16 Juli 2008

31. ASMARADANA


  1. Lan wonten kaol mengeti, lamun arsa sacumbana, lan garwa miwah salire, anyingkirana ing dina, Sabtu Legi ya aja, akaresmen dina iku, awon adate yen dadya.

  2. Larene agadhah sakit, edan kang wus kalampahan, ana dene panyirike, namun sadalu sasiyang, lan maningge ya aja, acumbana wengenipun, ingkan garebeg titiga.

  3. Punika pan boten becik, lamun dadi larenira, sok gadhah ayan sakite, lan malih lamun cumgana, lan wanodya kel aja, lamun dados putranipun, sok (ng)gadahi sakit barah.

  4. Poma den sirika ugi, yen wong wadon lagi tarab, aja sok gramah-gurameh, yen durung adus-kel aja, den ajaka cumbana lamun sanget karsanipun, pan angur goleka liya.

  5. Dene ta ing Tumpak Manis, lan bengi garebeg tiga, singgahana aywa supe, kalamun sangeting karsa, teka den betahena , kadar pira mung sadalu, yen wis bakda cumbanaa.

  6. Kadi ta ing Tumpak Manis, sadalu lawan sasiyang, betahena aywa supe, kadar pira mung sadina, sawengi ngarah apa, ujubena tapa iku, acacegah lan wanodya.

  7. Poma den enget hya lali, hywa na ingkang sembrana, ing wong tuwa wawalere, lan wajib ingestokena, mangsa silih doraa, lan wonten utaminipun, lamun arsa acumbana.

  8. Mapan ta kedah amilih, nujua dina Jumungah, kan tan sangar taliwangke, miwah naas singgahana, kresmena bakda Luka, yen wus kremen banjur adus. lajeng metoni Jumungah.

  9. Punika kalamun dadi, tuture wong tuwa-tuwa, kathak kang dadi masaleh, miwah ta dadi ngulama, tanapi keh kabegjan, titi tamat serat pemut, prayoga den estokena.

  10. Gathak Gathuk angaligik, ngacemut ririh rarasan, Gathuk Ki Dhatuk ature, mring bendara bab ngononan, gek basa banjur ora, Gathuk ririh sauripun, ah wong tuwa iku lumrah.

  11. Cobak dak matur kiyai, kajaba kang wus kawedhar, apa iya ana maneh, sirikan anon-anonan, Gathak majeng manembah, rereh ririh dennya matur, dhuh jeng kyai apuranta.

  12. Kamipurune pun patik, anyuwun ing sarerepan, kajawi kang wus kawiyos, sirikanipun sanggama, Ki Dhatuk mesem nabda, kacung sireku amencul, ana maning linarangan.

  13. Wong tuwa kang duwe peling, pan kinon anyinggahana, sacumbana lawan lonthe, miwah lan taledhek apa, den ajak sacumbana, apan awon tilasipun, akathak kang sakit bengan.

  14. Lan kaping kaliye malih, asring sakit rajasinga, tin cramumuh tin panyenyh, yen munjuk dhateng ing grana, sak piseg aditira, yen mring netra dennya munjuk, akathak kang sakit wuta.

  15. Ana malih den singgahi, sacumbana lan wanodya, ingkang awon pratingkahe, sanadyan silih ayune, tan pantes kinedanan, yen wus lara keh kung nutuh, nora nana wong ngalema.

  16. Nadyan awona sathithik, kalamun antuk parawan, mundhak ngencengake otot, pae lan randha walunjar, tan mundhakake kuwat, namun mirit sampun gambuh, nora susah ajar-ajar.

  17. Ewa mangkono tan keni, sasenenganing manungsa, pan septane dhewe-dhewe, ana kang septa mring randha, saweneh septa wlanjar, saweneh ana wong iku, aremah rabi planyahan.

  18. Ciptane sajroning ati, rina wengi digarapa, pradene yen ngadeg puleh, nyambuta-gawe sadina, sak jampel mangsantuka, naledhek bae sabedhug, oleh kaya telu tengah.

  19. Miwah lamun sanja bengi, tan susah nganggo pawitan, mung kembang pupur lan borehe, tapi kemben sok gantraa, prandene keh kang tumbas, pan ora nganti sabedhug, oleh opah limang uwang.

  20. Mulani ana nglakoni, ambuwang isin lan wirang, arabi tledhek myang lonthe, pan ora kena den wora, karepaning manungsa, apan ta sampun asnapun, warna-warna beda-beda.

  21. Warna-warna rupuaneki, beda-beda karepira, nora kena den worake, seje badan seje nyawa, yen kena den wor-wora, kang tunggal badan nyaeku, prandene tan rujuk karsa.

  22. Kaya mata lawan peli, miwah weteng lawan badan, duse karep dhewe-dhewe, matane arsa anendra, wetenge arep mangan, badane banget alesu, peline angajak sahwat.

  23. Lawan ana peling maning, yen marengi acumbana, mring garwa miwah selire, aja ngakehken gendhingan, tan becik lamun dadya, anggalidig larernipun, adate kang wus kalakyan.

  24. Lan kaping pindhone maning, kalamuning jroning cumbana, aja sinambi calathon, guguyun kang tan prayoga, tan becik lamun dadya, larene juweh punika, wartane wong tuwa-tuwa.

  25. Mulane lamun katermin, aja ngakehken guguyan, balik den resik badane, miwah to ingkang sandhanan, wewangi angganggoa, lamun dadi larenipun, resikan penet kang warna.

  26. Lan maneh jroning sahwati, kalamun kapentut ala, yen dadi nyengit anake, mulane kalamun sahwat yen ngentut den pocota, lamun entut uwis metu, nggal nuli balekena.

  27. Mula aja akaresmin, yen durung resik kang badan, tangi turu banjur nyemplo, nora nganti mring pakiwan, yen dadi tan prayoga, larene warnine kethuh, caroba ala kang warna.

  28. Lawan ana peling maning, kalamun mentas amangan, aja sok banjur karesmen, yen durung medhun kang sega, ala maring sarisa, anduweni lara watuk, punika kang wus kalakyan.

  29. Dene ta gampanganeki, kalamun mentas mamangan, maksih karasa warege, aja wani-wani sahwat, yen weteng durung lega kalamun dreng karepipun, teka betahna sadhela.

  30. Gathak Gathuk duk miyarsi, gumuyu alatah-latah, kapingkel atos wetenge, tahadyan mesem kewala, Dhatuk Bahni lingira, kacung niku pancen saru, apan (ng)gunem calemetdan.

  31. Rahadyan ngandika aris, punika langkung prayoga, wantah datan mawi tedheng, dados gampil linampahan, suwasi linajengna, rehning ing ngagesang tamtu, Ki Dhatuk (n)dheku turira.

  32. Utami bilih nyingkiri, naas Nabi wulan Wura, tanggal kapng triwelase, punika nalikanira, Nabi Brahin binakar, kaping tiga wulan Mulud, tinurunken Nabi Adam.

  33. Nembelas Rabingulakir, Nabi Yusup nalikanya, linebetaken sumure, Jmadilawal ping gangsal, Nabi Nuh nalikanya, kinelm ing jagadipun, ping salikur wulan Siyam.

  34. Kalamolah Musa Nabi, kala kalebeng samodra, Sela kaping pitulikure, Nabi Yunus nalikanya, inguntal ulam lodam, Besar ping salawe nuju, Jeng Nabi kakashing Hyang.

  35. Muhkamad ingkan sinelir, kunrutug sela wong kopar, rentah kakalih wajane, dene kang kikrik ing petang, saben wulan kewala, asal tanggalnya panuju, kaping tiga kaping gansal.

  36. Triwelas nembelas tuwin, salikur patlikur lawan, tanggalipun ping salawe, sami cinegah sadaya, kalawan sangar wulang, sataun pinara catur, Pasa Sawal Dulkaidah.

  37. Jumungah sangaraneki, Besar Sura lawan Sapar, Saput Akad sangarane, Mulud Rabinulakir myang, wulan Jumadilawal Senen Slasa sangaripun, Madilakir Rejeb Ruwah.

  38. Sangaripun Rebu kemis, Rahadyan aris ngandika, kathah temen petange yen makaten kedah tamban, datan kenging dinadak, o bagus (ng)gih-enggihipun, kendel dennira raosan.

  39. (n)Dungkap wanci pajar gibid, samya ngambil toya kadas, nulya prelu wektu Suboh, paragat dennira wekdal, rahadyan ngaraspada, dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu, asung kakanthining gesang.

Tidak ada komentar: