07 Juli 2008

24. MASKUMAMBANG


  1. Lah ta Gathak sira umentara aglis, maring padhusunan, katemua kanca bumi, angilenena dawegan.

  2. Wus umentar (n)jujug wismane patinggi, gupuh ingacaran, lah panten karsa punapi, kula yun ngileni degan.

  3. Anak kula kalantih neng suku wukir, ki patinggi lingnya, boten susah angileni, nulya ngambil kang dawegan.

  4. Patang iji sampun pinarasan sami, lah panten sumangga, kula bektane pribadi, kerit lapahira Gathak.

  5. Prapteng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi, Jengresmi ngandika, kaki sun tanya sirek, wisma miwah kang sinambat.

  6. Nama karan dhusun kang kula enggeni, punika padhangan, katelah sami mastani, dhateng kula kaki Padhang.

  7. Sumapala kamipurun, ingkang abdi, ngaturi sugata, lumayan jampi kelantih, saceret wening dawegan.

  8. Iya kaki banget panarimamami, pasihanta mring wang, Allah ingkang ngudaneni, ing sakaletheking manah.

  9. Radyan ngunjuk ing wening nyu sawatawis, telesing gorokan, karaos nikmat ing dhiri, ngandika alkamdulillah.

  10. Linorotken marang santrinya kakalih, we-nyu papat bebas, dawegan gya den klothoki, ngalih sewang samya telas.

  11. Radyan angling kaki ingsun minta uning, mau ingsun ngambah, padhukuhan suku ardi, myat balung keh ageng panjang.

  12. Nulya manjat malih mring pucaking wukir, anon patilasan, kidul ana reca siji, mangku kadya palanangan.

  13. Mudhun maring ngereng-ereng uning malih, balung gedhe dawa, ngungkuli kang mau kaki, kadiparan critanira.

  14. Kaki Padhang tumenga matur sang pekik, dongenipun kina sukunipun Pandhan wukir, dusun Kadhaton namanya.

  15. Kala jaman purwa kadhaton raseksi, Sang Prabu Arimba, rikala amangun jurit, mengsah panenggak pandhawa.

  16. Arya sena ingkang unggul ing ngajurit, raksasa keh pejah punika bablungneki, Sang Prabu yaksa Arimba.

  17. Pejahipun aneng ngereng-ereng wukir, ing Gabiralaya, ingkang paduka tingali, anglangkung ageng panjang.

  18. Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi, lepen alit ingkang ngidul ilinireki, winastan lepen Jeroang*).

  19. Sri Arimba sasampune angemasi, pancanak mangsah, ing wadhuk Jeroan mijil, binucal lepen punika.

  20. Pan katelah namane prapta ing mangkin, ing lepen Jeroan, pratapan sapucak wukir, ingaran Gambiralaya.

  21. Duk rumiyin wonten putri amartapi, warna ayu endah, nami Dewi Gendrasari, wus medal istijratira.

  22. Wonten tiyang jaler asru mangunteki, anama Ki Drepa yun mangangkah mring sang putri, duk ayun mangkat prasetya.

  23. Yen tinampik amalipun denicali, wasana sang retna, lumuh dhateng Drepa kaki, planangan gya pinagas.

  24. Bali lenggah ki Drepa nulya ngmasi, nanging dados sela, lestantun ngantos sapriki, dora lerese sumangga.

  25. Gathak (n)jawil lah Ki Drepa iku sigit, netepi prasetya boten kaya wong sakiniki, setyane lamis kewala.

  26. Raden Jayengremsi angandika angandika aris, kaki pasihanta, sanget panarima mami, kaki kantuna raharja.

  27. Ingsun nutugake tumindaking sikil, (n)dheku Kaki Padhang, rahadyan tandya lumaris, tan pisah ki Gathuk Gathak.

  28. Ngaler ngilen prapta ing Bojanagari, myat kukus magnampak, rahadyan nyulya nyelaki, kang murub warni balumbang.

  29. Pinecakan kawan likur wiyarneki, dene panjangira, tigang dasa langkung kalih, elbete sahasta wrata.

  30. Tanpa toya dangu dennira ningali, nahan tan pantara, murub lir wisma kabesmi, latu sumundhul ing mega.

  31. Isthanira kadya ngurmati kang prapti, Gathuk Gathak waswas, giris maras miris tistis, tyas lir tatas anaratas.

  32. Kepalane dhusun Dhandher gupuh prapti, mariksa pawaka, kagyat anon janma katri, pinarak tepi balumbang.

  33. Nglocciteng tyas aneh teman uwong iki, yen dudu trah tama, mangsa waniya nyelaki, ing balumbang Pakayangan.

  34. Ki patinggi anyaketi ing sang pekik, rahadyan tetanya, baya sireku kang (n)jagi, balumbang isi dahana.

  35. Palang matur leres timbalan sang pekik, mila gupuh amba, mariksa balumbang api, awit dadya panengeran.

  36. Lamun murub delajat kathah sesakit, dhusun ingkang celak, kang uning urubing agni, apes lir mendem pocungan.


*) Prayoginipun Jeroan kadosdene ing pada 19 lan 20

Tidak ada komentar: