- Kang keling-keling kaeksi, gih punika netranira, lebu lir awu warnane, tilas Linglung duk samana, pinantek tukukira, badan polah siti (m)bledug, nanging boten saget kesah.
- Krikil warangan punika, kinarya nyemeng gegaman, toyane jram pecel winor, paedah ambuhe mindhak, rahadyan sampun linggar, tan pati doh nulya (n)dulu, sumber alit isi toya.
- Nyemek-nyemek raos asin, kidul teleng kawistara, wonten gumuk mujur ngilen, kilen gumuk datan tebah, rawa lit kebak toya, ugi asin raosipun, ler kilen teleng Kasanga.
- Ara-ara tinon asri, sitinipun bulak pethak, barenjul samya inggili, turut pinggir pupundhungan, dumugi ing ler wetan, mathuthuk lir wisma pinggul, benggan ajeg lir tinata.
- Wetan teleng tinon asri, waradin penuh thukulan, rumput merakan myang mendhong, tekeng kidul totok arga, tinon asri kawuryan, nglilipur ing tyas margiyuh, Ki Jati malih turira.
- Ingriki bilih marengi, mangsa katiga akathah sima sawer samnya manggon, asring-asring ing Kasanga, sawiyaring telengnya, (m)bledhos swara kadya gludhug, inggilnya ngungkuli arga.
- Tinon yektos (ng)gigirisi, gih punika kruranira, Tunggulwulung ingkang manggen, ing sangadhaping Kasanga, ri wusnya mangun krura, kula gya mariksa gupuh, punapa kawontanannya.
- Yen katinggl sanepaning, maryem badhe wonten perang, yen katingal kados layon, badhe kathah tiyang pejah, sampuning amariksa, nunten lapur lurah ulun, dhateng Methakan ing Sela.
- Kang nglajengken mring Mantawis, dene lepen cacah gangsal, kalamun rendheng mangsane, punika dados satunggal, tinon wus kadya rawa, ila-ilane rumuhun, para priyantun ing praja.
- Saestu yen boten kenging, anon telenge Kasanga, kilap panika wadose, yen tinrajang kadrawasan, linungsur kang darajat, apes nandhang ing papa gung, kinebat kang sandhan pangan.
- Wus tapis dennya ningali, Ki Jatipitutur lingnya, suwasi angaler ngilen, punika tilas kadhatyan, nagri Mendhangkamulan ing Kasanga wus kapungkur, praja tilasing kadhatyan.
- Wujud kantun siti mengir*), wus dumadya wanawasa, linajengken ing lampahe, prapta ing sendhang Ramesan, wawengkoning Kradenan, caket satepining ranu, tan patya lebet kang toya.
- Kalangkung gowaking galih, de toya sadendhang wrata, kadidene wedang umob, lir umbul modal ing toya, gumledheg kang suwara, mancawarni toyyanipun, pindha kukuwung wang kawa.
- Ijen jene wungu abrit, dadu jambon cemeng pethak, inginum anta raouse, semune kaworan lirang, bentere sawatara, tan nailen-ilenipun, pindhane kadnya balumbang.
- Ki Jati turira aris, punika sendhang Ramesan, lajeng tindak mring Carewek, aningali gumuk karang, sanginggil gumung ingkan, eler miwah kilenipun, wonten sumberipun samya.
- Asin raosing kang warih, punika kenging kinarya, sarem alembut warnine, semu abrit asing kirang, wus terang pinariksan, lajeng mangaler sang luhung, ing Mendhikil kang sinedya.
- Prapteng gumuk datan inggil, nulya samya inginggahan, sampun rawuh ing tepine, lir sumur bunder apapak, nanging tan isi toya, endhut cuwer ngantya penuh, papak lambe ambaludag.
- Lir pendhah umob swareki, benter namun sawatara, wonten ilen-ilenane, mili we asin raosnya, gya anon sumur tiga, lir wedang panas wenipun, kang kadya sumur lit kathah.
- Toyanipun ugi asin, sadaya kenging kinarya, sarem kadi ing Carewek, kawratan wus pinariksan, ing Bledhug tinindkan, saking mandrawa kadulu, anon ara-ara wiyar.
- Ki Jati turira aris, punika kang katingalan, ing Bledhug Kuwu wastane, kalangkung ageng tinimbang, lawan kang kathah-kathah, mawi suwara jumegur, tan kendhat dalu raina.
- Kiraka suwawi kampir, nedha andika aterna, Ki Jati sandika ture, saking Mandhikil wus linggar, tan dangu lampahira, prapteng talatahing Kuwu, katon trang umbuling lahar.
- Ra-ara wangun pasagi. kandeg ing tep rahadyan, milih siti ingkang atos, kang empuk tan kenging kambah. rahadyan kagawokan, miyat ing tengahin Bledhug, malembung kadi plembungan.
- Palendhungnya langkung inggil, dupi wus katon gya pecah, jumegur asru swarane, kadya maryem kapiyarsa, medal kumukus pethak, wusing (m)bledos ngandhap mlendung, kadya ing suwaunira.
- Lumintu datan sarentil, swaranira nora kendhat, ki Jati umatur alon, malendhung tuwin nyuwara, tan lereh dalu rina, katiga rendheng keh jawuh, tansah makaten kewala.
- Punika kang alit-alit, ungelipun datan sora, ugi makaten patrape, upami wonten kang ngambah, lajeng ambles kewala, sangking lebete kalangkung, sampun estu lajeng sirna.
- Ki Jati ngupados deling, tinalorongken manengah, deling ambles datan katon, lah punika deling ical, tri ari yen kleresan, deling mumbul katut lumpur, malesat dhawahnya tebah.
- Kadhang kalajeng tan mijil, sadaya kang kauningan, punika patilasani, Tunggulwulung Linglung Jaka, pramila ingaranan, Kuwu nalika menthungul, wonten ngriki kantos**) lama.
- Siniweng naga sabumi, kacariyos ngantos krama, ugi angsal putri Blorong, rahadyan kasengsem miyat, kaelokaning Sukma, sru nalangsa mring Hyang Agung, dene sipate kang ula.
- Maweh tilasing nagari, kalimput ngulati kadang, dadya gandrung ing Hyang Manon, katongton murah asihnya, aris wijiling sabda, kiraka Jatipitutur, punapa sun walesane.
- Tanduk tanggaping kang esih, dhumateng badan kawula, datan mantra lagya nembe, de arsa asung carita, nedahken kanyataan, patilasaning ngalung, lalakyan jaman kadewan.
- Mila sru panuwun mami, winantu ing suka rena, myang den agung aksamane, ing mangkya ulun paliman, andumugekken lampah, kantun manggiya rahayu, jinurunga ing sakarsa.
- Tur wangsulan sami-sami, kula sakalangkung bingah, de paduka karsa nyruwe, mugi raharja ing lampah, anulya sasalaman, Ki Jatipitutur mantuk, radyan lajeng lapahira.
- Kadalon anulya mampir, dhumateng ing dhusun sela, (n)ujug ing pajurukuncen, ki jurukunci atanggap, manggih kang dhatengan, alon wijiling kang wuwus, rehning wus ciklu manira.
- Aywa dadi tyasireki, manira datan akrama, marang sariranta angger, mangkya ingsun nilakrama, ing endi kang pinangka, lawan sapa kakasihmu, mring ngendi kang sira sedya.
- Rahadyan umatur aris, jeng kyai dhawuh paduka, saestu sampun lenggahe, ngasepuh maring ngamudha, ngoko tan mawi krama, de lamun adangu ulun, pun santri mg dhukuh wetan.
- Kula mangkya nyuwung uning, ingriki namaning dhekah, jeng kyai lon andikane, eh kulup kawruhanira, ing kene krajan Sela, kabawah marang Mantarum, ya ingsun ingkang rumeksa.
- Luluhurira narpati, paparab Kiageng Sela, ingkang sumare ing kene, aranku Ki Pariwara, kaprenah buyut lawan, Kyageng Getaspandhaweku, mamanising tanah Jawa.
*)Mengir, saking menger = katingal ageng inggil kados redi.
Kadadosaken mengirsupada wanda pungkasanipun i kangge netepi guru lagunipun tembang Asmaradana.
**)Prayoginipun ngantos
Tidak ada komentar:
Posting Komentar