03 Juli 2008

22. MIJIL


  1. Paragating Ngisa lawan Mahrib, pitekur sang anom, ngluhuraken asmane Sang Angreh, Gathak Gathuk wus dangu agulingna, swara kapyarsi, lir mriyem jumegur.

  2. Lir kalindhon bumi gonjang-ganjing, Gathak Gathuk mbengok, gurawalan ngarukert rahadyan, saya rame swara kapiyarsi, sireping swareki, Gathak Gathuk ngantuk

  3. Tan pantara rahadyan udani, wanodya kinaot, makidhupuh lingguh ing ngarsane, mangenjali matur nora krami, dhuh risang linuwih, ruwaten pukulun.

  4. Ing munajat satuhu karya gring, marang wadyaningong, radyan mesem aris ngandikane, bbo rara sapa kang wawangi, lan wismanta ngende, de prapta ngarsengsun.

  5. Kawruhana sang luhun wakmami, nguni putri katong, Brawijaya pungkasan pamase, kang mandhireng kraton Majapait, rusaking nagari, salin srengat Rosul.

  6. Ulun datan kaduga nglakoni, ing agama kaot, banjur maring wana Bagor kene, atatruka karsaning Hyang Widdhi, kinen angratoni, sagungin lelembut.

  7. Ingkang manggen neng Bagor wanadri, de kekasih ingong, Jeng Ratu Mas Trangganawulane, sendhang iki apan sunarani, Sugihwaras nenggih pasiramaningsun.

  8. Amung saben ari Sukra Manis, (ng)goningsun lalangon, sapa wonge kang mantep atine, yun kateme marang jeneng mami, saranane mawi, tirakat sadalu.

  9. Ing maleme ari Sukra Manis, pasthi ingsun rawoh, sarta asung apa sasedyane, ing samurwat sarta bener becik, mriyem ingkang muni, saben ratri iku.

  10. Pratandhane karaton arja-di, mupus ing tyasingong, bawa uwus ginaris papasthen, takdiring Hyang tan kena wah gingsir, rasengsun sdarmi, sumarah sakayun.

  11. Paran karsa sira prapteng ngriki, jarwaa sayektos, Jayengresmi alon andikane, angulati kadangong kang anis, jalu lawan estri, wus lawas tan pangguh.

  12. Jeng Ratu Mas aturira aris, babo sang kinaot, den-narima pandurung mangsane, tembe panggih yen rahaden uwis, kaukum ing nagri, linabuh ing laut.

  13. Neng Tunjungbang kono (ng)gonne dadi, banjur atatemon aywa kemba lakunira raden, nyanyaloni dadining ngaluwih, raden Jayengresmi, ana maremipun.

  14. Lah Ratu Mas buron apa iki, kang padha mathangkrong, aneng epan tan kato raine, kaya munyuk buntute tak keksi, Ratu Mas lingnya ris, tukang arannipun

  15. Heh Ratu Mas sapa kang sung uning, ing satekaningong, Sri Trengganawulan lon ature, peksi dhandhang sung ngalamat muni, kena dentiteni, kandhane wong sepuh.

  16. Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.

  17. Yeku becik ing alamatneki, barang karya dados, lamun ana dhandhang munya mangke, saka kidul bener prenahneki, ngalamate rejeki, ingkang karsa rawuh.

  18. Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.

  19. Ngalamate apan arsa rabi, yen sangking lor kulon, dhandhang muni ala ngalamate, apan arsa kageringan ati, den angati-ati, awas lawan emut.

  20. Atobata maring ing Hyang Widdhi, poma dikalakon, dhandhang muni lor bener sangkane, yeku ala ngalamatireki, yekti arsa manggih, kawirangan agung.

  21. Yen amuni ing lor wetan sangking, ngalamate tan awon, yun katemu ing prasanakane, miwah kadang ingkang wisma tebih, lamun dhandhang muni, mencok wuwungipun.

  22. Ing wismane kang nginggil pribadi, swaranira alot, yun katekan susah ngalamate, tamat ngalamate dhandhang muni, gurune wismeki, ngendi sangkanipun.

  23. Wangsiting Hyang lamun prenjak muni, iku den waspaos, kang ngalami becik lan alane, wus pinasthi carita ing nguni, semune kang peksi, prenjak uninipun.

  24. Lamun ana peksi prenjak muni, sareng sakaloron, aneng kidul ing wisma prenahe, ngantya dangu pan ngalamatneki, tamuwan priyayi, becik sedyanipun.

  25. Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah neng kulon, pantinira ala ngalamate, guru prapta karsane sung wangsit, sadhiyaa nuli, kang suci kang patut.

  26. Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah aneng lor, pantinira becik ngalamate, arep ana tetamu kang prapti, sedyanya tan becik, ngajak tukar padu.

  27. Lamun ana peksi prenjak muni, wetan panti mangko, mencok payon kandhang gedhogane, nglamat ala yun kabesmen yekti, den angati-ati, ywa lena ing kalbu.

  28. Peksi prenjak munya angideri, wisma tepung golong, pan prayoga iku ngalamate, bakal antuk donya ingkang suci. myang arta kalali, mujia Hyang Agung.

  29. Titi tamat ngalamating peksi, kang becik kang awon, iku ingkang ingsunestokake, bener luput karsanging Hyang Widdhi, ingsung darma manggih, ing kaol rumuhun.

  30. Raden Jayengresmi ngandika ris, sang ratu kinaot, buron apa kang na paedahe, jeng Ratu aturira aris, sato tukang adi, mengko ingsun tutur.

  31. Murweng satu muka kang linuwih, tukang winiraos, iku akung sawabe adene, wus mutamat para nabi wali, miwah para mukmin, poma denlestantun.

  32. Den agemi aywa ge denwadi, yen tan tunggal batos, tukang iku pinetta serahe, salehena bun-embunanneki, panganggone nenggih, lamun ana mungsuh.

  33. Datan tedhas ing sanjata dening, uteke denuwor, barang lenga dene panganggone, ana gawe cinampur ing dhiri, watek teguh nenggih, luput senjateku.

  34. Lambe ilat den (ng)ngo jimat nenggih, kalis gelap reko, apan siung kalawan kukune, pan kinarya ngukur janma guling, insa Allah mati, nenggih wong puniku.

  35. Utawa denkosokaken janmi, dadi kaku kang wong, den (ng)go sipat nenggih gegetiye, barang ingkang aningali asih, lamun denwor warih, nenggih banyu susu.

  36. Nuli denusapaken ing kendhil, ujare pawartos,d atan mateng nenggih liwatane, wulunipun densebar ing panti, paedhake malih, durjana tan weruh.

  37. Anadene wewudelireki, den (nggo)g tampa kang wong, lara busung kang tengen matane, denwor lawan getih serut nengih lan luke wong nangis, den (ng)go sipat iku.

  38. Insa Allah wong liyan ningali, pasthi datan weroh, lamun lungan pan denusapake, daka omah paedahe nenggih, tan keneng denambil, duweke wong iku.

  39. Mata kiwa denwor lan kasturi, miwah kapur-baros, apan den (ng)go nenggih sa Allahe, denkasihi wong lanan wong estri, wus titi nikmati, sato muka lutung.

  40. Ana maning sarah ingkang paksi, platukbawang kaot, luwih akeh tinimbang tukange, wulu daging galungneki, kabeh mupangating, kanthi pedah luhung.

Tidak ada komentar: