14 Juli 2008

29. DHANDHANGGULA


  1. Lah ta kulup sira ywa kuwatir, sayektine ingsun nora samar, marang lalakonmu angger, reh ginadhan sireki, cacalone janma luwih, kang jenjem manahira, aneng wismaningsun, upama sira babakal, karya wisma ingsun amunjurung tali, rahadyan duk miyarsa.

  2. Asrep ing tyas aturira aris, dhuh pukulung ragengsun sumangga datan lenggana dasihe, mangkana sang abagus, ngantya lami neng Sela kampir, anujwari sajuga, sabakdaning Subuh Kyai Ageng Pariwara, lenggah srambi rahadyan tan kenging tebih, jeng kyai angandika.

  3. Eh ta kulup den kaparang ngarsi, kawruhanmu nora endah-endah, ngelmu kan sun imanake, amung piwulangipun, eyang Kyageng Sela linuwih, nyatane wus anyata, cihnane linuhung, kang mengkoni tanah Jawa, datan liya tedhake Jeng Sela Kyai, lan iki piyarsakna.

  4. Papali ki ajinem (m)berkahi, tur salamet seger kawarasan, pepali iki mangkene, aja agawe angkuh, aja ladak aja ajail, aja manah surakah, lan aja calimut, lan aja guru-aleman, aja jail wong jail pan gelis mati, aja amanah ngiwa.

  5. aja saen den wedi ing ngisin, ya wong urip hya ngegungken awak, wong urip pinet baguse, aja lali abaguse, bagus iku dudu mas picis, pan dudu sesandhangan, dudu rupa iku, wong bagus pan ewuh pisan, sapapadha wong urip pan padha asih, perak ati warnanya.

  6. Aja mangeran ing emas picis, aja mangeran ing busanaendah, ja mangera kabisane, aja mangeran ngelmu, aja mangerah teguhreki, aja mangeran japa, aja (ng)gunggun laku, kabeh iku siya-siya, aja sira (ng)gugoni kawruhireki, lah iku mundhak apa.

  7. Angkuh kang jujur arahen kaki, aja sira angarah keringan, saidhep-idhepe dhewe, ewuha wong tumuwuh, dipun bisa ngenaki ati, atine sapepadha, nepsumu ja turut, iya nepsuning manungsa, kudu kedhep iya sapadhaning janmi, iku sira sirika.

  8. Aja sira padhakaken jalmi, aparentah marang sato kewan, kebo sali lan ayame, aja sira prih weruh, kaya uwong pan nora bangkit, aja kaya Samerta, kebone pinupuh, kinen sinau memaca, wus pasthine kebo sapi nora bangkit, mulane awuwuda.

  9. Ayam giusah munggah ing panti, atanapi yen amangan beras, kebat ingadhangan bae, iku wong ngolah semu, yen tetangga sarate kaki, yen layak ingaruhan aruhana iku, yen tak layak enengena, apan iku mangan segane pribadi, pan dudu rayatira.

  10. Yen mungguha rayate pribadi, kapenakna ya rayate ingkang, nglarakena ing atine, aja sira mumuruk, tuduhena yen dereng sisip, yen usiw katiwasan, aja sira tutuh, kelangan wuwuh duraka, aja sira ngumpah-umpah iku kaki, lah iku mundhak apa.

  11. Den aolah mungguh ing ngaurip, aja nganggo ing sadaya-daya, wong urip pan akeh lire, dipun ngidhep pakewuh, weuh iku tgang prakawis, pakewuh ing pangucap, ewuh ing pandulu, ana ewuh jroning nala, yan katara alane sajroning ati, pan dadi pangraita.

  12. Dipun wuruk lan idhep ing ngisin, isin iku pan kalih prakara, dhingin isin Pangerane, dene ping kalihipun, dipunisin padhaning janmi, en kalakona wirang, isin temahipun, dipun atu akakadang, pawong sanak aja pegat ngati-ati, yen cala dadi ala.

  13. Aja sira wani-wani, maring sanak pawong kandangira, aja sira watak dahwen, aja watak akmingsun, aja watak ngaruh-aruhi, aja awatak ngiwa, ala kang tinemu, sing sapa atine ala, nora wande ing benjing ing nemahi, wong ala nemu ala.

  14. Sing sapa andhasaraken becik, nora wurung benjing manggih arja, miwah saturun-turune, yen turune dadya gung, amarentah wong cilik, aja sadaya-daya, dadi nora tulus, saenggone dadi cacat, aja nacah parentah marang wong cilik, aja sawiyah-wiyah.

  15. Aja sira watak wani-wani, aja sira watak ngajak tukar, aja ngandelken ngelmune, aja sira anguthuh, aja ladak aja ajali, aja doyan sembranan, dadi wong katutuh, niniwasi dadenira, lamun ana wong patrap dipun awedi, malati iku uga.

  16. Balik iku lah tirunen kaki, janma patrap sira kasihana, sira arahe sawabe, amberkati wong iku, nora kena yen dipun aji, tirunen lagi wenang, pambekane alus, yang angucap ngarah-arah, yen alungguh nora pegat ngati-ati, nora sawiyah-wiyah.

  17. Aja sira watak suka singgih, aja sira kapengin kedhotan, kukuwasan*) apadene, aja sira madhukun, aja (n)dhalang aja agrami, aja budi sudagar, aja budi kaum, janjine jakat lan pitrah, dipun suda padune cukeng abengis, iku kaum kang nyata

  18. Kumbah surahkah cukil adulit, iya jajal melanten amerna, iku nora dadi gedhe, siriken ujar iku, iku wong urip dipun taberi, mapan katemu basa, pan katemu semu, mapan katemning ulat, atining wong kang ala lawan kang becik, kang jujur anteng cahya.

  19. Kawruhana janma kang kakiki, iya iku guruning pandhita, nora katara lakune, tan cegah tan asaum, nora tapa nora amutih, sangkig prayitnanira, ing ngawake iku, prayitna ing ngawakira, mung sanake punika kan denwedeni, sanake iku jagat.

  20. Banyu bumi agin lawan langit, srengengene kalawan rembulan, punika sanake kabeh, janma kang salah iku, iya iku strune nenggih, mulane ana lara, walat kang tinemu, janma kang jujur punika, lanang wadon punika sanake nggih, mulane ana sawab.

  21. Kang satengah kang durung sayekti, dennya amrih budi kapandhitan, pijer wayang-wuyung bae, tansah ngalor angidul, mendhak-mendhak saba wong sugih, ngelmu ginawa kasab, angucap (ng)gadebus, angincih darbeking liyan, nora weruh awake kalebon eblis, dadi wong ngayawara.

  22. Apan cegah jenengi ing ngelmi, kang asaba omahe nangkoda, miwah matri apadene, lumuh kena ing siku, dennya amrih budi lestari, budi marang kararjan, ing beka tan keguh, bekane ing wong ngulama, pan kapencut marang ingkang melik-melik, dadine ngandhap-andhap.

  23. Yen ngantiya kasor ingkang ngelmi, pan duraka jenenenge ngulama, wus awak buta ragane, wus linglung kadalurung, nora weruh kena pirangi, tansah karya paekan, dennya anjejaluk, datan etang jewa raga, (m)bagentusi dennera amrih, pakolih sumrenuh lakonira.

  24. Anglakoni karyane kang den prih, iku sing wong tan welas ing badan, tan asih maring jisine, dadi banjur kalurung, nora antuk wahyuning ngelmi, lakune lalawora, tansah wayang-wuyung, mung melik ingkang denancab, durung weruh ing laku sikuning ngemi, polah sadaya-daya.

  25. Pangrasane wus bener kang ngelmu, tan angrasa lamun ingeseman, marang sujanma kang luweh, iku wong kumprung pengung, nora wikan kena piranti, sabab wus ati setan, lakune wus liwung, pangrahe tan riringa, wus kalulun atine kalebun eblis, wus tan wruh isin wirang.

  26. Apan katah pan bekaning urip, dennya amrih pakolihing badan, amrih kuncara,ngelmune, meleke saben dalu, tansah agung acegah bukti, andhap-asor kalintang, eseme lir dhuyung, ulat manis ati sabar, dadi gendam eseme guna piranti, enenge salah cipta.

  27. Tan mangkana ingkang sampun yekti, badan iku ingkang kadi sarah, aneng lautan pamane, apa umbaking banyu, sarah anut umbaking warih, iku jeneng kawula, tan darbe kersaku, angin purbaning Pangeran, tanpa karsa kalimput marang sawiji, wus kerem ing sagara.

  28. Nora nana denparani ati, pan wus liwung tan darbe Pangeran, pan suwung jati kawruhe,d atan dulu-dinulu, tan tumekeng suwung, sasolahe pan asamar, nora nana kang kaduga anampani, liwung kadya wong edan.

  29. Wusing tamat radyan anungkemi, paadanira Kyageng Pariwara, waspa dres alon ature, dhuh babo sang awiku, karsa paring pituduh jati, asru panuwun amba, kapundhi ing ngembun, amung pangestu paduka, kasawaban ing sabda ri sang linuwih, tumancepe ing nala.

  30. Kyai agen angandika malih, patilasani dibyane Jeng Sela, teka ing samengku iseh, deongenge dung ing dangu, panamare laku tatanin, sasawah nanem gaga, ing sawiji wektu sabadane salah ngasar, marang sawah papculira cinangkung, praptaning pasabinan.

  31. Gya tumandang wus adatireki, lajeng mendhung riwis-riwis jawah, kagyat gebyaring caleret, kiyageng maos gupuh, subganalah nulya kaeksi, kaki-kaki lumarap, jeng kyai tan keguh, tan samar marang kang prapta, pinurugan pandhapan dennya lumaris, si kaki wus cinandhak.

  32. Wus kaasta jumegur swareki, ingkang pindha kaki-kaki ika, apan gelap satuhune, ingerut gandri gupuh, kyai sangsul anambut kardi, si gelap gedabigan, datan bisa ucul, sabanjure katur sultan, ing Bintara bajur kinunjara wesi, tan lami ana prapta.

  33. Nini nyangking beruk isi warih, amurugi maring pakunjaran, toya gya siniratake, wus sirna kalihipun, tinggal swara anggegetari, kuncara wesi rusak, mawut anggalepung, dadya kondang sanagara, Kyageng Sela sanyata lamun linuwih, bisa anyekel gelap.

  34. Uwit gandri kang kaanggo (ng)godhi, suwisa gelap katur nata, dadya murub menter-menter, kiyaging adhadhawuh, marang putra wayah myang abdi, padha sira (n)jupa, geni gelap iku, anggonen dadamar omah, insa Allah kinajrihan gelap yekti, marma ywa pejah-pejah.

  35. Ing saiki geni gelap maksih, ingkan durung katular-tumular, aneng pasareyan (ng)gone, apan ta saben taun, manira tur tularan api, kuncuk jeng sri pamasa, maring ing Mantarum, sawah kang ginarap swarga, mung sabau catur kedhok den arani, si Mendhun mula aran.

  36. Awit saben (ng)garap kangjeng kyai, banjur mendhung orng kedhokan aran, Subganalah katelune, Pandhapan arannipun, pate kedhok ing Gelap nami, katelah tekeng mangkya, gandri kant katanu, sirna namun lemahira, ngilak-ilak tan thukul katang myang teki, iku caritanira.

  37. Anjabane ngolah tegal sabin, marang kulawangsa amumulang, agawe bleng myang uyahe, gawe nila nanandru, kembang pulu kalawan maning, anandur kang jujutan, marna benang alus, sutra kang bakal kinarya, cindhe gedhog ngadani yasa dhapuring, omah joglo limasan.

  38. Nganggit-angit coreke kang lurik, tuwuhsela telu lema lawan, badra sapanunggalane, abah-abah pinatut, winuwuhan wangunaneki, anguripken petungan, sing pasiten iku, nguni kang miwiti etang, sri Manuhun nanging tan ana pradali, dadi wite kalakyan.

  39. Eyang Sela tumeka saiki, lemah dadi sanggane wong juga, ingaran sabau kae, gawene wong ro iku, diarani cacah cakikil, gawene uwong patap, ngaran cacah sak-jung, piridan petungan jagal, sampil siji sabau swi sampil kikil, sampil pat sak-jung rannya.

  40. Dhasar sugih kawigyanyan myang lantip, ya Ki ngadurakhman Kyageng Sela, prayoga predinen jebeng, grendanen tyasireku, sukur bage bisa nyeplesi, orane mung mirida, lalabuhanipun, kajabeku patilasan, angratani dadi wasiyat narpati, sri nata Ngeksiganda.



*)Kukuwasan, bokmanawi sami kaliyan kumawasa

Tidak ada komentar: