- Lah punika palanangan, ingkang ngadep sipat grananya kyai, ingkang samya anunuwun, sawusing adudupa, nulya matur punapa sakajatinipun, lamun nyuwun ge susuta, kalihe samnya nglinggihi.
- Ing pucuking palanangan, kang wus klakyan tumunten darbe sisi, Gathak Gahtuk angacemut, i tobat nora nyana, ingkang jejer ngater iku dadi pelus, radyan lajeng lampahira, manjing Lodhaya wanadri.
- Miyat wisma lit gedhegan, payon atep ing salebeting panti, egong sajuga gumandhul, nulya kampir rahadyan, tan adangu jarukuncinira rawuh, tatanya punapa karsa, Gathak Gathuk lon nyauri.
- Kulo mung kampir kewala, kapundi dene gong neng wanandri, jurukunci sauripun, sampun kina makina, pan dumadya pupundhene tyang sadhusun, naminipun Kyai Pradhah, sinten ingkang darbe kardi.
- Mawi anabuh gamelan, tamtu ngangge egon Pradha Kiyai, yen tan makaten saestu, bilai kasusahan,s aben dinten mila dinupan kumelun, sinekaran binorahan, dadya warni nganti kuning.
- Rahadyan wusing miyarsa, cariyosnya kiyai jurukunci, nulya lajeng lampahipun, lumebet padhekahan, aningali wisma alit dhapur tajug, ngandika mring Gathak Gathuk, payo ngaso maring masjit.
- Tumindak anom belikan, toya wening rahadyan miwah abgdi, samya ngambil toya wulu*), wus malbeng jroning langgar, Gathak Gathuk adan naging datan seru, tyasira tansah trataban, wusing sunat perlu Mahrib
- Linajengken wektu Ngisa, pragating sembahyang amiyarsi, swaraning janma gumrumung, Gathuk enggar tyarsira, ririh angling Gathak payo padha methu, nemoni janma kang nywara, baya iku ingkang kemit.
- Kaliye medal lon-lonan, prapteng jawi sru kagyatireng ati, anom sami samya turu, ngubengi ponang langgar, angalemprak adu pathak adu bathuk, ngorok (ng)gereng sasenggoran, Gathak Gathuk wansul aglis.
- Wel-welan matur ing radyan, dhuh bendara kawula tur udani, suwara janma gumrumung, dupi kawula medal, yun manggihi sun sengguh sanma satuhu, kang samya yun maring langgar, jebul sima kathah guling.
- Cacahipun tan kantenan, leseh anjrah kadya babadan pacing, mangke menek samya wungu, tan wurung anembah byat, (m)barokati angemah-ngemah mring ulun, rahadyan mesen ngandika, sira ywa padha kuwatir.
- Luwih karsane Pengeran, yen wis pasthi tan kena owah gingsir, tan kena kalamun luput, tan luput lamun kena, balik padha pasrah sumarah Hyang Agung, kawula amung sadarma, lir sarah aneng jaladri.
- Wis Gathak Gathuk turua, ingsun ingkang ngeleki tekang enjing, rarywa kalih nulya turu, ngaringkel datan obah, datan segu radyan munajat sadalu, miminta ing karaharjan, dupi wusing bangun enjing.
- Sembahyang Subuh pribadya, wusing bakda akaring pajar sidik, ginugah kang samya turu, tangi aremrem-ayam, miyarsakken swara sepi tandya lungguh, meh raina masemu bang, Hyang haruna ayun mijil.
- Ningtip-intip Gathuk Gathak, anom janma titiga samya linggih, kadi mentas samya turu, dupi miyat jro langgar, ana tamu katri eca dennya lungguh, tri umentar gagancangan, tur uning mring lurahneki.
- Dupi prapteng ngarsa lurah, atur uning ing langgar ana janmi, titiga juga binagus, respati mawa cahya, winatara sadalu munggen neng ngriku, ki lurah gawok ing driya, wus anarka yen wong luwih.
- Parentah mring rabinira, heh Rubiyah sadhiyaa den aglis, bucu kang apik ananjung, iwak dhendheng manjangan, bayem ati gudhang pan-empon myang timun, siwalan ingkang dawegan, miwah legena hya lali.
- Rubiyah matur sandika, wus samekta ki lurah mirah rabi, lajeng marang sanggar gupuh, umarek mring rahadyan, prapteng ngarsa matur marang sang linuhung, angger kula niakrama, sinten sinambating wingking.
- Paman kula santri moyang, angulati kadang ingkang luna nis, saparan kawelasayun, balik ta sinten paman, lurah matur kang sotah mastani ulun, Ki Carita dadya lurah, ing dhusun Pakel punika.
- Mila kula gupuh sowan, de rumiyin tumeka ing samangkin, tan ana janma kang purun, lumebet maring sanggar, mung paduka saestu lamun linuhung, baya trahing maratapa, wijiling andana warih.
- kampipurun abdipara, atur dhahar lumayan ing kalantih, angsala barkah pukulun, kasawaban nugraha, wus tinata sang luhun ngcani kalbu, dhahar watara sak kluwak, dhendheng manjangan sacuwil.
- Abtobbe ambal-ambalan, wus dumugi rampadan gya cinarik, dhaharan lumadyen ngayun, siwalan myang dresan, Raden dhahar siwalan tanapi nginum, deresaning kang siwalan, nikmat seger sarireki.
- Gathak Gathuk ingacaran, lah suwaci (ng)ger aywa isan-isin, (n)dika nedha kang pakantuk, (ng)gih wakne ywa sumelang, Gathak Gathuk (ng)gennya nedha angathekul, kalihe wus tuwuk samya, angendhoni sabukneki.
- Radyan ri tanya Ki Crita, kadiparan cariyosira nguni, griya myang kepek gumandhul, Ki Carita turira, inggih sangking gotekipun tiyang sepuh, griya winastanan sanggar pamujan kala rumiyin.
- Kepek kakalih punika, kang satunggal pan isi sinjak lurik, warna-warni corekipun, miwah sinjang praosan, dhesthar tepen myang praosanipun, dene kepek satunggilnya, isi kampuh gadhungmlathi.
- Mawi kaparaos jenar, kacariyos kagungan dalem Gusthi, Kangjeng Nyai Rara Kidul. saben taun sapisan, kulabekta dhumateng ing wismaulun, marika jangkeping cacah, sarto ngiras angsisi.
- Sampuning jangkep kan cacah, lajeng wangsul marang ing sanggar malih, nalika pamendhetulun, tuwin wangsuling barang, sampun tamtu wonten sima kang tut pungkur, nangngin sangking katebihan, punika sima kang jagi.
- Saben dalu tiga-tiga, blih siyang sami awarni janmi, wit pakel sangajengipun, ign sanggar kalih pisan, miwah uwit duren kakalih puniku, aneng kiwa tengan langgar, tanemanipun Jeng Gusti.
- Panembahan Senapatya, mila saben woh katur mring mantawis, Gahtak Gathuk ririh muwus, wakane napa ingkang, den arani sima-gadhungan punika, de tyang datan mawi tungkak, (ng)gih makaten gotekneki.
- Rahadyan manis ngandika, man Carita banget panrimamami, buja kramanta mring ulun, Allah kang malesane, reh wus siyang ulun (m)dumugekken laku, Ki Carita aturira, sumangga karsa sang pekik.
- Kapungkur ing Pakel desa, lampahira ngaler ngetan lestari, kendel kalanireng waktu, prapta ing tanah Tuban, aso aneng ngandhap randhu-wana agung, Gathak Gathuk gawot mulat, agenging wit anglangkungi.
- Kubenge gya pinecakan, kupengira pitung dasa kakalih, radyan utusan mring Gathuk, kinen ngupaya toya, gya umentar tan pantara tebihipun, anom sumur sela kresna, toya lebet langkung wening.
- Wangsul matur ing rahadyan, pinurugan lawan santri kakalih, sumur watu kebak banyu, malah kongsi (m)baludag, nulya ngambil toyastuti.
- Rampung dennya samya kadas, toya mendhak pulih lir nguni-uni, wangsul wektu ngandhap randhu, bakdane salat Ngasar, gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu, enget mring kakalih kadang, sira yayi marang ngendi.
- Anon sumber binalumbang, toya wening winastanan ing Bekti, Rancangkapti ariningsun, nguni karemenanta, adus marang balumbang ingkang binatur, radyan kendel sawatara, anulya lumampah malih.
- Ngidul ngilen prapteng wana, langkung werit andungkap wektu Mahrib, kendel ngandhap mandera gung, aneng tepining sendang, binotrawi pinageran sela pingul, sawusing tetoya kadas, ngrarasati wektu Mahrib.
*)Prayoginipun wudhu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar