengahin kewan, kang dadi parenging ati.

  17. Kalawan manthening sedya, uga cendhak mangkene basaneki, singa wulu singa buntut, ingusapan pandhawa, lelima tut saujarku mung punika, lamun pinareng ing mangsa, bokmnawan tutut yekti.

  18. Gahuk nuwun-nuwun nembah, sakalangkung kapundhi sih sing yogi, Ki Buyut nyawan sang bagus, sumunaring kang cahya, ngandikeng tyas cecalone janma luhung, manther cahyaning oliya, wasana matur sang adi.

  19. Ing mangke paran ing karsa, seu sokur yen jenak aneng ngriki, rahadyan alon umatur, kang agun apuranta, mangkya ulun ayun (m)dumegekken kayun, ing saparan tanpa sedya, ngulati ingkan lunga nis.

  20. Amung pangestu paduka, rahayune ing lampah bokmanawi, tembe ulun saged wangsul, kantuna karaharjan, wus salaman ki Buyut ngandika arum, mas putu nestapaningwang, sami apuji-pinuji.

  21. Wus tumurun sangkin Murya, ngidul ngilen wus ngambah ing pasisir, tan winarna lampahipun, prapta ing palabuhan Pakalongan kendel ing tepining laut, anom udhuning juragan, kang sangking liyan nagari.

  22. Menawi ari kalihnya, binekta ing nangkoda, sangking Gresik nunut utawi pinupu, mring pawong-sanakira, dupi mudhun juragan kang sangking laut, tinon kang rayi tan ana, sangsaya angles ing galih.

  23. Aduh yayi kadangingwang, Jayengsari myang Niken Rancangkapti, baya mring endi jantungku, amung ta karuhana, ing dunungmu awet mangkene kabanjur, kadya kinjeng tanpa soca, wau Radyan Jayengresmi.

  24. (n)Dedonga marang Pangeran, rahayune kadangira kekalih, tembe sageda pinangguh, atuse manthenging tyas, gya lumampah tambuh kang sindyeng kalbu, kendelnya dalu kewala, bada Subuh gya lumaris.

  25. Prapti ardi Panegaran, kacarita sang yogi kang palinggih, aneng Panegaran gunung, wasi kawisuwara, wakitheng tyas uning satriya anglangut, kendel ing ngandhaping arga, sang wasi utusan aglis.

  26. Sabatnya aran Waskitha, kinen mudhun marang ngandhapping wukir, ki Waskitha wus tumurun, pinanggih lan rahdyan, mangenjali matur kawula ingutus, mahawiku Panegaran, Kawiswara sang ayogi.

  27. (n)Jeng paduka ingaturan, minggah maring ing dhepok ulunirit, rahadyan ngandika arum, inggih paman prayoga, sampun kerit Gathak Gathuk tansen pungkur, sang wiku mapag wiwara, wus tundhuk rinangkul aglis.

  28. Kulup ingkang nembe prapta, sajarwaa kekasihira kaki, lawan ngendi pinangkamu, sayogene lereppa, aneng kene kurang nadhah kurang turu, darapon bisaa klakyan, kang dadi karsanta kaki.

  29. Rahadyan dahat lenggana, wus alami pruita ing sang yogi, tatakrabatanya lumintu, sang yogi Kawiswara, lon ngandika ana jiliddan linuhung, sayogya sira anggoa, kanthining janma utami.

*)Prayoginipun Subekti = Subuh
**) Prayoginipun apti = arep, karep

Tidak ada komentar: