05 Agustus 2008

39. DURMA


  1. Lawan malih raden sira kawruhana, pan ana kawruh malih, crita Wringin-sungsang, wajibe kawruhana, anggiten dipun sayekti, sajroning mana, lan angger ngong jarwani.

  2. Wringin-sungsang wayahira tumaruna, luhur tan ngawruhi, panjere satunggal, tambenipun sekawan, pupusipun mung sawiji, pange sakawan, wohe retno-di luwih

  3. Kulitira kang wringin kancana mulya, daging kumala adi, otote sosotya, babalunge kalpika, sungsume motyara luwih, uwiting wreksa, iman wujud kang pasthi.

  4. Lan malihe kaki tengah kawruhana, lalima kathahneki, ingkang aneng tengah, aran peksi-dewata, anadene kang angapit, peksi sakawan, iku wajib ngawruhi.

  5. Poma-poma angger sira kawruhana, apa asalmu dhingin, iku kawruhana, asal sangking punapa, miwah benjing lamun mati, endi (ng)gonnira, lawan marganing pati.

  6. Lamun malihe raden sira kawruhana, wastane kang waringin, lan pancere pisan, lawan tambining ngepang, pupuse lang wohe ugi, apa arannya, wajib sira kawruhi.

  7. Lamun mati kang nyawa ngendi marganya, apa ta metu kuping, apan suker ika, apa ta metu netra, iku pasthi moler kaki, yen metu sirah, pasthi pecah kang reksi.

  8. Lamun metu ing embun-embunan radyan, kang pasthi bolong kaki, lamun metu grana, yektine jember uga, lamun metu cangkem najis, lan ngendi baya, margane lamun mati.

  9. Lamun metu ing jubur langkung najis ya, yen metu puser ugi, pasti bojot ika, lah ngendi ingkang marga, lamun ing wulu kang margi, lah iku mokal, marga kalangkung rungsit.

  10. Lah ta raden angger sira tetakona, liyane marang mami, kabeh takokena, purwa madya wasana, takokna dipun patitis, asraha badan, ngaturna pati urip.

  11. Lamun mati apa ta ana ngakerat, prenahe kerat ngendi, takokna den angsal, aja angayawara, dipun weruh ing sajati, basa ngakerat, enggon wong agung sisip.

  12. Anadene enggone wong kang sampurna, tan doyan tan ing ngakir, aneng Darussalam, enggon wong agung mulya, iku gurokna sayekti, ing Darussalam, iku suwargi ening.

  13. Tegesipun kang Darussalam punika, wujud mukal kang pasthi, iku gurekena kang aran wujud mukal, yen tan weruha sayekti, angur si kopar, karuwan mati garing.

  14. Lat ta iku raden sira gurokena, lah poma dipun olih, kalamun oleha, ing guru kang wawarah, silema ironing jaladri, upama nira, ywa toleh anak rabi.

  15. Yen pepeka ing wejang guru kang pasal, temahan mati kapir nuli labuhana, sejange gurunira, labuhan kawan prakawis, aywa kawuntar, tapa kawan prakawis.

Tidak ada komentar: