24 Juli 2008

35. DHANDHANGGULA (3)


  1. Malem slasa ing waktu Mahribi, lintang Mirah seren wektu Ngisa, trengganan Samsu tampine, sirep janma kang lungguh, lintang Juhrah tengahing ratri, Ngatarit ingkang lenggah, lingsir wenginipun, tinampen ing lintang Kamar, bangun enjing lingant Juhkal kang nampeni, Subuh lintang Mustarnya.

  2. Slasa enjang Mirah ingkang tampi, rame pasar Samsu ingkang lenggah, bar psar Juhrah tampine, bedhug tinampen gupuh ing Ngatarit Luhur tinampi, Kamar kang tarangganan, Ngasri Juhkal lungguh, sontene tinampenan, taranggono Mustari pot wektu Mahrib, jangkep kasapta lintang.

  3. Malem Rebo ing waktu Mahribi, lintang Ngatarit pot wektu Ngisa, tinampen Kamar lintange, wanci sirep jalmeku, lintang Juhkal ingkang nampeni, tengah ratri tranggana, Mustari kang lungguh, lingsir dalu tinampenan, lintang Mirah bangun sampun kang nampeni, ing wektu Subuh Juhrah

  4. Rebo enjing Ngatarit kang tampi, rame pasar tinampen ing Kamar, bar pasar Juhkal tampine, bedhug nulya sinambut, ing Mustari Luhur tinampi, lintang Mirah punika, wektu Ngasaripun, trenggana Samsu lenggah, wanci sonten ing Juhrah kang nampeni, jangkep lintang kasapta.

  5. Malem Kemis ing wektu Mahribi, taranggana Mustari praptanya, Ngisa tinampenan Mireh, sirep ing janma Samsu, tengah ratri ingkang nampeni, kanang tranggana Juhrah, seren lingsir dalu, tinampen Ngatarit lintang, bangun enjing lintang Kamar ingkang tampi, ing wektu Subuh Juhkal.

  6. Kemis enjing Mustari kang tampi, rame pasar lintang Mirah lenggah, bar pasar Samsu tampine, Ngatarit inggkan lenggah, seren Ngasri wektu, tinampenan lintang Kamar, wanci sonten lintang Juhkal ingkang tampi, jangkep kasapta lintang.

  7. Malem Jumngah ing wektu Mahribi, lintang Juhrah ingkang apilenggah, ing waktu Ngisa epote, tinampen Nataritu, sirep janma Kamar nampeni, tengah ratrinya Juhkal, lingsir ratrinipun, lintang Mustari punika, bangun enjing lintang Mirah kang nampeni, Subuh Samsu tranggana.

  8. Jumngah enjing Juhrah tampi, rame pasar Ngatarit kang lenggah, lebar pasar Kamar Manggen, bedhug ginantyan gupuh, lingan Juhkal ingkang nyiteni, Luhur gya tinampenan Mustari sitengsu, wektu Ngasri tinamenan, lintang Mirah sontene Samsu kang tampi, jangkep lintang kasapta.

  9. Malem Saptu Mahribi Ngatarit, wektu Ngisa tinampen ing Kamar, sirep janma gya tinampen, lintang Juhkal potipun, tengah ratri ingkang nampeni, Mustari taranggana, epot lingsir dalu, tinampen Mirah Tranggana, bangun enjing lintang Samsu kan nampeni, Subuh pan lintan Juhrah.

  10. Saptu enjing lintang Juhkal tampi, rame pasar Mustari kang lenggah, lebar pasar lintan Mirah, bedhug tinampen Samsu, wektu luhur Juhrah nampeni, pot Ngasri tinampenan, Ngatarit sitengsu, sontene tinampen Kamar, titi sampung lampahing lintang saptari, dalu praptaning siyang.

  11. Kang minangka naasing lintang dwi, (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal, ngagesang winenangake, setiyar mrih rahayu, yen wus atut eanganeki, gya sumendhe ing Susksma, widadaning kayun, amung, amung aywa kinekahan, pepetangan tan saged ngewahken takdir, siningkura kainan.

  12. Kaol saking pawon mitra mami, brahmanandi ing Ngata-maruta, tiyang badhe gadhah rate, utawi jama ayun, prapteng janji ing wancineki, laire kanang jabang, pecate nyaweku, wawaton ari sapta, siayan dalu punika sami binagi, kalih welas gathita.

  13. Wiwit purnamaning Sanghyang Rawi, gathita nem sapta astha nawa, sadasa sawlas tengange, kalihwlas inggih bedhug, gya gathita satunggil kalih, tiga sakawan gangsal, wangsul nenem surup, lajeng etang kadi siyang, dados namung wonten kalih welas wanci, kalamun ari Akad.

  14. Gathita nem sapta sawlas tuwin, tabul satunggal kalawan gangsal, Senen astha sadasane, satunggal tripanceku, Slasa sapta sadasa tuwin, tenggane kalihwelas, kalih gangsalipun, Rebo sapta nawa sawlas, kalih catur Kemis astha sawlas tuwin satunggal tri sakawan.

  15. Jumhan astha sadasa tanapi, kalih welas tiga myang sakawan. Saptu sapta myang nawane, dwidwlas kalih catur, bilih wonten tiyang nyakiti, utawi tyang sakarat, ri Akad tartamtu, lair utawi papatya, gathita nem sapta sawelas satunggil, gangsal salah satunggal.

  16. Raden Jeyengresmi matur aris, kathah temen ing parincenira, mrih widada rahajane, utami dipun enut, tan kainan basanireki, wonten kaol mupakat, punapa saestu, yen badhe karya pemahan, tuwin griya saka usuk denukuri, penet awoning petang.

  17. Leres wonten manawi akardi, ing pamahan dipun estokena, yen (ng)garap pater sitine, cengkali dhepanipun, inggih ingkang adarbe panti, kalamun awiwita, ler kilen mangidul, winicala saking dhepa, wilangannya bumi karta kala kali, kaarah dhawah karta.

  18. Yen mangetan kadhawahna bumi, bilih damel ingkang bubutulan, ambeneraken kalane, myang wiyar ciyutipun, ing pamahan sukaning galih, dene jroning plataran, yen mangaleripun, anotog pager ukurnya, samurdane kang darbe wisma pribadi, tingkahe wismanira.

  19. Den agathuk pager aja lali, yen kekelir sakilening wisma, kang tengen iku lakune, teka ing wismanipun, gathukena ing pager (n)jawi, kang wetan bau kiwa, saking wismanipun, den-gathuk lan wismanira, lolongkange pandhapa, tepusen aglis, lawan pacakanira.

  20. Gedhuging wisma lawan pandhapa, mandhapa iku kalawan lodra, tepusing talapakane, kalih mandhapanipun, lawan lodra yen karya kori, pager tarab cengkalnya, mara-sanganipun, poma sampun asembrana, ing pitedah prayogi aywa kawuri, yen pareng begjanira.

Tidak ada komentar: